Masjid Di Sudimoro ikut terdampak Banjir Sudimoro yang sempat hanyutkan 3 jembatan.
Pacitan Post 20.02.026
Rada ketok lucu terkait berita banjir , pasal'e' banjir tahun Iki Fenomenane ana daerah pegunungan , Yo kui Desa Desa sing Eneng wilayah Kecamatan Sudimoro Pacitan.
Bahkan saking dahsyate Banjir ana Ke camatan Sudimoro , 3:jembatan lenyap diterjang banjir tanggal 18 Pebruari 2026 , bahkan Masjid sing selama Iki ora Nate kambon banjir , Iki dina pelatarane' Masjid kebak banyu banjir.
Komandan Kodim 0801 Pacitan Letkol Arh Imam Musahirul , Sepakat Karo Pemkab Pacitan sing ,, konon ,, bakal menata kembali kawasan lembah pegunungan sing akeh dihuni Warga Desa Pegunungan.
Minimal jare ' Dandim , wis wektune warga desa sing papane' ana lembah lembah pegunungan Pacitan , kudu Melu njaga lingkungan Dewe dewe , Ojo macul / garap tanah pekarangan omah sing kira kira nyebabne' tanah dadi gembur ,sebab tanah sing gembur gampang nyebabne' longsor , tegas Dandim.
Ditanya Wartawan Solusi 3 Jembatan sing keli merga diterjang banjir , Dandim sing terkenal ramah iku bakal Melu mikirke' Solusine' , merga tahun Iki Kodim 0801 Pacitan wis bar ndandani 2:jembatan sing rusak, Yo kui 1 jembatan ana Desa Gawang Kebonagung lan 1 jembatan ana Desa Pagotan Arjosari Pacitan.
Ananging Dandim berusaha komunikasi marang Pimpinan ana Kodam , terkait Solusi 3 Jembatan Gantung sing amblas diterjang Banjir bandang ana Sudimoro , Yo muga muga enek Solusine' , imbuh Dandim.
Sementara Anggota Komisi 4 DPRD Pacitan Tumardi sing kebetulan omahe ana Sudimoro , masiha wis enek jaminan Pemkab Pacitan bakal ndandani 3:Jembatan sing kentir / hanyut diterjang Banjir , isih berharap TNI Melu cawe' cawe' bab 3 jembatan sing ambruk., sebab Tumardi paham proses penggunaan Anggaran Pemkab ora semudah sing dibayangke' ....( Gustik )