PACITANPOST
News Update
Loading...

Kamis, 19 Mei 2022

GARA GARA TOLAK UAS .SINGAPURA DIKUYO KUYO NITIZEN.

GARA GARA TOLAK UAS .SINGAPURA DIKUYO KUYO NITIZEN.


Pacitan post.19.05.022.
Gara gara tolak ustad Abdul Somad Batubara , iki dina negara Singapura dibully entek entek'an nitizen Indonesia.

Negara singapura sing jembare separo kota pacitan mungkin  ora ngira babar blas yen bakal ngrasakne bullyan sangar nitizen indonesia sing terkenal ora tedeng aling aling.

Nitizen omong singapura negeri pelingdung koruptor , singapura antek Israil , Singapura islamobia, Dubes arep diusir lan  hujatan werna werna liyane,klebu arep didemo P12.

Sing miris , nitizen wis mulai ngajak warga ( utamane umat islam)  boikot lunga menyang singapura , timbang duit dilebar nggo mlaku mlaku menyang singapur , mending ngggo infak masjid , jare nitizen Indonesia sewot 

Perlu dimangerteni, UAS , bojo  lan konco koncone arep lungo nyang singapur sekedar mlaku mlaku / vacancy.

Ustad Abdul Somad budal saka Batam numpak prahu  pinuju pelabuhan  tanah merah singapura , tapi sayang ! Lagi medun saka prahu UAS diintrograsi macem macem sing ora jelas.

Urung nganti bar ale investigasi petugas imigrasi , buru buru UAS lan rombongan dibalekne menyang Indonesia (  srana) numpak prahu maneh menyang Batam.

Esuk'e kabar UAS ditolak mlebu singapura rame dibahas secara nasional , sing paling parah ( ulah buzzer buzzer pengemis) sing seolah olah justru bela keputusan Singapur.

Iso ditebak '  akhire Rakyat Indonesia terbelah nanggapi penolakan UAS , enek sing pro lan sing kontra ,   kata kata kadrun lan cebong pun muncul.

Singapura sing sak durunge entuk berbagai pujian rakyat Indonesia, saiki gara gara UAS , kredibilitas negara mini Singapura diodel odel borok 'e nyang rakyat indonesia, khususe umat islam Indonesia pecinta UAS....( Gustik)
Timbang duit dilebar nggo dolan dolan sing ora migunani mending nggo madang lawuh Bebek gustik sing rasane nikmat sak donyo





Rabu, 18 Mei 2022

ANCAMAN TURMUDI TERBUKTI AMPUH ATASI KARCIS BOCOR...

ANCAMAN TURMUDI TERBUKTI AMPUH ATASI KARCIS BOCOR...

Kepala Dinas Pariwisata Turmudi ancam pelaku kebocoran karcis wisata.

Pacitan Post.18.05.022.
Ancaman kepala Dinas Pariwisata sing anyar Turmudi  ,, terkait ,,dugaan kebocoran karcis saben musim liburan terbukti ampuh.

Sak durunge lebaran pancen Turmudi wanti wanti karo petugas lokasi Wisata ojo nganti ana istilah  ,, panen ,, ngentit duit karcis wisatawan , sebab ngentit duit karcisan podo karo korupsi sing iso dipidana.

Turmudi  ora ragu  sopo wae sing ketahuan ngentit  duit karcisan bakal dilaporke penegak hukum , jare Turmudi wektu ditemoni ning kantore sak durunge lebaran.

Alhamdulillah pendapatan Retribusi libur lebaran tahun 2022 iki meningkat tajam sesui target Dinas Pariwisata , disamping pengunjung meningkat drastis,  secara  administrasi pengelolaan Tempat wisata wis ketok rapih , ora koyo biasane.

Mantan kepala LPSE Pemkab Pacitan iku ngaku bangga instruksine di turuti anak buahe utamane petugas lapangan lokasi wisata , wis marem aku cah cah wis ana perubahan sikap terkait pengelolaan pendapatan retribusi wisata.Saiki iso diarani luwih rapi ,luwih transparan lan luwih produktif.

Perlu dimangerteni , dugaan kebocoran retribusi tempat wisata Pacitan wis dadi rerasan umum , bahkan dugaan kebocoran pendapatan Retribusi Tempat Wisata ana Pacitan  sak durunge pandemi pernah disoal DPRD.

Wektu kui  Rudi Hartoyo saka Komisi IV Terang terangan njaluk marang Bupati Pacitan iso atasi dugaan bocore retribusi kabeh Tempat Wisata , tulung pak Bupati bab iki  pancen ora ketok ujud'e ning krasa ambune , jare Kader Hanura wektu kui.

Usul Rudi Hartoyo ora let suwe, direspon Bupati  , salah sijining tempat wisata ditukokne CCTV sing iso dipantau saka Hp ne Kadis Pariwisata bahkan hp ne Bupati.
Harapane kanggo ngurangi karcis bocor .

Sayang Turmudi ora bloko , tahun iki pirang persen kenaikan pendapatan retribusi lokasi wisata dibanding 3 tahun kepungkur sak durunge pandemi.

Turmudi muk njawab pokoke meningkat , aku lali jumlahe piro piro , sik tak tekokne bocah bocah , ditunggu sawetoro wektu wartawan urung entuk kabar mergo hapene Turmudi mati alias tulalit...( Gustik)







Jumat, 13 Mei 2022

IJIN  MINI MARKET PACITAN LOLOS KPK ?

IJIN MINI MARKET PACITAN LOLOS KPK ?


PacitanPost, 14.05.022.
Gara gara penerbit ijin prinsip  mini Market kota Ambon dicokok KPK ,  ( klebu ) Walikota Ambon Richard Leohupency sing saiki ditahan KPK diperkirakan ora suwe bakal mrembet nyang daerah liyo , klebu Pacitan.

Nek didelok saka fakta lapangan, ijin Prinsip Mini Market ana Pacitan klebu ugal ugalan , bayangno !  Ibarat saben jangkah toko/ mini market Pacitan  enek,  bahkan enek sing ngadeg ana  arep pasar tradisional Arjowinangun .

Didelok saka  fakta lapangan , pejabat Pacitan jaman ndisik klebu Pejabat sing iso diarani pejabat sing ora duwe ati lan kawelasan karo pedagang  cilik , mini market pating tlecek ngadeg ana sudut sudut kota Pacitan.

Sing pasti ! Ijin prinsip mini market ana daerah ambon terjadi suap menyuap sing nglibatkne Wali Kota, pegawai Mini Market lan pejabat liyane kota Ambon.
Duit sing terkumpul berkisar 500 jt  kanggo penerbitan ijin prinsip 20 gerai mini market ( 25 jt / satu ijin  mini market).

Soal ning Pacitan enek suap menyuap terkait penerbitan ijin Mini Market, kui pinter pintere aparat penegak hukum , aku mendukung pacitan di selidiki , jare Pait pedagang  tradisional Pasar Arjowinangun.

Jane kawit ndisik aku wis protes, tapi kepiye maneh , wong tuaku duwe toko klontong, engko gek dikiro wedi saingan, jare Bibit .

Bibit paham  , dunia usaha bebas tapi kudu diatur jarak'e  ojo mepet mepet antara siji lan sijine ,  dadi ora terkesan waralaba sekelas nasional iku arep mateni pedagang cilik , iki saben rong jangkah mini market ...repot nek ngene'....( Gustik)




Kamis, 28 April 2022

KAWAL PEMUDIK LEBARAN PU JATIM SIAPKAN ALAT BERAT DI PACITAN.

KAWAL PEMUDIK LEBARAN PU JATIM SIAPKAN ALAT BERAT DI PACITAN.

   M..Akil mewakili Kepala UPT PU Jatim di
Pacitan 

Pacitan Ppos.29.04.022.
Untuk antisipasi Pemudik Lebaran di Pacitan yang diperkirakan meningkat dari tahun sebelumnya ,  PU Jawa Timur UPT Pacitan siapkan beberapa alat berat di beberapa titik Jalur Pacitan Ponorogo.

Menurut  M.Akil yang mewakili kepala UPT Pengelolaan Jalan dan Jembatan Pacitan Mariyanto ST MM, bahwa alat alat berat tersebut di parkir di jalur Pacitan Bandar dan satu lagi di parkir di Tegalombo Pacitan dengan maksud untuk antisipasi tanah longsor di sepanjang jalur  tersebut.

Lebih jauh Akil mengatakan , sebenarnya alat alat berat tersebut baik itu lebaran atau tidak  jika musim hujan selalu stanby di lokasi rawan longsor , ujar Pria asli Trenggalek ini,

Terkait koordinasi dengan Pemkab , Pria penggemar bebek tersebut mengaku sudah koordinasi dengan berbagai instansi yang ada si Pacitan baik itu Polres Dinas PU Pacitan,Satpol PP dan Kodim 0801 Pacitan , mudah mudahan lancar imbuhnya.

Sementara itu , Ketua komisi IV DPRD Pacitan Pujo Setyo Hadi memberikan apresiasi kepada UPT Pengelolaan Jalan dan Jembatan di Pacitan atas segala bentuk kesiapan alat alat berat dan personnel dalam mengantisipasi kemungkinan tanah longsor di beberapa lokasi , mudah mudahan tidak ada bencana ditengah umat muslim merayakan lebaran disini , ungkap Pujo di Gedung DPRD  Pacitan kemarin ( gustik)


Rabu, 27 April 2022

JUTAAN . INGKUNG...!  IRINGI KATAMAN QUR'AN SABEN MASJID...

JUTAAN . INGKUNG...! IRINGI KATAMAN QUR'AN SABEN MASJID...

Tradisi sodaqah ingkung warnai kataman Qur'an santri santri Masjid Al Hidayah Kedawung Mentoro Pacitan.

Pacitan, 26.04.022.
Nek digunggung kabeh mungkin , jutaan ingkung sak indonesia  ngiringi tradisi kataman Qur'an saben mejid ning Indonesia.

Tradisi sodaqah sing digagas para Wali lan kiai nganti abad 21 isih diuri uri para santri , utamane santri santri tanah jawa.

Sekalipun ning tuntunan soal ,, ingkungan ,,  saben kataman qur'an  ora enek aturane  , tapi tradisi sadaqah dianjurkan marang agama islam.

Kanggo sing katam ngaji , ingkungan merupakan bentuk  tasyakuran marang gusti Allah merga wis diparingi ilmu iso ngaji tutuk  30 juz.

Miturut H.Prayitno  , sing paling penting nek wis bar katam Qur'an  kudu ngerti opo sing diwoco / dipelajari sakjrone kitab suci banjur diamalke saben dinane',ojo mung katam tok , jare H.Prayitno sing bengi kui menehi ceramah bab Nuzulul Qur'an ana Masjid Al Hidayah Mentoro.

Malah miturut Presiden Republik Indonesia ke 4 H.Abdurrahman Wahid ( Gusdur)  naliko isih sugeng pernah  ngomong ,, Tradisi Ingkungan sasi siam,, merupakan Tradisi Sodaqah paling fenomenal umat islam Indonesia sing perlu diconto umat islam dunia.

Ingkungan tradisi Positif sing perlu dilestarikan , entuk ilmu sing bermanfaat srana tutuk ngaji Qur'an , blajar bersyukur marang gusti kang akarya jagad srana sadaqah marang wong liyo.....( Gustik)

BEBEK GUSTIK MEMANG TIADA TARA LEZATNYA..HANYA ADA DI RESTO TIRTO WENING MENTORO...IKLAN MANEH...










Senin, 25 April 2022

KODIM 0801 PACITAN RUTIN BANGUN SILATURAHIM KARO AWAK MEDIA...

KODIM 0801 PACITAN RUTIN BANGUN SILATURAHIM KARO AWAK MEDIA...

           Letkol Kav Ibnu Khazima SiP.MSi 

Pacitan Ppos .25.04.022,
Kodim 0801 Pacitan dinilai Paling sering bangun komunikasi karo awak Media , sak ora orane setahun ping telu wartawan dijak kumpul bareng.

Model silaturahim kumpul bareng sing sering diterapne Kodim 0801 Pacitan terbukti ampuh kanggo menyerap aspirasi masyarakat Pacitan sing sumebar ambyar ana daerah daerah  pegunungan. 

Miturut Komandan Kodim 0801 Pacitan Letkol  Kav Ibnu Khazim SIp M.S.I , Insan Media merupakan mitra Kodim paling dibutuhke kanggo bantu tugas tugas Kodim menjaga stabilitas teritorial bangsa lewat berbagai informasi lan aspirasi masyarakat .

Pro lan kontra ditengah masyarakat hal biasa , mulo kui aku njaluk marang konco konco wartawan iso'o melu nglerem ,, misale ,, ana gejolak masyarakat , jare Dandim maeng awan  .

.        Letkol  Kav. Ibnu Khazim Sip M.S.i

Ana sekitar 44 awak media kumpul bareng ana Aula Kodim 0801 Pacitan sing lokasine persis  ngarep SMAN I Pacitan Cuwik Sidoharjo Pacitan.
.
Tio wartawan Inti Post sing didapuk makili Wartawan ana acara Silaturahim maeng awan ,ngucapne matur nuwun banget marang komandan Kodim 0801 Pacitan Ibu Khazim sing sering ngejak wartawan silaturahim / kumpul bareng ,, dalam rangka ,,  membangun sinergitas antar  TNI - Media demi Negara dan Bangsa,  Indonesia Maju ,Aman dan Sejahtera ( gustik)

bebek goreng gustik model sinjai satu satunya di Pacitan, nikmatnya sampai diperut he he iklan maneh..






Jumat, 22 April 2022

SAIKI ATI ATI MLEBU GROUP, AKEH NO HP PRIBADI  SING DISALAH GUNAKAN.

SAIKI ATI ATI MLEBU GROUP, AKEH NO HP PRIBADI SING DISALAH GUNAKAN.


Pacitan Ppos 21.04.022.
Gara gara kakehan Group , akhire  akeh no hp pribadi sing disrobot wong liyo kanggo tujuan kriminal.

Korbane wis mbuh mbuh akehe , kadang enek sing dienggo njaluk bantuan keuangan , enek sing dienggo mbobol bank , enek sing dienggo naksir cah wedok , enek sing dienggo nyolong pulsa  lan modus liyo liyane.

Koyo sing dialami ida, bocah asal Tulakan iki ngaku  NO HP tiba tiba dienggo wong liyo , dienggo njaluk bantuan duit nyang sedulure, untung sedulure waspada.

Mulo saking bahayane modus kriminal saka No Hp bajakan ( hack) masyarakat dihimbau ora usah kakean mlebu group sing ora pati jelas anggotane , salah salah data pribadi  iso dicolong wong liyo.

Himbauan iki disampaikan , Mahendrawan Kepala Dinas Komunikasi dan informasi ( Kominfo)  Kabupaten Pacitan , teknologi informasi sing semakin canggih lewat aplikasi HP  kadang  nek ora ati ati data pribadi sing ning njero hp disalah gunakan wong liyo , tegas mahendra.

Sementara korban no hp pribadi dibajak wong liyo  soyo suwe soyo akeh, masyarakat dihimbau ngati ati terkait penggunaan HP..,ojo kakean mlebu group sing ora jelas anggotane...( Gustik)








Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done