Wong Pacitan Klakon Bali Masak Nganggo Kayu.... ripik meneh brow....! - PACITANPOST
News Update
Loading...

Selasa, 17 Maret 2026

Wong Pacitan Klakon Bali Masak Nganggo Kayu.... ripik meneh brow....!


Pacitan Post .17.03.026.
Sejatine soal langka LPG , kanggone wong Pacitan ORA susah susah amat , merga enek alternatif Liya , Yo kui bali masak nganggo kayu bakar maneh.

Masak nganggo kayu bakar , kejaba ngirit duit , uga adoh saka bahaya  tabung meledak , kejaba saka iku rasa hasil masak kayu bakar ,duwe rasa khas Dewe lan spesial , bahkan akeh warung ana kota kota gede sing masAk nganggo kayu bakar sebagai bentuk nostalgia.

Bahkan Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji sempat ngobrol / Guyon Pari  kena , Sejatine ..! wong Pacitan iku  ora Pati susah yen muk LPG  Langka wae , tetep Isa masak nganggo alternatif liyo Bali Urip koyo jaman kawak, yo kui  masak nganggo kayu bakar.

Perlu dimangerteni , jelang lebaran pengadaan Gas pancen mengalami kekurangan lan kelangkaan , dugaan awal merga permintaan pasar sing cukup tinggi.

Saking langkane' , Rega gas  mundak edan edanan  , jare bakul martabak sing mangkal ana etan  Perempatan Penceng wani tuku Rp.50.000.

Situasi Kabeh pangkalan gas , terjadi antri sing dawane pirang pirang atus meter , koyo sing diomongke yu paerah , aku kui ngantri saka jam setengah sepuluh , entuk sak tabung nganti teka jam rolas , paerah ngantri ana toko gas Arjowinangun.

Saiki merga gas langka , masyarakat mulai berpikir , yen masak banyu  , mie lan masakan ringan liyane warga wis mulai  nganggo teko elektrik , masak berat wis do mulai nganggo tungku kayu bakar .

Sementara Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro tetep mendorong pengusaha/ depo depo Gas  memenuhi permintaan pasar , awas Ojo nganti nimbun , yen terjadi nimbun bakal tak sikat ujar Kapolres...( Gustik)














Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done