Kofifah : Yakin Musium SBY - ANI bakal dadi musium Presiden Terbesar dunia.
Gubernur Jatim Kofifah ,Bupati Pacitan Indrata NBA dan Kaka Slank.
Pacitan Post , 22.12.025.
Pancen yen didelok saka kasunyatan , arang banget Mantan Presiden jaman Modern gawe Musium sing isine perjalanan Urip lan karier seorang Presiden suatu negara.
Umpama toh enek , biasane Musium Raja Raja lan Musium para diktator jaman disik , koyo to musium Musolini , Taj Mahal lan Musium Raja Raja jaman kawak.
Menurut Kofifah sing sedina utuh eneng Pacitan ( 22/12) omong yen arang banget Presiden begitu lengser langsung gawe Musium , Ning Indonesia ganti Presiden nganti ping Wolu lagi Pak SBY sing duwe krenteg gawe Musium Kepresidenan, tegas Kofifah.
Sebagai warga Pacitan lan Jawa Timur , kudu bangga duwe Presiden asal Pacitan sing duwe Musium , Pak Harto sing mimpin 32 tahun wae ora enek duwe krenteg gawe Musium , tapi SBY luar biasa, imbuh Bu Gubernur Jatim Kofifah Indar Pawaransa.bangga.
Perlu dimangerteni , Gubernur Jawa Timur Kofifah Indar Parawansa , persis hari Ibu kunker ana Pacitan , istinewane Kofifah dikancani Pemain Band Top Tanah Air kaka Slank .
Kaka Slank ketok ngancani Bupati lan Gubernur Jatim saat gerakan nandur Mangrow , Bakti Sosial , Pasar Murah ana alun alun lan kegiatan liyane sing Kabeh dalam rangka Hari Ibu setiap tanggal 22 Desember.
Kegiatan Gubernur Jawa Timur ana Pacitan persis Hari Ibu , diapresiasi banyak kalangan , okeh sing omong Kofifah pingin berbalas kebaikan marang Warga Pacitan sing rikala pilkada setahun kepungkur 90 persen milih Pasangan Kofifah - Emil.
Wis ayo rek ! Kota Pacitan dipopulerke bareng bareng , akeh tempat wisata sing apik apik , enek Musium Kepresidenan SBY - Ani lan enek kuliner macem macem sing buka nganti esuk..(tik)