Anggota Dewan wis mulai guya guyu , harapan Pilkada lewat Dewan Kari sak Nil......
Pacitan Post , 03.01.026.
Gara gara Kepala Daerah akeh sing terlibat Korupsi , mungkin pemerintah Indonesia mulai ,, jegeg,, golek cara sing tepat kanggo ngendegne' perilaku Korup.
Mungkin salah sijining penyebab perilaku Korup Kepala Daerah Utawa Dewan , kabeh pakar mengidentifikasi merga Biaya Pilkada lan Pileg larang / mahal .
Rata rata anggota Dewan Kabupaten/ Kota , biaya kanggo sosialisasi / kampanye Isa nganti teka 2 Milyar , Pilkada Kabupaten / Kota Isa nganti 10 Milyar bahkan Pilkada Provinsi biaya sing ditokne' Calon Gubernur / Wakil Gubernur nganti isa 20 Milyar.
Tiga Pimpinan DPRD Pacitan sak bubare acara pelantikan Dewan rikala semana.
Perlu dimangerteni , Iki Dina gagasan Pilkada lewat Dewan sing di inisiasi / digagas lewat Partai Gerindra wis mulai entuk dukungan kabeh Partai sing lungguh ana Senayan .
Ora urung ' kabar Pilkada lewat Dewan wis mulai direspon Dewan Daerah , misale' anggota Dewan Rudi Hartoyo , Rudi ngaku rumangsa bungah yen Pilkada dipilih lewat Dewan , merga pancen biaya sosialisasine' duwur banget , Yen perlu Pileg barang Bali menyang nomer urut wae, jare' Rudi Ambi gluwah gluweh.
Sementara anggota Dewan liya Rudi Handoko , sepakat Karo sing diomongke'mbah (O ) jeneng populer Rudi Hartoyo , pancen Demokrasi Ning Indonesia diakoni serba duit , ketua Komisi 2 DPRD Pacitan iku bahkan omong Pilkada lan Pileg terlalu ngabrut abrut duwit , akibate' bar pilihan sirahe' anggota Dewan pada mumet mikirke' tanggungan .
Rudi Handoko Ketua Komisi 2 DPRD Pacitan
Rudi Handoko sing wis arep ping 5 dadi anggota Dewan berharap , rencana Pemerintah Pusat Pilkada dipilih Dewan gek ndang terealisasi , insya Allah yen Bupati / Wali kota lan Gubernur dipilih anggota Dewan perilaku Korupsi berharap Isa diminimalisir , imbuh Rudi.
Ananging Marjuki ( ns) Sekretaris Pacitan Courruption Watch ( PCW) ora terlalu berharap rencana Pilkada dipilih lewat Dewan terus perilaku Korupsi bakal ilang , Yo muk ngurangi biaya sosialisasi , tapi Dewan tetep kecipratan..panggah untung. ...sabar kari sak nil .he he..jare' Mardjuki....( Gustik)