Tanda tanda Monumen Bakal Reja Mulya ketok saka bentuk ujian..! - PACITANPOST
News Update
Loading...

Kamis, 11 September 2025

Tanda tanda Monumen Bakal Reja Mulya ketok saka bentuk ujian..!

Monumen Jendral Sudirman di Pakis Baru Nawangan Pacitan Jawa Timur.

Pacitan Post , edisi Jumat pahing.
Kadang manungsa Urip iku seneng gunggung  babakan musibah sing teka sewaktu waktu saka Gusti Allah , mbuh kui musibah apik Utawa musibah elek.

Biasane yen entuk musibah apik misale Munggah pangkat , entuk rejeki akeh  kadang ora luput saka sikap gibah lan sombong , tapi yen entuk musibah elek menungsa sing akeh akeh ( grentah ) lan putus asa.

Padahal Kabeh musibah kui  , mesti enek hikmah tersembunyi sing kadang luput saka gunggungane' menungsa Urip ana  alam donyo.

Sopo ngira , dibalik  pilunya  korban musibah mobil Rantis Polisi saat Demo Minggu wingi ana Jakarta , ternyata dibalik musibah  kui , merupakan cara Allah kanggo menehi Drajat sing duwur keluarga korban srana risky sing melimpah , masiha hal kui  ora dikehendaki wong tuane korban.

Kematian Vanesa Angel lan bojone' amarga tabrakan maut ana Tol Jombang pirang tahun kepungkur , ternyata cara Gusti Allah menehi rejeki sing melimpah ruah marang Gala Sky , Fuji lan keluargane.


Mula ORA sah geger lan saling nyalah ake' bab musibah sing viral Minggu Iki , Yo kui pengrusakan lan bakar membakar penonton saat Final  Volly  Ball Sudirman Cup tahun 2025 sing  sempat heboh lan Viral sak donyo.

Segenap Panitia , ORA duwe tujuan AREP golek untung akeh  lan bertindak sembrono marang pelaksanaan Sudirman Cup tahun 2025 ana komplek Monumen Jendral Sudirman Pakis Baru Nawangan.

Ananging Kabeh kedadean Iki maeng , merga wis ginaris marang Gusti Allah kang Akarya Jagad , Kabeh enek hikmahe' kanggo panitia lan kanggo masyarakat sekitar   termasuk klebu marang penonton sing gawe ontran ontran.

Miturut rumus Ilmu kagetan lan ilmu titen sing kadang dadi patokan peramal Jawa , Kabeh musibah sing gawe ontran ontran gede sak dawane' nagari , kocapo bakal tinuwuh jagad kang Padang.

Mula saka kui , muga muga ontran ontran Monument Jendral Sudirman sing sempat viral sak  Indonesia Iki , dadi Monumen sing luwih terkenal saka sakdurunge' lan Isa disambangi wong akeh sing gawe rejekine sanak kadang Pakis Baru Nawangan.

Pemerintah Kabupaten Pacitan ORA perlu metu duit akeh kanggo mempopulerke Monumen Jendral Sudirman , masiha pahit sing penting ending'e. Apik.

Pancen Iki Dina Panitia ( Bagus Cs)   ngelu sirahe' , mikirke perangkat pertandingan sing dibong , dirusak lan dijarah penonton , konon kerugian mencapai 350 Juta Rupiah.

Tenang mas bagus sak konco , berkat pengorbanamu , yakin Monument Jendral Sudirman bakal dadi Destinasi Wisata sing terkenal , minimal sing Isa ngrejekeni warga Nawangan lan Bandar . Gemah Ripah Loh Jinawi , subur makmur sak lawase.....

Ditulis Sutikno Direktur Pacitan Post..sebagai renungan ...( Sutikno)


























Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done