Pacitan Post . 03.03.026.
Awal awal ! pembagian ransum MBG ketok koyo wah , Kabeh dapur /SPPG seakan akan pada lomba penampilan , menu dipatut patutne' ,diluwih luwihne' , Rega 10.000 digawe seolah Rega 12.000.
Bareng Saiki ' srana alesan barang barang larang , meh Kabeh SPPG sak Pacitan ngurangi kwalitas lan kwantitas menu MBG .
Bahkan enek SPPG sing menune' wis kabangetan banget , Siswa SMP ana Kecamatan Ngadirojo pernah diwenehi Sepotong Nanas lan 3 butir ndog puyuh.
Enek meneh siswa muk diwenehi Sop minimalis setengah wadah , ditambah jeruk cilik sing rasane' kecut cilu , ibarat Kethek ( monyet) wae ora gelem mangan.
Contoh menu MBG setelah dikurangi dari menu biasanya.
Enek meneh murid murid sak sekolahan Podo ora gelem mangan , malah muk go ciprat cipratan merga menu tethelan wedus dimasak urung Pati Mateng tentu wae ambune benger / amis banget diduga pemasak urung kulino masak okeh.
Sejatine menurut Guru Iput , Pengusaha SPPG ora entuk pengaruh reregan larang ana njaba , yen wis wani kontrak Karo BGN Yo kudu Cong , ora GEK jatah Siswa sing regane muk 10.000 ijik dientit dadi Rega 8000 , lha Yo kojor yen ngono Kabeh, jare Iput Ambi mbesengut..
Sekedar tambahan informasi , pancen sakjrone Wulan Ramadhan reregan bahan pokok Kabeh larang , opo meneh Iki jelang Lebaran pancen reregan Podo mundak , tapi sejatine masiha ora enek program MBG saben AREP lebaran reregan mesti mundak.
Mula saka kui , Masyarakat Pacitan sing tergabung ana LSM Bhineka Bangsa njaluk marang Kabeh SPPG ,Ojo merga AREP lebaran reregan larang trus ngurangi jatah menu siswa siswa , wong wis kebagian 5000 rupiah per menu ijik kurang wae, tegas Ferry prihatin...( aldino)