1 Muharam ujug ujug dadi budaya klenik sopo sing miwiti...? - PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 15 Juni 2026

1 Muharam ujug ujug dadi budaya klenik sopo sing miwiti...?


Pacitan Post 15.06.026.

Gara gara Kesultanan   Mataram penganut  Hindu lan warga  Kesultanan  Mataram penganut Islam sering congkrah bab budaya lan agama , sing wektu kui nganti menjurus ke arah  pemberontakan , akhire'  Penguasa Mataram sing wektu kui dijabat Sultan Agung Hanyokrokusumo duwe ide kontroversial , yo kui gabungke Kalender Islam ( Hijriah ) karo kalender Umat Hindu ( Saka).

Sekitar tahun 1633 Masehi ( abad 17) Nalendra Kesultanan Mataram Sultan Agung netepake' / memutuskan ,  Penduduk Jawa sing klebu Warga Kesultanan  Mataram  duwe kalender dewe sing mempresentasikan  budaya Jawa Hindu lan Islam.

Putusane' Sultan Agung , Tahun Baru  Penduduk Islam tetep tanggal  1 Muharam , ananging tahun baru Warga Hindu digeser malem tanggal 1 Muharam sing saiki disebut malem siji  Suro.

Larung sesaji Warga Nelayan Pacitan di Teluk Pacitan tadi siang.

Sayang seribu sayang , karepe Sultan Agung  kanggo misah budaya warga Hindu Kesultanan Mataram karo Penduduk Islam kesultanan  Mataram ben ojo sering  congkrah , ternyata malah dadi  budaya salah kaprah.

Tahun baru Islam 1 Muharam dianggap podo karo malam 1 suro  , mula ora sah kaget yen budayane campur bawur antara budaya Islam lan Budaya Hindu.
Ngumbah keris  lan larung sesaji sebuah contoh budaya sing tercampur campur .

Mayoritas Masyarakat Jawa  budaya   ngumbah Keris lan Larung sesaji dikira rangkaian acara 1 Muharam , padahal rangkaian budaya Warga Hindu  kalender  (Saka)  malam 1 Suro.

Pejabat Pacitan rutin ikut acara larung sesaji.

Sing tragis maneh ! , para Pejabat Tanah Jawa  mbuh kui Gubernur , Walikota , Bupati utawa Pejabat liyane melu  latah  yen acara larung sesaji utawa ngumbah Keris  merupakan rangkaian acara hari besar islam 1 Miharam , padahal  iku peringatan ( 1 Suro ) sing terpisah karo tahun baru islam 1 Muharam.

Tapi kabeh  perlu dimaklumi , jaman disik Tradisi Hindu ijik melekat karo budaya Jawa , merga Kerajaan Mataram nalika  menguasai Kerajaan  Majapahit penduduk'e' Mayoritas beragama Hindu .

Sultan Agung sebagai Nalendra Mataram , ngrasak ' ake' menyatukan warga Hindu lan warga  Islam terasa sulit , merga budayane sering bertolak belakang , mula salah satu upaya ben ojo congkrah diupayakan mendekatkan tahun baru Islam ( 1 Muharam)  lan  tahun baru warga Hindu Mataram kalender  Saka  (  Malam 1 Suro) .

Mula ora sah kaget yen wong Jawa  nganti seprene  peringatan tahun baru Islam ( 1 Muharam) dikira podo tahun baru  ( saka)  sing jatuh malam  tanggal 1 Suro , padahal  asline beda , Tahun Baru  Islam esuk / Pagi sedangkan tahun baru saka / Versi Sultan Agung  bengi sak durunge' malam 1 Muharam utawa sing luwih terkenal malam siji suro.

Kanggo wong Islam ora usah pegel atimu  , ora usah ngelok lokne acara ngumbah keris lan larung sesaji iku syirik , sebab pancen acara iku dudu rangkaian  acara peringatan Tahun Baru Islam  , iku bagian  kalender Saka umat Hindu sing dimodifikasi marang Sultan Agung srana tujuan antara warga Muslim lan Warga Hindu ben ora congkrah bab   budaya lan agama.

Siji sing dadi catetan , ijik akeh Pejabat bahkan pemuka agama  cara menyikapi peringatan 1 Muharam  digebyah uyah , seolah olah 1 Muharam sama dengan 1 Sura .....
Ditulis oleh Pemimpin Redaksi  Pacitan Post Sutikno sebagai bahan renungan dan belajar mengenal budaya , sehingga tidak salah menempatkan budaya pada tempatnya...

















Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done