Jare Yandri : Urip Indomart & Alfamart dipastikan kari sedilit , bakal disruduk Kopdes Merah Putih..tenane' ..buul..!.. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Jumat, 20 Februari 2026

Jare Yandri : Urip Indomart & Alfamart dipastikan kari sedilit , bakal disruduk Kopdes Merah Putih..tenane' ..buul..!..



Pacitan Post .21.02.026.
Menteri Desa Yandri Susanto , ana ngarepe Wartawan ,  koar koar bakal nyikat Indomaret lan Alfamart  sing Saiki wis pating  ,,tlecek ,, ana daerah daerah sak Sak Indonesia.

Miturut Mendes sing uga kader PAN iku omong , ijin  lan penyebaran Mini Market Ning Indonesia wis keterlaluan ,bayangno nganti Dina Iki wis luwih saka 20.000 tempat, wis pokok'e keterlaluan , jare Yandri 

Mendes Yandri Susanto bilang  Ritel Indomart dan Alfamart harus di Stop jika Kopdes sudah buka , pengusahanya sudah terlalu kaya.

Pernyataan resmi  Mendes Yandri ana Gedung DPR (12/02)  direspon apik lan salut marang ketua komisi V Lasarus , pokok'e pergerakan Ekonomi kudu saka Desa , mbuh kui sing berperan BUMDES Utawa Kopdes MP terserah sing penting wong desa tambah maju lan makmur , tegas Lasarus.

Sementara iku , ternyata dampak pernyataan Mendes ana komisi V DPR RI berpengaruh banget menyang Karyawan Indomart , Alfamart lan Mini Mart liyane sing Isa dipastikan bakal kegusur.


Salah sijining karyawan Mini Market Arjowinangun sing wegah disebut jenenge omong , Pak Mentri kurang bijaksana kudune ora usah koar koar ana Media disik , aku sak konco iku Yo anak bangsa sing butuh mangan , kok ngomonge menteri ORA bijak , jare Sri ( NS) Ambi mbesengut.

Sementara pengusaha Muda Citra Margaretha   merasa prihatin  atas statmen Menteri Yandri sing bakal nutup Usaha Ritel Mini Market sing wis kadung jamur ana Daerah Daerah Kabupaten.

Jare Citra ' , sejatine bab ijin berdirine' Indomart , Alfamart lan Mini Market liyane tergantung Karo Walkot lan Bupati Setempat.
Asal awale'  diperketat Yo ora koyo ngene , Faktane daerah Wonogiri Indormt lan Alfamart ora pating tlecek koyo Ning Pacitan, Kabeh tergantung pimpinan Daerah Dewe Dewe , lha mbiyen piye' jare Citra Ambi gligak gligik..

Citra Margaretha saat kompetisi Perebutan ketua KONI Pacitan.

Tapi Citra Margaretha ,  sing wingi meh menang lawan Baginda  dalam Perebutan Ketua KONI Pacitan  , urung Pati  yakin  yen  (Mini Market) bakal gampang dibunuh lewat program  Kopdes , sebab pengusaha pengusaha ritel kui wong wong sing  wis tahan banting , mula saranku kanggo karyawan Mini Market ora sah terlalu gelisah disik , wong Kopdes Yo urung ngerti mlakune' suk, wis to santai wae disik rejeki Pati kui sing  duwe sing kuasa , tenang wae..jare Citra  .bijak.
M...( Gustik)












Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done