PACITANPOST
News Update
Loading...

Minggu, 05 Juni 2022

LULUK ATLIT PACITAN DIKIRIM NANG MEKSIKO MAKILI INDONESIA , BUPATI TERHARU...

LULUK ATLIT PACITAN DIKIRIM NANG MEKSIKO MAKILI INDONESIA , BUPATI TERHARU...


Pacitan Ppos, 06.05.022.
Luluk Diana Triwijaya , siswi klas 10 SMAN Punung , mau bengi Pamitan karo Bupati Pacitan merga arep budal menyang Meksiko makili Indonesia ana Kejuaraan Dunia Angkat Besi Remaja.

Luluk sing wis bola bali entuk medali emas Ana kejuaraan Nasional angkat besi ngadep Bupati didampingi Pelatih Samsuri, Wakil Ketua Koni Pacitan dr Djohan lan Penasehat koni H.Sugiharyanto.

Istimewane' , masiho ale' ngadep Rombongan Luluk  wis bengi , ananging Luluk ditampa langsung Bupati Pacitan  Indrata Nur Bayu Aji ana ruang kerja Bupati  ,  padahal biasane nek ngadep bengi ditampa muk ana Halking.

Bupati Pacitan lan Luluk ana ruang Dinas

Miturut Bupati Pacitan , Luluk sing Asli dusun Kalipucung Mendolo Kidul , wis bola bali gawe Kota Pacitan bangga , merga Prestasine  Luluk mendunia.

Aku salut , bangga  lan terharu !  engatase' bocah Pacitan  isih enom lan imut ditunjuk makili Indonesia ana  kejuaraan Dunia Angkat Besi , sopo jal ! sing  ora bangga , jare Bupati ambi mbrebes..

Bupati muk pesen , usahakno nyang Meksiko sesuk  ( mulih ) gawa Medali emas , ben  jeneng Indonesia lan Pacitan dadi kondang sak donyo.

H.Sugiharyanto,dr Djohan, Luluk lan Pelatih Angkat Besi Nasional Samsuri, ditampa Bupati Pacitan Indrata NBA 

Sementara Wakil Ketua koni Pacitan dr Djohan TP rumangsa yakin  Luluk ( Atlit Putri Angkat besi  Nasional ) sing rencana budal nyang Meksiko tanggal 17- 18 Juni bakal sabet Medali ,terlepas Medali Perunggu,Perak utawa Emas , tapi aku yakin entuk emas , jare Djohan optimis.

Harapan entuk Medali  ! uga disampekne Ketua Koni Lama H.Sugiharyanto sing saiki didapuk dadi Penasehat Koni ,, omong ,, aku nek cabang Angkat Besi yakin bakal entuk medali , merga Pembinaan Atlit  Angkat Besi kawit ndisik wis tumoto apik ,  opo maneh Luluk ditangani langsung Pelatih handal kaliber Nasional  (Samsuri ) sing uga Asli Punung Pacitan , wis pokok'e aku percoyo nek sing nglatih pak Sam...akeh entuk juarane' , jare' Sugiharyanto ditemoni Media ning omahe,'.

Raketang setitik , Bupati Pacitan menehi sangu marang Pelatih lan Luluk sing arep budal nyang Meksiko makili Indonesia.

Sementara Samsuri  Pegawai Kemenpora Jakarta , sing sekaligus Pelatih Angkat Besi Tingkat Nasional asli Pacitan ,, ngomong ,, yen Luluk bakal main ning klas 49 Kg .

Jare samsuri '  secara teknis , Luluk 100 % wis siap tanding ana kejuaran Dunia ana Meksiko tanggal 17- 18 Juni 2022 , klebu target Kejuaran Even PorprovJatim tanggal 26Juni 2022 .
Insya Allah !  ana Porprof  Jatim  Atlit Atlit angkat besi Pacitan iso nyabet 6 medali Emas.

Perlu dimangerteni , Gelaran Porprov Jatim tahun 2022 bakal dienekne ana kota Jember lan sekitare, konon Koni Pacitan pasang target entuk 15 medali Emas...( Gustik)

Bebek Gustik bukan Bebek Biasa , cocok untuk dinikmati para Atlit .










Selasa, 31 Mei 2022

IDI PACITAN SOLID , ORA PENGARUH IDI TANDINGAN.

IDI PACITAN SOLID , ORA PENGARUH IDI TANDINGAN.

IDI Pacitan ngenekne Bhakti sosial donor darah .

Pacitan 31.05.022.
Masiho Ikatan Dokter Indonesia ( IDI ) Pusat digoncang perpecahan , tapi IDI Pacitan sing jumlahe 129 dokter tetep solid .

Menurut Ketua IDI Pacitan dr  Azhar Nur Fathoni THT,  IDI tandingan sing saiki gawe jeneng PDSI  muk enek ning Pusat sementara ning daerah  koyo Pacitan ora / urung enek , Pacitan insya Allah aman jare dokter sing akrab diceluk Toni iki.

Terkait Hari Bhakti Dokter kaping 114 sing awan iki (31/05)  dipusatke ana kantor IDI Jl Kartini
No 2 Pacitan , Putra Kesayangan Pelangi Group iki ngomong  yen Hari Bhakti Dokter  tahun 2022  rutin ngenekne kegiatan  bakti sosial arupa Donor Darah , adum sembako lan  pelatihan edukasi Kesehatan ana salah sijining  sekolah Desar Pacitan , Alhamdulillah kabeh sukses , imbuh Tony .
dr.Tony  ning kantor IDI Pacitan Jl Kartini

IDI Pacitan uga  pesen marang warga Pacitan kabeh , senajan hibauan pak Presiden Joko Widodo wis oleh cupot masker  tapi IDI Pacitan  tetep nganjurke nganggo masker , merga sing jenenge virus iku ora ketok tekane' , virus opo wae ,jare Toni  sing sekaligus Owner Klinik Pelangi Husada Pacitan.

Sementara wakil Ketua IDI Pacitan  dokter Djohan  TP mendukung sikap ketua IDI Pacitan sing nganjurke masyarakat tetep nganggo masker , sebab budaya urip sehat iku ora muk pola mangan  lan cuci tangan , tapi tindakan prefentif mencegah virus / mengindari penyakit  menular iku uga luwih apik,  ungkap Djohan.

Disinggung hubungane IDI karo pemerintah Pacitan ,  Dokter sing uga Njabat Wakil Ketua Koni Pacitan iku ngomong yen selama iki mlaku apik , Pemkab Pacitan selalu dukung program program / kegiatan  IDI , klebu kegiatan Darma Bhakti Dokter Indonesia kaping 114 dina iki sing nglibatne masyarakat akeh.

Bupat Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , mengapresiasi kegiatan IDI Pacitan sing mengekne Bhakti Sosial Dokter kanggo kepentingan warga , sekalipun kabeh  srana  terbatas merga keadaan , tapi kegiatan mulia iku perlu dicontoh organiaasi liya....( Gustik)







Sabtu, 28 Mei 2022

MUHAMMADIYAH BANGUN KAMPUS 6 LT SENILAI 32 MILYAR NING DESA SEDENG PACITAN.

MUHAMMADIYAH BANGUN KAMPUS 6 LT SENILAI 32 MILYAR NING DESA SEDENG PACITAN.

Di Desa Sedeng akan dibangun Kampus Institut Studi Islam Muhammadiyah setinggi 6 LT senilai 32 Milyar..

Pacitan Ppos, 28.05.022.
Ora gemen gemen , PDM Muhammadiyah Pacitan mbangun Kampus Institut Study Islam Muhammadiyah ( ISIMU) senilai 32 Milyar .

Rencana Bangunan Kampus  ISIMU semi mirip kampus Muhammadiyah Malang sing duwure 6 lantai , lokasi ana desa Sedeng seluas 14.000 meter.
 
Sore iki maeng ( 28/05) Ground Breaking  ditekani Menko PMK Prof Muhajir Effendy disekseni Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , Ketua DPRD Pacitan Ronny Wahyono, Dandim Pacitan Letkol Kav Ibnu Khazim , Rektor UMM Malang lan rektor UMS  Surakarta , uga segenap unsur PDM Muhammadiyah Pacitan.

Bupati Indrata Nur Bayu Aji lan Ketua Dprd Pacitan Ronny Wahyono nyambut tekane Menko Muhajir 

 Inti sambutan Menko PMK Muhajir Effendi njaluk para Pengurus Muhammadiyah Pacitan lan instrumen liyane  cancut tali wondo mujudne Gedung sing ditunggu tunggu masyarakat Pacitan.

Sekalipun sebagian besar , biaya kampus ISIMU  Pacitan ( urunan /gotong royong ) saka kampus ksmpus Muhammadiyah ning njaba kutho ananging panitia lokal kudu upaya sing maksimal , nek perlu  Rektor ISIMU  lan  kabeh pengurus PDM Muhammadiyah Pacitan saben wengi shalat tahajud ,11 rekaat ning area kampus desa Sedeng iki , insya Allah niat tulus bangun kampus bakal diijabah Allah SWT , jare mantan Mendikbud iki.

Sing salut, mestine Menko PMK Muhajir sore iki langsung bali via Solo  ditunda  sare Pacitan , merga pingin ngerti detail rencana pembangunan Kampus ISIMU Pacitan, Pertemuan dilaksanaake' ana Gedung PDM  kulon Mejid gede'.

Sementara Bupati Pacitan , rumangsa mbegogok atine merga Pacitan bakal ngadeg Gedung Megah sing duwure 6 lantai , Tapi menurut Bupati sing paling penting putaran  perekonomian ana Pacitan berdampak apik , sak ora orane kos kos'an bakal rame , warung mangan tambah akeh ,, sing tentu ,, bakal mensejahterakan lingkungan desa sedeng lan sekitare.
.
Ronny Wahyono Ketua DPRD Pacitan , ugo rumongso salut marang upaya PDM Pacitan  mbangun kampus sing cukup megah , muga muga Siswa lulusan Pacitan nek kuliah keagamaan ora adoh adoh menyang luar kota , monggo diramekne Kampus ISIMU Pacitan , pinta Ronny menyang Wartawan Pacitan Post.

Bupati Pacitan dampingi Menko Muhajir Ground Breaking Kampus ISIMU Desa Sedeng Pacitan.




Jumat, 27 Mei 2022

Bale' Wartawan soyo Suwe' ...Soyo Ora Jelas !

Bale' Wartawan soyo Suwe' ...Soyo Ora Jelas !



Pacitan Ppos.29.05.022.
Rikala  PeringatanHari pers tahun 2021 sing dipusatne ana Pendopo Punung ,  Wartawan  sempat  njaluk panggon ( Ruangan ) raketang ciut ana sekitar pendopo Pemkab Pacitan , perlune nek enek liputan kegiatan  Bupati ana Pemkab gampang ale  koordinasi lan nyiapne pemberitaan .

Saat iku , penjaluk'e Wartawan langsung direspon positif marang Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji .

Krungu Bupati ngrespon apik , wartawan ale' seneng ora karu karuan , maklum 22 tahun wartawan jaluk Bale'  Wisma ora nate digembes marang Bupati sopo wae' sak durunge Indrata Nur Bayu Aji.
 
Sayang !  Janji Bupati Aji pun nganti dino iki ora enek kabul wusanane' , sempat Sekda Heru omong yen lagi miling miling panggonan sing cocok, tapi nganti seprene yo ora jelas.

Sakjane saat pergantian Kadinas kominfo sing saiki dicekel Bambang Mahendrawan ,insan Pers rada enek harapan , tapi ternyata Mahendrapun ora berkutik, ..blas ketepas malah ora nyender pisan.

Ndelok kabeh pejabat mlintar mlintir terkait penjaluk'e wartawan , iki dino Wartawan pasrah ,  arep diwenehi monggo ora monggo , ijik enek warunge mukidi. jare agus guya guyu..

Wartawan senior Grindulu FM  ( ASRI) sing sempat usul njaluk sekitar ULP , uga wis ora mikir bab Bale' Wartawan , toh sakjane iki kabeh kanggo keperluan Pemkab Pacitan dewe , wis mas rasah mikir Bale Wismo ritek saiki , malah muk ndadekne' pegel wae., Jare Asri ambek ngedumel.

Sementara Sekda Pacitan Heru Wiwoho , ngaku ijik golek panggon sing cocok , nanging urung nemu , ning endi yo kiro kiro , jare Sekda  saat ketemu ning ruang Kadinas kominfo.

Sabar sabar , aku yo jik blajar dadi kepala Dinas , jare Mahendra sing diangkat kadinas kominfo 2 sasi ngganteni Rahmat Dwiyanto sing seda seminggu sak bare dilantik kepala Perpus ..( gustik)










MEDIA BAHAGIA BANGET MITRA KARO KODIM 0801 PACITAN.

MEDIA BAHAGIA BANGET MITRA KARO KODIM 0801 PACITAN.

Kodim 0801 Pacitan halal bihalal karo Awak Media.

Pacitan Ppos 28.05.022.
Hubungan silatarahim  Kodim 0801 Pacitan  utamane 'dibawah kepemimpinan Let Kol Kav Ibnu Khazim  karo awak Media massa Pacitan isa  diararani istimewa banget.

Persasat saben wulan Komandan Kodim 0801 Let Kol Kav Ibnu Khazim  ngenekne silaturahim bareng  karo wartawan , masio bentuk silaturahim iku dikemas   sederhana , tapi  awak media atine wis mbegogok , seneng lan rumangsa diregani.

Mulai saka Peringatan Hari Pers, Halal Bihalal lan momen momen liyane , Kodim 0801 Pacitan rutin nyengkuyung acara acara ana duwur iku mau.

Letkol Kav Ibnu Khazim selaku komandan Kodim 0801 Pacitan memandang  kegiatan insan Pers  sing  saben dina kerja ora mengenal lelah , ndadekne Dandim sing terkenal imut iku maeng salut marang awak media Pacitan , carane wartawan diwenehi semangat srana ketemu langsung , ngopi lan ngobrol  bareng .

Informasi Media penting banget kanggo mbantu tugas tugas teritorial TNI ada daerah ,  corak geografi kaya Pacitan sing sebagian besar pegunungan , perlu kerja sama karo semua unsur , klebu media massa , jare Ibnu Khazim sing dinilai wartawan  ,, cocok ,,  dadi figur Kepala Daerah Pacitan masa depan.

Hubungan mesra antara Media karo Kodim, menurut Agus Hermawan saka  media Portal   patut ditiru lan diconto kabeh Dinas ana Pacitan ,, sing ,,  sementara iki ora  pati klik alias ora rumaket , seolah olah  lu.. lu.. gue.. gue , hayo jajal  nganti seprene' endi enek Dinas sing gelem ngajak halal bihalal wartawan ? rak ora enek...jare' agus sinambi guyon maton.

Acara Halal Bihalal Antara Kodim 0801 lan Awak Media Pacitan ditekani sekitar 43 wartawan  lan dilaksanaake'ana aula kodim 0801 Paciran Cuwik Pacitan.

Sambutan Dandim Pacitan Let Kol Kav Ibnu Khazim , cukup singkat , ringkas lan jelas ,, Wartawan merupakan aset perjuangan bangsa baik masa sekarang atau masa depan ,, 

Dandim janji , sewaktu waktu siap ngobrol bareng,tukar pendapat , berbagi informasi karo awak media Pacitan, sanajan engko wektune ora kudu bareng ....janji Dandim ( gustik)










Kamis, 26 Mei 2022

RAME MANTAN SEKDA MENIKAHI BU HARNO..JEBUL URUNG....!

RAME MANTAN SEKDA MENIKAHI BU HARNO..JEBUL URUNG....!

Mantan Sekda Pacitan Sukowiyono diisukan persunting Kontraktor.

Pacitan Post.27.05.022.
Ditengah ramene' pemberitaan Adik Presiden Joko Widodo ( Idayati) menikah karo Ketua MK Anwar Usman dina iki  (27/05) ana Graha Saba Buana Solo - 
Ujug ujug ana media sosial Pacitan uga rame  pemberitaaan mengenai Mantan Sekda Pacitan Drs Sukowiyono menikahi Fatimah Suharno ana Masjid Agung Pacitan.

Menurut informasi Jamaah Masjid Agung Pacitan , memang bener Pak Sukowiyono maeng isuk nyeksekne wong nikahan , tapi dudu pak Suko sing nikah , mungkin merga pak Suko nganggo jas ning Masjid Agung , dikira beliaune sing nikah.

Memang akhir akhir iki , mantan Sekda Pacitan Sukowiyono   santer diberitakne yen arep menikah karo kontraktor kakap Fatimah Suharno utawa sing lebih dikenal Bu Harno.

Isu sing berkembang , Rencana Pernikahan mantan Sekda Sukowiyono karo Fatimah Suharno ijik wulan Juli 2022 sekitar tanggal 22 , jare salah sijining kerabat sing ora gelem disebutne , tapi insya Allah fix tanggal iku.

Sementara tangga tanggane Sukowiyono ana perumnas Bangunsari , ditakoni media ora enek sing gelem jawab , kecuali muk mesam mesem ...

Perlu dimangerteni , Sukowiyono nduda merga Bety Bojone seda ( meninggal) sekitar rong tahun kepungkur ,sedang bu Harno kakunge (suaminya) meninggal uga sekitar rong tahun kepungkur , merga gerah rada sak untoro.

Terkait berita sing jik simpang siur, baik Sukowiyono utawa Fatimah Suharno urung iso dihubungi , merga HP ne ijik Tulalit kabeh ( gustik)

Bebek Tulang Lunak Gustik  Produksi RM Tirto Wening Mentoro , monggo dicoba pasti nikmat dan gurih.




Rabu, 25 Mei 2022

dr WIGUNG  WO TOP ASLI  PACITAN TANGANI ADIK JOKOWI NIKAH SESUK.

dr WIGUNG WO TOP ASLI PACITAN TANGANI ADIK JOKOWI NIKAH SESUK.

dr Wigung Wiratsangka & Istri Artis Sinetron FTV - SCTV.

Pacitan Post.
Jarang sing ngerti , nek dr Wigung Wiratsangka  pemilik ( WO)  Wedding Organiser Top sak Indonesia   Asli Pacitan.

dr Wigung asli Desa Ploso  Pacitan putro pasangan alm Bapak Sutrisno - Wawuk tokoh dunia pewayangan terkenal   Pacitan.

Istri  dr Wigung Wiratsangka (Dani)  sekaligus Owner Wedding Organizer Pengantin Production ternyata  Artis Sinetron Jebolan FTV - SCTV sing tayang tahun 2017- 2018.

Perlu dimangerteni , Pengantin Production WO milik pasangan dr Wigung lan istri iki sak Indonesia Paling Sukses lan Paling Top , merga sering nangani Pejabat Tinggi duwe gawe / utamane kawinan.

Ora mung Pejabat tinggi Indonesia , Keluarga Kraton Jogjakarta seolah wis dadi keluargane , merga saking seringe nganggo jasa Wedding Pengantin Production milik Wigung.

idayati adik Jokowi , calon suami  Anwar Usman lan Dani Wigung.

Ora tanggung tanggung ,pernikahan adik Presiden Jokowi sesuk esuk ning Solopun jasa Wedding'e nganggo Pengantin Production ,  milik Wigung sing ditangani Dani bojone .

Bayangno Pernikahan Adik Presiden sesuk tamune ora gemen gemen , kejaba Wakil Presiden Ma'ruf Amin yo diundang , uga meh kabeh pejabat Tinggi Negara teka.

Biasane kabeh urusan Managemen pernikahan ditangani Bojone Wigung ( Dani) sedang Wigung dewe bertindak sebagai MC bahasa jawa Tradisional.

Perlu dimangerteni , dr Wigung  saking larise Jasa  ( WO)  praktis Ilmu kedokterane ora dienggo , putro mbarep pemeran Gatutkoco iki sing  akeh berkiprah dibidang seni, klebu seni Pedalangan .

Buah ceblok ora adoh saka uwite , Bakat seni Wigung , nurun saka bapak ibune sing selama uripe berkiprah ning dunia Pewayangan.

Biasane pak Tris  dadi pemeran Gatutkoco sedang  Ibune  ( Wawuk) dadi Arjuno utowo Srikandi , termasuk Nyinden , dadi praktis , Wigung  iso diarani total anak Panggung kawit bayi cenge`r.
( Gustik)

Bebek Tulang Lunak Gustik terkenal nikmat dan renyah , tidak satupun lidah pelanggan yang dikecewakan....kunjungi Resto Tirto Wening Mentoro Pacitan.


 .




Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done