Wartawan pada ,,Plerak Plerok,, ditakoni Prajurit TNI kapan Dewan & Bupati ajak Bukber...do bingung jawab... - PACITANPOST
News Update
Loading...

Minggu, 01 Maret 2026

Wartawan pada ,,Plerak Plerok,, ditakoni Prajurit TNI kapan Dewan & Bupati ajak Bukber...do bingung jawab...


Pacitan Post ,02-03-026.
Dina Minggu Kodim 0801 Pacitan ngenekne' buka Puasa Bareng   Karo Wartawan Pacitan sing tergabung  ( FPPA)  ana Restoran Hotel Parai Teleng Ria Pacitan , 

Acara sakdurunge Bukber , antara Kodim 0801 Pacitan lan FPPA ngenekne' kaloborasi bagi bagi takjil ana ngarep Makodim , Penceng lan perempatan Bapangan.

Sakdurunge' acara Bukber dimulai , antara anggota Kodim lan Wartawan klesotan santai Ambi guyon ngalor ngidul  , cuma enek siji pitakonan  , Yo kui salah sijining Prajurit sing tekok ,  Instansi ngendi wae sing ajak Wartawan Bukber..? Bupati lan Dewan nopo empun..?
Gandeng ale' tekok ujug ujug , Wartawan muk Plerak Plerok  pada bingung jawab , ngene' ki piye jal lehku jawab , jare  Slamet gligak gligik..

Slamet lagi rada seneng atine' , krungu Kapolres  Pacitan AKBP Ayub Diponegoro bakal ajak Bukber suk Selasa ( 03/03/026.),  spontan Slamet  langsung Jawab , alhamdulilah  Kodim lan Polres Pancen  Top Markotop jare Slamet.girang.

Sekedar tambahan informasi , kerja sama bareng antara FPPA , Kodim 0801 Pacitan lan Polres Pacitan ORA muk pisan Iki wae , sakdurunge wis bola Bali ngenekne giat bareng, contoh resik resik Pantai lan sakpiturute...( Tik)







Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done