Tengah wengi wong turu digugah Lindu , warga Pacitan nunyak nunyak panik..! - PACITANPOST
News Update
Loading...

Kamis, 05 Februari 2026

Tengah wengi wong turu digugah Lindu , warga Pacitan nunyak nunyak panik..!


Pacitan Post  06.02.026.
Enak enak turu gleses , ujug ujug bumi krasa goyang banter banget , saking panike wong tuwek bingung karepe dewe , karepe arep mlayu metu ,  tapi kleru menyang kamar mandi.

Kabeh warga pada njerit lan panik  , saking bingunge' arep  mondong putu malah kleru guling , arep mlayu  malah nabraki  bojo lan anak'e  merga peteng ndedet (lampune ) yen bengi  dipateni , warga tambah panik merga barang barang duwur kenat ( lemari cilik) pada ceblok.


Kira kira setengah jam sak bare Lindu , warga urung wani mlebu omah  wedi Yen enek Lindu susulan , kejaba saka iku nunggu berita saka BMKG  berpotensi tsunami opo Dudu , bareng Ning media sosial njedul postingan ORA berpotensi tsunami , warga Pacitan lagi wani mlebu omah , kui pun wis ORA Isa turu Wedi Jik enek Lindu susulan 

Sesuai pengumuman Lindu Pacitan , sekitar magnitudo  6.5 ,  tingkat kedalaman 10 km ana tenggara Pacitan / sekitar 85 km.

Nganti berita Iki ditulis , urung enek laporan korban jiwa lan bangunan ,  cuma barang barang duwur bipet ,rak lan lemari pada ceblok mblasah ana Jogan.

Koyo sing diomongke Nurul , walah mas aku panik banget ,AREP gendong anakku cilik lali tak tinggal mlayu ,  eling eling wis Ning njobo jare Nurul kethok gemeter lan panik .


Lindu Pacitan tengah wengi Dina Iki , warga Pacitan  klebu isih kebejan , isih dilindungi Gusti Allah kang maha Agung , secara teknis biasane tingkat kedalaman muk sekitar 10 km tingkat kerusakan luar biasa berat , ananging Iki insya Allah ora enek kerusakan sing berarti ,minimal nganti bengi iki.urung enek laporan saka Masyarakat.

Sejatine Kabeh warga Pacitan WIS ngerti , yen daerah Pacitan klebu daerah sing rawan gempa ,bahkan enek sing omong bakal  klebu darah sing berpotensi sesar Megatrust , Utawa gempa dahsyat sing mematikan...walahu alam ( Gustik)









Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done