Pacitan Post.026.
surat Edaran Gas Melon saka Bupati Pacitan akhire ' metu , imbas gejolak kelangkaan gas melon ana Pacitan.
Pancen wingi awan , Rapat Tim Pertamina Madoun, Sejumlah Media , Disperindag lan Polres Pacitan berlangsung sengit , terutama Perwakilan Media sing memberondong TIm Pertamina lan Pemkab sing ora duwe kebijakan riil terkait kelangkaan gas melon.
Saat Sekda Heru maju ana kursi ngarep , Heru selaku perwakilan saka Pemkab Pacitan Janji bakal ngetokne Surat Edaran Bupati ( SE) terkait penjualan lan pembelian Gas Melon Jelang Lebaran .
Salah sijining poin Surat Edaran , mulai Dina Iki agen ORA entuk nglayani penjualan langsung konsumen ,sedang pangkalan adol gas melon diutamakan warga sekitar disik , Utawa warga cedak cedak disik.
Terkait pembelian dibatesi 3 tabung gas melon , luwih saka 3 kudu nganggo gas 5,5 kg lan gas sak duwure , sing repot SK Bupati ora menyertakan katagori pembeli koyo to ASN.TNI.POLRI Hotel.Restoran lan sakpiturute.
Padahal wingi rapat dibahas , salah sijining sebab gas melon langka , merga 99 persen ASN .HOTEL & Restoran Yo tuku gas melon , tapi Ning SK Bupati terbaru Iki ora dicantumke.
Sekedar tambahan informasi , Nganti seprene kelangkaan Gas Melon ijik terjadi ana Pacitan , akibate Rega gas melon meledak ,enek sing tuku Rega 25.000 , 30.000 bahkan enek sing tuku 35 .000 ...
Miturut Gatot Subroto Tim Saka Pertamina Madiun, omong yen sak Jane stock Gas Melon ana Pacitan secara rasio wis mencukupi , tapi mbuh merga panik opo piye kok ISO langka, jare Joko..heran.
Sementara Sekda Heru njaluk marang Media Melu nyebarke tata cara / hak pengguna gas melon , ASN.HOTEL.RESTORAN WONG SUGIH, TNI.POLRI DILARANG .......( Tim)