Pacitan Post .28.04.026.
Wingi esuk Sekretaris Daerah Pacitan Heru Wiwoho , menehi kabar terkait kunjungan Wapres Gibran Rakabuming Raka ana Pacitan.
Ananging Sekda Heru , urung isa menehi kabar kegiatan Gibran ning Pacitan , sing pasti tekane suk kamis , ananging kegiatane opo wae isih nunggu Tim Advance Wapres saka Jakarta , insya Allah sesuk tim Advance teka pacitan, tegas Sekda Heru.
Sementara urung enek info pasti saka Kepolisian , Kodim 0801 lan Lanud Iswahyudi Cabang Pacitan , kabeh dihubungi media omong urung jelas , urung enek info Kata Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro.
Kapolres cuma omong , Polres Pacitan siap mengamankan kedatangan bapak Wapres di Pacitan , terlepas bapak Wapres lewat duwur / udara utawa lewat ngisor ( darat) , tentu yen Pak Wapres lewat duwur Polres Pacitan bakal koordinasi karo Pihak Lanud Iswahyudi.
Merga random acara Wapres urung metu , kabeh Pejabat Pacitan urung pada ngerti acarane Wapres ana Pacitan opo wae ' , cuma selentingan Wapres Gibran salah sijining acara berkunjung ke Pondok Tremas Arjosari Pacitan.
Indikasi Wakil Presiden RI Gibran Rakabuming Raka bakal berkunjung menyang Pondok Tremas , ditandai perbaikan dalan dalan menuju arah pondok Tremas , alhamdulillah akhire dalan menuju pondok sing podo jeglong diperbaiki.....matur nuwun mas Gibran jare Diono bungah!...( Gustik)