BAZNAS Pacitan adum Zakat 260 Juta, kanggo bocah Yatim 1089.., Bupati ora Teka..! - PACITANPOST
News Update
Loading...

Selasa, 24 Februari 2026

BAZNAS Pacitan adum Zakat 260 Juta, kanggo bocah Yatim 1089.., Bupati ora Teka..!


Pacitan Post , 24.02.026.
Kanggo transparansi penyaluran Zakat , maeng Esuk ( 24/02) Baznas Kabupaten Pacitan sing diketuani KH.Sosiq Suja' wis mulai adum Zakat ,  kanggo anak Yatim tingkat SD lan SMP sak Pacitan.

Miturut Pengurus BAZNAS Kabupaten Pacitan Harminto , duit sing didumke kanggo Zakat bocah 1089 sebesar 259.350.000 , bocah siji kebagian 200 Rb , ditambah Tas Sekolah , alat tulis lan bingkisan  buka Puasa.

Mantan pegawai Pemda Pacitan Iki uga omong , Acara nekakne' bocah  (sak ndayak ) ana Pendopo Kanjeng Djimat Pacitan iku tujuane transparansi anggaran ,sing diamanahne menyang BAZNAS Pacitan.


Sementara iku , Ketua BAZNAS Pacitan KH Sodiq Suja' lebih detail njelasake' marang media , yen Sumber ZakAt kejaba iuran saka ASN Pacitan uga entuk amanah saka Sejumlah pengusaha  saka Pacitan , koyo to Toko Emas terbesar sak Pacitan H.Handoyo.

Kegiatan adum Zakat bareng sak Pacitan , kejaba dirawuhi Wakil Bupati Pacitan Gagarin Sumrambah  uga ditekani wakil saka Bakorwil Madiun ,sedang Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji ora Isa rawuh merga ana kegiatan sing luwih penting.

KH.Sodiq Suja'  Ketua BAZNAS Pacitan.

Atas ketidak hadiran Bupati  Pacitan Indrata Nur Bayu Aji pancen disayangke wong akeh , seolah Menyantuni Anak Yatim  cah sekolah  ( adum Zakat)  acara ora begitu penting 
 kanggone' Bupati , konon  Luwih penting nekani Festival seni lan hiburan liyane,jare guru pendamping sing Wedi disebutke jenenge'.

Tapi anggapan miring iku , langsung diluruske' pihak Dinas Kominfo Kabupaten Pacitan , lewat Kabid Media Ria Anggara , pak Bupati pancen dina Iki enek kegiatan luar kota sing ora Isa diwakilke , pak Bupati wis ngutus pak Wabup ke acara Penyaluran Zakat , terang Ria...

Sekedar tambahan Informasi , saben ngadepi Hari Raya Idhul Fitri , pihak BAZNAS Pacitan rutin nyalurke Zakat marang berbagai element masyarakat sing mlebu katagori entuk Zakat..Fakir , Miskin , Yatim lan  Mualaf ...( Gustik)







 








Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done