Yen didelok saka runtuhnya Kerajaan Majapahit , kudune Pacitan umure' sekitar 500 tahun.. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Kamis, 19 Februari 2026

Yen didelok saka runtuhnya Kerajaan Majapahit , kudune Pacitan umure' sekitar 500 tahun..


Pacitan 19.02.026.
Mungkin wong Pacitan pada rasan rasan , kok ulang tahun kota Pacitan meh pada persis Karo kota Solo Jawa Tengah (  281 tahun )  cuma beda tanggal , Solo 17 Pebruari - Pacitan 19 Pebruari.

Pancen ora Isa dipungkiri , miturut sejarah  Kota Pacitan merupakan daerah kekuasaan Kasunanan Solo Jawa Tengah , mula yen ulang tahun Kota Pacitan lan Solo pada , salah satu sebab'e merga daerah Pacitan klebu teritorial / panguasan  Kraton Solo ,  masio uga pernah dadi panguasan Kasultanan Jogjarta.


Cekak aose'..! 
Para peneliti lan sesepuh Pacitan rikala nyusun Hari Jadi Pacitan  diduga muk golek penak'e , Yo kui nurun / ngeblat  Hari Jadi Kota Solo sing memang wektu kui , Kota Pacitan isih dadi daerah panguasan Kraton Solo.

Pancen yen didelok saka sejarah teritorial Kraton Solo sing  wektu kui mencakup Pacitan , para peneliti lan sesepuh Pacitan ORA salah lan bener umure Kota Pacitan 281 pada persis Hari Jadi Kota Solo.


Ananging !
Yen didelok saka sejarah Babat Pacitan ,  sing nota Bene ora lepas saka Bubare' Kerajaan Majapahit  ( terakhir)  sekitar tahun 1527  , kudune'  Kota Pacitan umure' sekitar  535  tahunan  , sak ora orane meh pada ulang tahun Kabupaten Ponorogo sing tahun 2026 wis umur  530 tahun.

Merga apa kok jupuk saka Majapahit..?
Perlu dimangerteni , saat Kerajaan Majapahit runtuh akibat perang saudara , dilanjut perang melawan Kasultanan Demak Pimpinan Raden Patah ,  pembesar lan Warga Hindu sing isih setia Marang Kerajaan Majapahit , Kabeh pada mlayu menyang  pulau Bali , Gunung Tengger ( Kawasan Bromo) lan sumebar mlayu  ana daerah pesisir kidul , klebu   Ki Buana Keling sing  terdampar lan menetap ana daerah Sekitar Desa Banjar Rejo Kecamatan  Kebonagung Pacitan.

Diyakini saat Ki Buana Keling mlayu menyang Pacitan  sing wektu kui isih jejuluk Wengker Kidul , Daerah Pacitan isih kosong melompong urung enek Penghunine' , isih arupa alas Gung Liwang luwung  - jalma marang jalma mati.


Sak suwe'ne' buka alas ana daerah Kebonagung , Ki Buana Keling sing diyakini ijik krandah   Kerajaan Majapahit , mulai nata Urip lan mulai ngedekne Padepokan ( semacam kumpulan  keluarga ) , sing saya suwe nurunke keturunan sing okeh .

Disatu sisi  ternyata ..!
Ana daerah pegunungan Lor Loran Utawa sekitar Perbatasan Ponorogo lan Wonogiri persise' daerah  ,,Watu Pathok , Kecamatan Bandar , ternyata wis enek semacam Padepokan ( kumpulan sekelompok Warga) sing Urip lan menetap ana Desa Watu Patok ( Watukara) Kecamatan Bandar Pacitan.

Bahkan saking okehe warga sing Urip ana daerah Watu Patok , ngadeg semacam kerajaan cilik sing dipimpin Bendara Dyah Balitung., nganti kerajaan sing cilik Iki maeng konon dadi Kerajaan gede lan makmur.

Enek sejarah sing patut digawe refrensi ke Ilmuan , konon Pasukan Dyah Balitung pancen sekelompok utusan Ki Bathoro Katong saka Ponorogo , sing rikala semana  diutus Babat Pacitan.

Pancen yen ditarik ulur saka sejarah Kota Ponorogo sing tahun 2026 umure wis 530 tahun , enek mempere yen kota Pacitan umure sekitar 530 tahun , sebab Pacitan   klebu darah panguasan Ponorogo sing wektu kui dikuasai Ki Bathoro Katong saka Ponorogo.

Ki Buana Keling mati kalah perang..!
Seiring perjalanan wektu , Padepokan Buana Keling sing mayoritas beragama Hindu , saya gede lan eksis , penduduk'e saya akeh lan ngremboko , dibawah pimpinan Ki Buana Keling sing diyakini keturunan Kerajaan  Majapahit.

Semono uga Kerajaan Watukara sing dipimpin Dyah Balitung , dadi Kerajaan sing cukup lumayan gede lan disegani , utamane saat duwe'( 2) tokoh central sing cukup disegani , Yo kui Kiageng Petung lan Kiai Magribi.

Singkat cerita ,mungkin ngerti  enek Padepokan gede ngadeg ana Tlatah Banjarejo sing dipimpin Tokoh Hindu Ki Ageng Buana Keling saka Kerajaan Majapahit , Pasukan Kiageng Petung lan Kiai Magribi miturut cerita (babat Pacitan) ngobarke peperangan marang Padepokan Kiageng Buana Keling , sing akhire Ki Buana Keling  kalah perang lan mati ditugel dadi telung bagian .

Jaman disik , sopo sing kalah perang dadi darah penguasan sing menang perang , dalam hal ini  ,sejak kui Padepokan Buana Keling sing mayoritas menguasai darah Kebonagung resmi mlebu daerah panguasan Kerajaan Watukara sing nota Bene Melu daerah panguasaan Ki Bathoro Katong  Ponorogo.

Mula ORA salah , Yen enek pendapat saka pinisepuh Pacitan koyo to Tokoh Pacitan Bapa Katiran omong ,   yen sejatine umur kota Pacitan WIS sekitar 500 tahunan , sesuai umur kota Ponorogo sing uga umur 500 tahunan.

Hari Jadi Kota Kota Eks Kekuasaan Majapahit tahun 2026.
Kabupaten  Trenggalek Hari Jadi ke 821
Kabupaten Tulung Agung Hari Jadi ke 832.
Kabupaten Madiun Hari Jadi ke 458.
Kabupaten Ponorogo Hari Jadi ke 530.
Cuma Pacitan sing duwe Hari Jadi paling nom Dewe  281...

Yen didelok saka data Kabupaten Eks Kekuasaan Majapahit  sing umure' rata rata diatas 400 tahun , mungkin Kota Pacitan para pencetus  Hari Jadi Pacitan , rekala semana ora  mengkaji atas dasar situs situs peninggalan Ki Buana Keling yang makamnya jelas ada lan uga ora mengkaji situs situs peninggalan bekas bekas petilasan kerajaan Watukara ana daerah Watupatok.....##

Ditulis oleh Gustik , sebagai bagian bahan / materi  kajian sejarah  (Babat Pacitan ) yang masih perlu dikaji bagi pihak pihak yang ingin meluruskan sejarah...kota Pacitan , namun demikian tulisan ini jauh dari kata menyalahkan Tanggal Hari Jadi Kota Pacitan yang sekarang diperingati yang ke 281.






























Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done