PACITANPOST
News Update
Loading...

Minggu, 03 Juli 2022

PERTAMA: Temu Kangen Alumni SMA 271 di Musium SBY.

PERTAMA: Temu Kangen Alumni SMA 271 di Musium SBY.

Musium Ke Presidenan SBY-Ani di Pacitan.

Pacitan Ppos .03.07.022.
Mungkin saking cintane  pak SBY marang alumnine SMA 271 Pacitan (  masiha ) sejatine Gedung Ke Presidenan / Musium & Galery SBY-ANI urung di Resmikan,, khusus  ,, alumni 271 Pacitan dikecualikan.

Menurut ketua harian Alumni SMA271 Pacitan Bambang Widiarsa , rencana temu kangen bakal dilaksanaake tanggal 10 Juli 2022 srana dihadiri Presiden RI ke 6 Susilo Bambang Yudhoyono & Keluarga.


Foto gabungan alumni SMA271 & SMPI Pacitan Tahun alumni 75/79 .

Peserta sing diundang kabeh alumni SMA 271 Pacitan sing mendaftar nganti teka tanggal 4 Juli 2022. 
Bambang uga nambahake , peserta temu kangen oleh gawa  pasangan / bojone dewe dewe.

Penghormatan pak SBY menyang alumnine SMA 271 Pacitan, diapresiasi  alumni sak Indonesia , rata rata saka luar kota sing antusias melu daftar Acara temu kangen tanggal 10 juli 2022.
Acara dipastikan rame merga bebarengan liburan sekolah..

Gedung SMAN I Pacitan dulu SMAN 271

Klebu mantan Dirjen, mantan Jendral lan Pengusaha sukses  Jakarta wis menyatakan hadir  misale Suroyo ( mantan Dirjen Kemenhub) Sutarto Ali Musa , Jendran Purn Rubani lan liya liyane.

Reuni sing digagas langsung SBY lan konco koncone alumni  iku bakal diwiwiti sekitar bakda isa , Dijaluk  kabeh peserta  Up Date  menghubungi tahun angkatan alumni dewe dewe.. ( gustik)






Sabtu, 02 Juli 2022

PANGAT. Urung rejekine Emas Ilang.

PANGAT. Urung rejekine Emas Ilang.


Pacitan Ppos .02.07.022.
Cabor  bergengsi Voli Ball putra Kabupaten Pacitan akhire ora entuk Medali Emas ananging  isih  lumayan entuk medali perunggu.

Menurut  Pangat , Pelatih Voli Putra Pacitan secata teknis permainan anak anak ora enek masalah , yo muk urung rejekine wae , kalah 3-2 karo tim Surabaya sing kekuatane imbang.

Terkait suara sumbang Tim Voli Putra Pacitan seneng ngremehke lawan nek posisi unggul , Pelatih sing uga guru SD Wonokarto iku  ,, membantah ,, anak anak tetep semangat , soal kalah menang kui biasa, jare Pangat.

Sementara ketua Ivop Pacitan H.Sugiharyanto mengaku kaget krungu Voli Putra Pacitan kalah , akhire opo sing tak kawatirke' dadi kenyataan , misale  kalah karo Sidoarjo lumrah tapi kudune karo Surabaya menang , tapi yo piye maneh yo..?

Kepala Dinas Pariwisata Pacitan Turmudi sing ndelok langsung lewat HP pertandingan Tim Voli Putra Pacitan lawan Surabaya uga rumongso getun , wong wis unggul 2:1 lho ..kok yo kalah ,jare Turmudi didampingi pengurus koni Pacitan Burhanudin.

Turmudi sing ditemoni Media ditengah acara pertandingan Voli Pantai ana Pancer Door ora iso nyalahke tim Voli Pacitan , mungkin anak anak capek , utawa faktor liyane , oke iki nggo evaluasi lan pembelajaran kabeh terkait pelaksanaan Porprov tahun 2022 , muga muga tahun 2025 Pacitan menjadi lebih baik , ungkapnya.

Perlu dimangerteni, Gelaran Porprov Jatim tahun 2022 sesuk wis bar , harapan Cabor bergensi Voli Ball Putra Pacitan rebut medani emas kandas, tapi isih beruntung sabet medali Perunggu  , sak bubare ngalahke' tim Voli Bal Banyuwangi 3-0.( gustik)


.




Jumat, 01 Juli 2022

RIRIN SUBIANTI PECAHKAN REKOR ! DADI DEWAN PALING MURAH.

RIRIN SUBIANTI PECAHKAN REKOR ! DADI DEWAN PALING MURAH.

    Hj. Ririn Subianti Anggota DPRD Pacitan

Pacitan Ppos, 01.06.022.
99 % anggota DPRD Pacitan saben saben Pemilu ,, Pasti ,, ngentekne  duit paling sithik  1 Milyar .  Bahkan nek ning  kutho kutho gede' biaya  dewan terpilih iso nganti diatas 2 Milyar.

Ananging sopo ngiro! ,  Hj Ririn Subianti anggota DPRD  Pacitan   pemilu tahun 2019   cuma ngentekne' duwit kurang luwih 187 Jt.

Mungkin nek digunggung  sak Indonesia ,  anggota Dewan terpilih  pemilu tahun 2019 ,, iso uga ,, Ririn Subianti sing biaya  anggarane dibawah 200 juta / liyane  yo enek  ning ora pati akeh.

Ririn Subianti ketika tinjau jurang Duduhan Mentoro yg mulai menhawatirkan terkikis sungai Grindulu.

Pengakuan Ririn Subianti  pancen layak diacungi jempol . Sebab ! Wayah pemilu , ora wayah Pemilu kader PKS iku rajin mbangun komunitas pengajian ibu ibu , rajin nekani arisan , rajin menehi sesuluh bab ilmu agama ,kesehatan , ekonomi lan kesejahteraan sosial .

Model Ririn golek simpati massa mestine  ditiru calon anggota liyane , kejaba ora pati ngentekne' ragat uga entuk berkahe gusti Allah , sebab  silaturahim  pitutur bab agama lan kebecik'an  iku pancen dianjurkan agama.

Ririn Subianti bersama Majelis Pengajian Al Hidayah Mentoro Pacitan.

Saiki rata rata anggota Dewan liyane model pendekatan menyang warga instan,  gelem silaturahim nek arep wayah pemilu , biting dituku srana geden  gedenan udhu.
 Nek  tepak ale ngenggonke udhu ( duit) mungkin ora popo , tapi  nek ora
 tepak iku sing repot , duit kadung.. klutur.. biting akeh sing ilang ora sesuai harapan.

Wis dudu rahasia umum , Kondisi Demokrasi di Indonesia 10 tahun terakhir memang nggegirisi , kabeh dibarter srana duit ,nyalon Bupati duit , Nyalon Kades Duit, Nyalon Kasun duit , opo neh Nyalon Dewan kudu duwe duit matikel tikel.

Umpomo muk duwe duit dibawah 1 milyar, mending ora usah nyalonke dewan , timbang guprat entek alas entek omah.Tapi biasane  , sang Calon emosional kegeden rumangsan....,,,(Ditulis oleh Gustik sebagai analisis Redaksi )

Ririn Subianti bersama anak Cucu di kediamanya dusun Ngampel Ploso.




























Rabu, 29 Juni 2022

HANDOYO AJI:  Ragukan cesar murni atau Permainan...dokter .!

HANDOYO AJI: Ragukan cesar murni atau Permainan...dokter .!


Pacitan Ppos.29.06.022.
Operasi Caesar jaman saiki wis biasa, rata rata kabeh wong meteng sing dioperasi caesar nurut  atas saran dokter , tapi Operasi caesar atas permintaan sing meteng yo akeh .
Wong wedok  sing milih operasi Caesar rsta rata  ora kuat lara utawa  sengaja lahir golek  tanggal sing dianggep apik / unik.

Ananging  sing prihatin , praktik operasi caesar jaman saiki  ,, ditengarahi ,, permainan dokter kandungan sing moduse meden medeni pasien.

Biasane alesan klasik sing disampaikan menyang pasien , pinggang terlalu kecil ,  duwe penyakit tertentu, lanjut usia  lan alesan alesan medis sing gawe wedi ibu hamil.

Menurut Handoyo Aji, sedulure saka Donorojo arep nglairke ana salah sijning rumah sakit Swasta ana Pacitan, ananging ditunggu suwe  ora nglair nglairke', sementara pasen  wis ora kuat nahan lara, wektu kui perawat ngomong ,, pripun nggih pak pun kulo sukani perangsang kok mboten wonten reksinipun ? Nopo ceasar nopo pripun ?

Gandeng pasien wong mlarat arep operasi carsar wedi merga biaya operasi caesar sekitar 15 juta- 20 jt tergantung kondisi Pasien.

Handaya Aji lan sedulure nekad njaluk pindah ana RSD Darsono Pacitan sing peralatane saiki  saya canggih lan lengkap.

Kecapo !! bareng pasien diperiksa , perawat RSD langsung menehi obat perangsang ....tiba tiba ora let suwe...broool ..klutur..cenge'r..cenger bayine lahir..alhamdulillah.

Tentu wae Vokalis DPRD Pacitan iku langsung ,, ndememeng ,, yoh .titenono..suk Kadinas Dinkes Pacitan tak takoni opo sebab'e kok saben lahiran akeh sing dijaluk  operasi Caesar.

Bayangno Brow !  Tahun 2021 wong lahiran jumlahe 5994 uwong , mosok sing operasi caesar nganti wong 1748 kan aneh,  berarti petugas petugas pendamping Ibu Hamil Dinkes lan BKKBN kerjane muk turu tok , padahal  anggaran sing ditokne pemerintah milyaran rupiah wisan  , jare Handoyo sewot .

Handoyo curiga , kejadian lahiran srana operasi Caesar ,, Patut diduga,, permainan/ konspirasi antar perawat lan dokter kandungan.

Sementara  salah sijining pengurus LSM Bhineka Bangsa Pacitan ,  ( Onkitus ) ngaku prihatin wong meteng ana Pacitan soyo akeh sing operasi  Caesar , mbuh kui dibleloni dokter utawa njaluk dewe' , rata rata nek njaluk dewe merga mung ben tetep ketok prawan.
 
LSM Bhineka Bangsa uga gelo / menyayangja pernyataan buru buru Kadinas Kesehatan Pacitan Hendra purwaka menyang sebuah media yen Operasi Caesar pyur  atas pertimbangan medis lan ora enek unsur disengaja , jare okkitus kudune masukan/ kritikan pak Handoyo diselidiki sik , ora gek lansung mbantah .

Sementara nganti berita iki ditulis , Redaksi Pacitan Post ora iso hubungi kepala Dinas Kesehatan Pacitan Hendra Purwaka, Hp ne tulalit terus...( Gustik)










Selasa, 28 Juni 2022

PUTRI ALM PIPING REBUT EMAS MENEMBAK...

PUTRI ALM PIPING REBUT EMAS MENEMBAK...

Pacitan Ppos, 29.06.022.
Umpama almarhum Imam Zahro Hambali ( piping ) isih sugeng / hidup mungkin bangga ngerti putrine sing  jenenge  Zalfa Nurohmah Agustina sabet medali Emas ana Event Porprof Jember tahun 2022.

Kepastian Zalfa merebut Emas di Cabang olah Raga menembak  disampaikan menyang pelatihe Aryanto. Tokoh arjosari iki ngomong yen Zalfa medun ning Klas bergengsi  10 meter sing biasa dipertandingke ana Olympiade lan Kejuaraan dunia liyane (international Shooting Sport Federation).

Tentu wae  Prestasi Zalfa sing nota bene yatim Piatu gawe bangga wong sak Pacitan, utamane Alumni SMAN Punung , sing lagi wae ' uga nglairke  Luluk  Diana juara dunia  atlit angkat Besi .

Zalfa Nurahmah sing dihubungi Media , ngaku bangga entuk Medali emas ana Porprov Jember , Medali Emas niki kulo hadiah aken alm bapak kulo ( Piping) ingkang seda dereng patos dangu ,, Ayah berkat doamu Zalfa dapet Emas,trima kasih Ayah ,ungkap Zalfa sesenggukan.

Zalfa Nurahmah Agustina , putri ke 4 alm Piping iki dino nempuh kuliah ana Universitas Veteran Surabaya tahun pertama.

sementara Ketua Koni Pacitan Dyah Mentari Putri , mengaku ikut bangga atas Prestasi Zalfa sing iso Sabet Medali emas, insya Allah Koni bakal nyiapne bonus bagi atlit peraih medali.

Sementara Komandan Kodim 0801 Pacitan Letkol Kav Ibnu Khazim sing nota bene Pembina Olah Raga menembak uga bersyukur atlit binaanya akhire sumbang medali Emas, alhamdulillah tegas Dandim Bangga.

Nganti berita iki ditulis , Kontingen Porprov Pacitan entuk medali Emas 9.Perak 2 Perunggu 2....( Gustik)

Zalfa Nurahmah Agustina putri Alm Piping peraih medali Emas cabang bergengsi Menembak



NEK ORA DUWE DUIT 1 MILYAR OJO WANI WANI NYALONKE DEWAN..TIMBANG EDAN TENAN..!

NEK ORA DUWE DUIT 1 MILYAR OJO WANI WANI NYALONKE DEWAN..TIMBANG EDAN TENAN..!

Pacitan Ppos, 29.06.022.
Ojo muk ngejebne mantan Kepala Dinas , ojo muk banggakne mantan Kades lan ojo muk sombong merga purnawirawan TNI /Polri.

Kabeh jabatan kui ora bakal  ngaruh opo opo yen arep nyalonke anggota DPRD Pacitan , sebab sesuai pengalaman tahun tahun kepungkur rata rata sing dadi anggota DPRD Pacitan entek'e biaya sekitar 1 Milyar bulat.
.
Rudi Hartoyo sing rong periode dadi dewan  , ngaku entek 1 milyar kanggo golek suara.
Menurut Rudi , duit sing sak ho..hah.. kimaeng kejaba nggo bantu berbagai sarana prasarana penduduk - klebu kanggo uang saku konstituan.

Omongane' Rudi Ompong diamini Bagus Surya Pratikna sing ngaku ngentekne duit 1, 2 Milyar kanggo berbagai keperluan pencalonan, mulai gawe umbul umbul partai , kaos , konsumsi , Baleho sing cacahe ewon lan keperluan liyane.

Malah Sediono wanti wanti ! Nek mung duwe duit 700  juta , mending ora usah nyalonke , timbang blu..tut..entek omah entek alas , mending ggo tuku sawah, sebab jaman saiki iki kabeh sing penting duit.

Gagarin dan Ronny Wahyono yang sudah merasakan pahit getirnya kompetisi di Pileg selama 20 tahun.

Tokoh saka Arjosari  mengilustrasikan, saiki coba gatekno endi mantan Kepala Dinas Pacitan sing kepilih dadi Dewan , padahal wis enek wong 20 puluh sing pernah nyalonke.

Umpama toh duwe duit luwih  1 Milayar , nek podo ora gelem udu sak milyar, tetep ora dadi , tapi yo enek sing wis ngetokne duit luwih saka sak milyar ,dlalah salah milih tim  gagal ,   aku yo mesakne karo konco konco pejabat maeng jane', tambah Diono ambi guya guyu.

Enek tokoh populer Ansori , Marwan, Suyatno, M.Zaini. Sutrisno , Sutopo , Rianto  Lan liya liyane , kabeh Zong ora kepilih dadi Dewan , sekalipun muk Dewan Kabupaten , mungkin iso wae dudu persoalan dana , tapi iso uga mesin partai ora jalan, utawa tokoh iki maeng nyalonke muk sebagai penarik masa lan sebab sebab liyane , terang  Diono kader Gerindra.

Perlu dimangerteni , Pemilu tahun 2024 sruing sruing alias kabar manuk akeh mantan kepala Dinas Pacitan arep nyalonke anggota DPRD/ Propinsi.

Sah sah wae mantan Birokrasi, TNI/Polri nyalonke anggota Dewan merga dijamin undang undang , tapi nek muk kegeden rumangsa merga sakdurunge duwe jabatan  duwur , yakin hasile dijamin Zong alias nul puthul .Kecuali mantan Pejabat maeng duwe duit luwih saka 1 Milyar.

Jare Novita saka ( PCW )  njaluk Mantan Tokoh Pejabat Pacitan sing tekad'e  muk ngandelke karisma lan kegeden rumangsa, luwih becik ora nyalonke , timbang babak belur, timbang  bar barane ngenes merga numpuk utang ,  luwih becik pensiun momong putu , ..beres...( Gustik)















Senin, 27 Juni 2022

KETUA KOMISI 4 SYECH PUJO MLEBU ICU

KETUA KOMISI 4 SYECH PUJO MLEBU ICU


Pacitan ppos, 28.06.022.
Ketua Komisi 4 DPRD Pacitan Syech Pujo Setyo Hadi mendadak diplayokne menyang Rumah Sakit dr Darsono Pacitan.

Informasi sementara , Bocah Asli Arjowinangun sing saiki manggon ana tlatah Punung iku kenek serangan Jantung.

Ternyata informasi iku dibenerke sahabat karib'e ana Dewan Rudi Hartoyo.Miturut Rudi awale pak Pujo krasa sesek, wedi terjadi opo opo  menyang keluargane digawa nyang Puskesmas Punung.

Rumangsa Fasilitas Puskesmas Punung ora memadahi, Syech Pujo njaluk dirujuk menyang RSD Pacitan lan langsung mlebu ICU.

Ketua Komisi 4 DPRD Syech Pujo Setyo Hadi.

Awan iki , Wartawan Pacitan Post wira wiri ana ngarep ruang ICU ora enek kolega sing nunggu, miturut perawat  RSD Pacitan sing ora gelem disebut jenenge ngomong yen pak Pak Pujo urung entuk dibezuk , dereng angsal mlebet mas, insya Allah sore niki pun saget dipun pindah dateng ruang perawatan biasa.

Rencana Anggota DPRD Pacitan lagi engko sore arep pada bezuk ning RSD Pacitan , kingko bengi rencana mas , ayo pada didongakne wae muga muga pak Pujo gek ndang saras , saget tindak kantor malih , jare kader Demokrat Joko Susilo Hadi , ( Gusik)





Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done