Pacitan Post .01.08.025.
Dadi wong cilik iku , dikapak kapak ake ' pancen rekasa , arep terok terok ndeleh duit Ning bank ben rada manak sitik wae' , Saiki aturane' maneka warna.
Malah Iki enek odo odo saka PPATK , Kabeh rekening sing ora enek transaksi opo opo selama telung sasi , bakal dibekukan menyang PPATK.
Seumpama aturan PPATK diterapne tenan , Isa diarani pihak bank Utawa PPATK, mungkin Isa kenek pasal Nyolong alias penggelapan duit penabung.
Matane' PPATK iku opo wis wuta tenan , yen sing akeh akeh Rekening mandeg / pasif kui sing akeh tabungane' wong cilik ?
Wong cilik gelem nabung Ning bank wae , sejatine' wis jegeg , padahal nabung Ning bank iku yen nilaine setitik urung mesti manak , kadang kadang malah kalong merga terbebani biaya administrasi.
Miturut Anggota Dewan Pacitan Rudi Hartoyo ,njaluk masyarakat ,utamane wong cilik Ojo heboh disik, Ojo prasangka elek disik , amarga telung Dina kepungkur Kepala PPATK lan Gubernur Bank WIS diceluk Presiden Prabowo , muga muga rencana edan PPATK baul lan ora disetujoni Presiden Prabowo,krungu krungu kok ora disetujoni Presiden , tegas Rudi.
Ananging legislator asal Hanura iku janji marang nasabah Bank sing dirugikan , bakal Melu Protes / Demo menyang Jakarta seumpama kebijakan pembekuan rekening Nasabah pasif diberlakukan.
Sementara A.Yani ( Ns) salah satu owner PCW ( Pacitan Courruption Watch ) menilai kebijakan PPATK bakal bekukan rekening pasif tidak masuk akal , insya Allah Presiden Prabowo ijik duwe hati nurani , jare Yani
Seumpama terlaksana tenan , Pihak PPATK lan pihak Bank isa diarani kenek pasal Nyolong .Utawa penggelapan duit Nasabah Pasif, Ojo Ojo iki permainan culas para bankir/ kerjasama Karo pihAk liyo,tegas Yani santai.
Sekedar tambahan informasi , kebijakan PPATK sing bakal bekukan rekening pasif entuk perlawanan segenap element masyarakat Indonesia....( Ditulis Sutikno Pemimpin Redaksi Pacitan Post sekaligus Owner PCW sebagai bagian dari kritik kepada oknum oknum penggagas rencana pembekuan Rekening Pasif...)