Wong Pacitan Klakon Bali Masak Nganggo Kayu.... ripik meneh brow....!
Pacitan Post .17.03.026.
Sejatine soal langka LPG , kanggone wong Pacitan ORA susah susah amat , merga enek alternatif Liya , Yo kui bali masak nganggo kayu bakar maneh.
Masak nganggo kayu bakar , kejaba ngirit duit , uga adoh saka bahaya tabung meledak , kejaba saka iku rasa hasil masak kayu bakar ,duwe rasa khas Dewe lan spesial , bahkan akeh warung ana kota kota gede sing masAk nganggo kayu bakar sebagai bentuk nostalgia.
Bahkan Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji sempat ngobrol / Guyon Pari kena , Sejatine ..! wong Pacitan iku ora Pati susah yen muk LPG Langka wae , tetep Isa masak nganggo alternatif liyo Bali Urip koyo jaman kawak, yo kui masak nganggo kayu bakar.
Perlu dimangerteni , jelang lebaran pengadaan Gas pancen mengalami kekurangan lan kelangkaan , dugaan awal merga permintaan pasar sing cukup tinggi.
Saking langkane' , Rega gas mundak edan edanan , jare bakul martabak sing mangkal ana etan Perempatan Penceng wani tuku Rp.50.000.
Situasi Kabeh pangkalan gas , terjadi antri sing dawane pirang pirang atus meter , koyo sing diomongke yu paerah , aku kui ngantri saka jam setengah sepuluh , entuk sak tabung nganti teka jam rolas , paerah ngantri ana toko gas Arjowinangun.
Saiki merga gas langka , masyarakat mulai berpikir , yen masak banyu , mie lan masakan ringan liyane warga wis mulai nganggo teko elektrik , masak berat wis do mulai nganggo tungku kayu bakar .
Sementara Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro tetep mendorong pengusaha/ depo depo Gas memenuhi permintaan pasar , awas Ojo nganti nimbun , yen terjadi nimbun bakal tak sikat ujar Kapolres...( Gustik)