Jembatan Kaligoro ambles lan keli ,Warga bingung liwat... - PACITANPOST
News Update
Loading...

Jumat, 20 Februari 2026

Jembatan Kaligoro ambles lan keli ,Warga bingung liwat...

Jembatan Kaligoro Sudimoro  mbrol lan keli diterjang banjir bandang ...

Pacitan Post 20.06.026.
Kabupaten Pacitan kondisine  saben Dina udan  deres , udan merata seantero  Pacitan , termasuk kecamatan Sudimoro.

Merga udan sing rapernah mandeg , akeh  jembatan penghubung antar dusun akeh sing rusak , sejene jembatan kondisine WIS tuwek , uga akibat banjir kali sing mongkal mongkal.


Menurut Tumardi ,anggota Komisi 4 DPRD Pacitan , jembatan pancen WIS tuwek , disik  Tumardi Nate sambat menyang Pemkab Pacitan GEK Kon dandani , ananging urung sempat diprogram wis kadung amblas diterjang banjir.

Merga jembatan iku akses masyarakat Sudimoro sing vital , mantan Kades Sukarejo iku njaluk marang Pemkab Pacitan GEK didandani mengingat jembatan Kaligoro klebu penting kanggone lalu lintas Warga, terutama desa Sukorejo.


Sementara Kepala Dinas PUPR Pacitan  omong , yen mulai wingi lan dina Iki tim PUPR menyang lapangan mengidentifikasi kerusakan , seumpama isa ditangani segera Yo ditangani lewat program Bantuan Bencana , ananging merga jembatan iku  (  kontruksi Pilar ) penanganane nunggu musim kemarau, lan lagi Isa direalisasi ana PAK.

Aku wis njagong Karo pak Sekda maeng awan , intine Pemerintah Kabupaten Pacitan tetep memperhatikan Kabeh fasilitas sing rusak merga bencana alam , Saiki prosese Kabeh lagi pada diindentifikasi , terang Parlan.

Sekedar tambahan Informasi , Cuaca Pacitan saat Iki pada daerah Liya , yen ora longsor Yo banjir merga cuaca ekstrim , khusus Pacitan kondisine ijik rada mendingan dibanding daerah Liya ,  enek sing kebanjiran nganti teka atap , enek  omah sing kelongsoran massal  lan bahkan Ning ( Tegal ) enek tanah bergerak sing ngrusak atusan omah ...( Gustik)

Suparlan ST MM Kadis PUPR Pacitan.


















Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done