Puluhan Kebo dadi daya tarik wisatawan Pantai Pancer Door - PACITANPOST
News Update
Loading...

Sabtu, 20 Juni 2026

Puluhan Kebo dadi daya tarik wisatawan Pantai Pancer Door

Puluhan Kerbau di Pantai Pancer Door jadi daya tarik tersendiri bagi wisatawan..

Pacitan Post .20.06.026.
Wisatawan Pantai Pancer Door Pacitan ,  ujug ujug di jumbulke' Rombongan Kebo sing jumlahe puluhan.

Kebo kebo  / jenis bahteng werna klawu iku dampyak dampyak teka saka arah etan ( Masjid Apung)  mlaku bareng  mengulon nganti teka kios kios UMKM obyek Wisata Pancer Door.

Tentu wae' tekane' puluhan Kebo werna klawu iku mau menarik perhatian Wisatawan , utamane  wisatawan luar kota , bocil bocil pada  pingin Selfi cedak rombongan kebo .

Kandang keluarga  kebo ternyata muk ono sekitar Obyek Wisata Pancer Door , kabeh Kebo didadung siji siji kecuali sing ijik cilik/ gudel.

Usut punya usut , kebo kebo sing saiki dadi obyek Selfi Wisatawan Pancer Door Pacitan ternyata milik Imam  M ( 70) sing omahe ana Dusun Peden Desa Ploso Pacitan sing ora adoh saka Obyek Wisata Pancer Door.

Pak Imam ngaku yen ternak Kebo  saka  tahun 1950 nganti seprene , sing hebat  kandang kebone' kawit jaman lekak muk dicancang ana sor wit witan sekitar Pantai Teluk Pacitan sisih etan / pancer eran .

Pak Imam dibantu anak' e saben sore , naleni kebo kebo sing jumlahe puluhan ning sor cemara Pantai Pancer Door.

Ditakoni media opo ora wedi ilang utawa dipangan kewan liyo , pak imam ora kawatir merga ana Pacitan ora enek kewan buas koyo to macan utawa ula gede.

Jare pak Imam , sing dadi momok muk musim kemarau ( ketigo) kejobo suket suket sekitar pantai pada garing / kering uga kebo cirine ora kuat panas , gadahan kulo pejah kalih jare pak Imam ...( Gustik)






Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done