Pacitan Post 04.02.026.
Hari Pers Nasional ( HPN) tahun 2026 sing dilaksanak'ake' forum Pewarta Pacitan ( FPPA) isa diarani istimewa , merga Kabeh petinggi Pemkab Pacitan Melu menehi dukungan penuh.
Dukungan ora muk menehi bantuan pendanaan , ananging uga support mental lan liyo liyane.
Hari Pers Nasional ( HPN) sing dirayakan saben tanggal 9 Pebruari , sesuai harapan Presiden kudu mencerminkan kebersamaan Insan Pers Karo pemerintah lan masyarakat , saling bahu membahu membangun karakter Bangsa sing tangguh.
Sulthon Munir sing sing kejibah dadi ketua HPN Tahun 2026 FPPA Pacitan omong , insan Pers Pacitan merayakan HPN tahun 2026 secara sederhana tapi syarat makna.
Kegiatan difokuske hal hal sing berbau sosial , koyo to menehi santunan marang keluarga mantan Wartawan sing wis jenat Utawa meninggal , kerja bakti resik resik Pantai lan terakhir Resepsi HPN sing rencanane bakal dilaksanak'ake' bar lebaran , ngiras pantes Halal Bihalal Bersama,tegas Sulton.
Putra Anggota DPRD Pacitan Ririn Subianti iku beralasan terkait Resepsi sing bakal dienekne bar lebaran , merga HPN bebarengan Hari Jadi Pacitan , selain bupati sibuk , uga ngepasi Wulan Ramadhan sing pejabate akeh pada safari ngikuti agenda Bupati.
Akhire FPPA manut opo sing disaranke Dinas Kominfo Pacitan , dilaksanak'ake' bar lebaran ngiras pantes Halal Bihalal bersama antara Pemkab Pacitan lan puncak acara HPN sing digelar FPPA Pacitan.
Sementara iku , Pemerintah Kabupaten Pacitan lewat Sekretaris Daerah Heru Wiwoho mengapresiasi , kegiatan FPPA dalam rangka HPN tahun 2026 srana kegiatan bersih lingkungan ana obyek Wisata .
Pak Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , rumangsa mbegogok atine krungu FPPA bakal ngenekne Kegiatan sosial resik resik Pantai Pancer Door , sampekno salamku Karo konco konco wartawan , yen ora repot aku Melu kegiatan , jare Bupati koyo sing disakpekne Sekda Heru....( Gustik)