Pacitan Post.02.09.025.
Gusti Allah ora pernah salah gawe' papan panggonan kanggo Uripe' menungsa , masiha nagari letak geografise' koyo alas Gung Liwang luwung ,, jalma Mara jalma mati,, koyo to tlatah Pacitan, Gusti kang Akarya Jagad mesti duwe' kekarep sing ora Isa digunggung menungsa.
Pacitan sing ndisik jejuluk Wengker Kidul , kondisi daerahe' pancen sepi lan terpencil , arah Kidul Samudra tanpa tepi , arah etan gugusan pegunungan tandus , arah lor Alas Gung Liwang luwung , arah kulon gugusan gunung tandus sing terkenal sebagai peradapan manusia purba.
Ananging sapa ngira ! Tlatah Pacitan sing terkenal tandus , miskin lan terbelakang , ternyata Ciri khas wargane terkenal ulet lan santun , ora gampang kenek pengaruh , ora gampang terprovokasi lan ora gampang putus asa.
Buktine ! saat daerah liya demo geden , nganti kedadean obong obongan , pengrusakan lan penjarahan , Alhamdulillah (Wong) Pacitan tetep angkler ora terpengaruh efotria demo brutal koyo sing dipertontonkan daerah liyo.
Sebagai bentuk toleransi , Pancen Warga Pacitan enek sing sempet demo ana gedung DPRD , tapi demone' cah Pacitan isih normatif lan isih sesuai aturan sing berlaku , ora enek obong obongan , ora enek penjarahan lan ora enek pengrusakan.
Artine ! warga Pacitan isih duwe sikap dewasa ,isih duwe sikap bijaksana , isih duwe iman sing mlanyer (yen ) nyolong iku dosa ( yen ) mateni wong kui dosa (yen ) ngrusak fasilitas Fasilitas umum iku salah , pendek kata aksi demone' wong Pacitan sekedar ,, mengingatkan Pejabat ,, atas perbuatan yang kurang pas.
Tanah Pacitan Tanah Berkah.
Masiha daerah Pacitan terkenal tandus , terkenal daerah babu , terkenal daerah miskin lan terpencil , ananging sapa ngira ,,Nalindra,, saka Pacitan pernah dadi Penguasa Nusantara , Yo kui Jendral Susila Bambang Yudhoyono Presiden Republik Indonesia ke 6.
Kasunyatan Liya : masiha wong Pacitan sering dicap ndeso alias gunung plencu , survey membuktikan , Yen wong Pacitan ora enek sing urip ana kolong jembatan lan ora enek wong Pacitan pada mati keliren.
Umpama ana sing ngarani Pacitan merupakan TANAH BERKAH misale' , pancen ora berlebihan tur ana benere , sebab ciri ciri tanah berkah iku :
Penduduk'e menganut agama sing percoyo Karo Gusti Allah .
Wargane jarang berbuat maksiat sing berlebihan.
Kehidupan Wargane cenderung Urip bahagia , ora grentah marang situasi lan kahanan .
Arep golek iwak enek , Arep mangan Sega enek , arep mangan buah buahan enek , mula sepisan meneh kui Kabeh ciri ciri tanah berkah.
Takkira wong Pacitan ora duweni kepinginan Pacitan dadi kutha gede ,' sing saben dina nyawang kahanan macet , nyawang wong Urip ana kolong jembatan lan nyawang kriminalitas lan liyo liyane'.
Uripe wong Pacitan wis ngene Iki wae , tentrem lan ora kemrungsung ...
Ditulis oleh Sutikno sebagai Pimpinan Redaksi Pacitan Post , mantan Wkl Ketua DPD PAN Pacitan , mantan Ketua DPC Hanura Pacitan , Ketua LSM Pacitan Courruption Watch ( PCW) Lan Ketua Forum Pewarta Pacitan ( FPPA)