PACITANPOST
News Update
Loading...

Rabu, 29 Oktober 2025

CONTOHLAH SEPERTI KAPOLRES AYUB DIPONEGORO ...

CONTOHLAH SEPERTI KAPOLRES AYUB DIPONEGORO ...

 

Pacitan Post.30.10.025.
Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro pancen Isa diarani Kapolres paling beda Dewe selama Polres Pacitan ngadeg.

Sak ora orane , cara memperlakukan Wartawan Pacitan  , Kapolres Ayub seolah dipadakne  kancane' dewe' , blas ora enek sekat antara Kapolres lan awak media.

Mangan bareng , ngopi barang ,guyon bareng lan dialog bareng  , klebu uga rampe / pembiayaan Kabeh sing nanggung Polres Pacitan ,  pendek katA  Wartawan kari teka 


Model membaur Ben sasi antara Pejabat Pacitan  lan media , dipastikan lagi enek Iki , Kapolres sak durunge , Bupati sak durunge  , Wabub sak durunge , Kadinas  lan Forkopimda sak durunge Kabeh ora pernah ngenekne ngumpul bareng koyo sing dilakoni Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro.

Mungkin perilaku Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro , sing dinilai mantab  marang Media ( mungkin) kegawa marang jeneng sing disandang pak Ayub , Yo kui enek embel embel Pahlawan Nasional Diponegoro , Yo kui keluarga kerajaan Ngayugjakarta Hadiningrat sing miturut crito saka keturunan (ibu ) saka  Desa Nanggungan Kabupaten Pacitan.

Terlepas saka kui Kabeh , Model pendekatan Kapolres Ayub menyang media memang terbukti ampuh , wartawan entuk informasi rutin utamane terkait kasus kasus , sedang Polres entuk bahan bahan sing sekirane dibutuhkan Polisi , mula saben saben acara ngopi bareng  korp wartawan mesti diwenehi wektu kanggo Wartawan menyampaikan uneg uneg Utawa usulan.

Siji kelemahane Acara Ngopi bareng sing wis mlaku sekitar 5 sasi , Yo kui acarane dikemas terlalu formal lan bertele tele , sehingga wektu dialog terasa begitu lama banget  ( 3,5 jam) 

Kelemahan sing kepindo , dialog terbuka koyo sing dienekne Polres Pacitan ,  rawan  penyalahgunaan informasi sing kadang dimanipulasi oknum oknum tertentu , informasi urung ditindak lanjuti , ujug ujug wis ewes...ewes...ewes...ewes..ewes ( Gustik)










Sabtu, 25 Oktober 2025

RAPI GELAR MUSWIL RONNY DIPILIH KEMBALI..?

RAPI GELAR MUSWIL RONNY DIPILIH KEMBALI..?

Rapi Pacitan Gelar Muswil di Gedung Merah Putih Pucang Sewu Pacitan.

Pacitan Post .26.10.028.
Radio Antar Penduduk Indonesia ( RAPI) wilayah Pacitan Dina Iki gelar Musyawarah Wilayah ( Muswil) ke IX ana Gedung Merah Putih Kelurahan Pucang Sewu Pacitan.

Gedung sing ndisik difungsikan kanggo Kantor DPC Partai Demokrat Pacitan dipenuhi sekitar 200  peserta Muswil saka berbagai wilayah Kecamatan SE Kabupaten Pacitan.

Muswil dibuka saka wakil Pemerintah Heri Setijono sing Saiki kejibah dadi Kepala Dinas Sosial Pacitan , didampingi Ketua Rapi Pacitan periode 2021-2025 Ronny Wahyono.

Heri Setijono sing teka mewakili Bupati Pacitan , masiha sambutane  dipersingkat , kira kira isi sambutane menekankan pentingnya sinergitas antara Rapi lan berbagai pihak , utamane mitra Karo Pemerintah Kabupaten Pacitan ,Rapi klebu ujung tombak  berbagai informasi sing enek wilayah Pacitan , geografi Pacitan sing bergunung gunung Rapi sangat dibutuhkan , terang Heri.

Sementara Ronny Wahyono sing menjabat Rapi Pacitan Patang tahun kepungkur , nada nadane bakal kepilih maneh , klesik klesik peserta Muswil ijik mengarah menyang Ronny Wahyono.

Nganti berita Iki ditulis ,Ibnu Hajar Kuncoro sebagai pemimpin sidang ,isihh njaluk persetujuan marang peserta  rapat...( Gustik)





Jumat, 24 Oktober 2025

dr Johan Dirut,dr Iman Sekretaris Dinkes, Turmudi Kesbang, Irul Pariwisata , Mahendra Perhubungan..

dr Johan Dirut,dr Iman Sekretaris Dinkes, Turmudi Kesbang, Irul Pariwisata , Mahendra Perhubungan..


Pacitan Post. 24.10.025.
Mutasi pejabat Pacitan tahun 2025 sing paling ora enak ati Yo kui , pertukaran antara dr Iman Darmawan sebagai Dirut Rumah Sakit  lan dr Johan Tri Putranto sebagai Sekretaris RSD

Dalam pelantikan sore Iki , dr Djohan Tri Putranto diangkat dadi Dirut , sedang dr Iman Darmawan dipindahdadi Sekretaris Dinas Kesehatan Pacitan , seolah koyo dilorot tapi sejatine Munggah jabatan masiha muk dadi sekretaris .


Sekilas hal iku ketok biasa , tapi didelok saka perasaan antara dr Johan lan dr Iman ,dr Ndaru .pasti dadi ora kepenak , seolah koyo koyo dr iman kelorot , padahal sejatine drajate pada  , lan struktural  RSD dibawah Dinas Kesehatan.

Sementara kejutan terjadi ana Dinas Pariwisata , Turmudi sing wis suwe dinilai ORA berhasil ana Pariwisata  akhire di lukir menyang Kesbangpol lan Munirul Ihwan saka Kesbangpol dipindah menyang Pariwisata.

Sing ora habis pikir , Bambang Mahendrawan sing wis injoi ana bidange ( Dinas Kelautan) dipindah menyang Dinas Perhubungan ganteni Joko Utama sing diangkat sebagai staf ahli,sedang 
 Pandu Khemal menjabat kepala Dinas Pendidikan Pacitan , terakhir Heri Prasetyo sing awale jabat PMD dilantik dadi Kadinsos , sedang Prayit diangkat dadi Asisten

Nganti berita Iki ditulis , acara pelantikan pejabat isih berlangsung , utamane pejabat eselon 3 lan 4 sing isih diwacakne Protokol..( tik)


Kamis, 23 Oktober 2025

PANDU JAM 13.00 Wib  kabar manuk Dilantik Kadindik jalan mulus menuju SEKDA...Heru Wiwoho Wabup..,?

PANDU JAM 13.00 Wib kabar manuk Dilantik Kadindik jalan mulus menuju SEKDA...Heru Wiwoho Wabup..,?


Pacitan Post .24.10.025.
Yen ora enek perubahan , Dina Iki Jumat (24/10) sebagian eselon 2.3.4 Pemkab Pacitan bakal  di enekne mutasi , tempat ana Pendopo  Kanjeng Jimat Pacitan.

Informasi sing beredar , Tokoh Favorit Bupati Pandu Khemal bakal ngomandani Dinas Pendidikan Pacitan , Pandu bakal isi jabatan Kepala Dinas Pendidikan  sing lowong merga ditinggal pensiun Ir Budiyanto.

Informasi Putra mbarep Pasangan Sutikno - Sutari sing uga kakak kandung Bagus Surya Pratikna ( Anggota DPRD),  bakal dadi Kadindik Pacitan sejatine wis rada suwi , tepate 3 sasi sak durunge pak Budiyanto Pensiun.

Pandu Khemal jam siji  kabar manuk dilantik Kepala Dinas Pendidikan Pacitan.

Wektu kui beredar yen Pandu Khemal disiapke ngisi Jabatan Sekretaris Daerah Pacitan , umpama sewaktu waktu Sekda Saiki Heru  Wiwoho pensiun.

Jenenge' dawa dawa ula ..! Sekda Heru konon bakal dipinang Gagarin kanggo dampingi sebagai Wabub ana gelaran  Pilkada Pacitan tahun 2029 Utawa tahun 2031, kui  yen sida enek perubahan jadwal Pilkada saka KPU  Pusat.

Kepastian Dina Iki enek gerbong mutasi dibenerke Kepala Dinas Kominfo Pacitan Dodik Sumarsono , bener jam siji aku entuk undangan Mutasi , ananging sopo sopo sing dimutasi aku ora weruh , aku muk sekedar entuk undangan menghadiri , jare Dodik.

Sekedar tambahan informasi , gerbong mutasi berbagai eselon  ana lingkungan Pemkab Pacitan terpaksa dilakukan , merga akeh pejabat sing pensiun .

Kejaba saka iku , akeh personel ASN sing butuh penyegaran ana lingkungan kerjane , minimal tenaga tenaga ASN ana lingkup Pemkab  Pacitan suasana baru Ben tambah semangat , tur mutasi iku hal biasa ,imbuh Dodik ..( tik)







Senin, 20 Oktober 2025

Lagi trend  :  pakan wedus  dibarter  kebutuhan pokok...!

Lagi trend : pakan wedus dibarter kebutuhan pokok...!


Pacitan Post .21.01 .025.
Ditengah ekonomi sulit , Himpunan Peternak Domba Kambing Indonesia Pacitan  , gawe terobosan  ngenekne' skema pembayaran  ijol pakan.

Menurut Ketua HPKDI Pacitan Anang Setyaji ST , skema pembayaran ijol pakan dibarter Karo kebutuhan pokok sehari hari , terinspirasi kondisi ekonomi sulit ana Indonesia ,  ananging kehidupan masyarakat tetep mlaku sekalipun misale' ORA duwe duit.

Kanggo sementara Carane ' ..!
Warga masyarakat ngumpulke godong tela / batang hijau lan  disetor ke pengepul   (1 kg) diregani 500 rupiah , lantas saka pengepul dituku HPKDI 700 rupiah.

Sakteruse'  HPKDI memproses godong tela lan batang hijau dadi pakan kewan sing higienis , anti penyakit lan dikemas srana kantong plastik anti UV sing diregani 1500 rupiah per kantong plastik UV.

Sing dadi salut masyarakat Pacitan , Ternyata yen penyetor daun singkong  pingin dibarter Karo kebutuhan sehari hari ,dilayani marang HPKDI Pacitan.


Anggota DPRD Pacitan Rudi Hartoyo mengapresiasi , langkah HPKDI gawe terobosan srana  (skema ijol pakan)  sing dibarter Karo bahan keperluan pokok sehari hari.

Diharapkan skema pembiayaan model ijol pakan ora mung Ning sektor peternakan , ananging merambah menyang sektor liyane , koyo to lombok Isa dituker Karo beras , Kayu bakar Isa dituker Karo Gula lan komoditi liyane, ungkap Rudy..

Sekedar informasi , model  barter kebutuhan pokok lazim dienekne wong Urip jaman ndisik , kayu bakar dijolke gula , hasil  polowijo dibarter beras lan liyo liyone.
Yen mlaku apik skema model ,, ijol Pakan ,, bakal ditiru Warga Pacitan...Kabeh tergantung conto sing wis mlaku..

Rega Plastik UV 6000 rupiah(.tik)









Sabtu, 18 Oktober 2025

Terowongan Beracun : Jawane AREP nulung kancane, malah katut mati pisan .

Terowongan Beracun : Jawane AREP nulung kancane, malah katut mati pisan .


Pacitan Post.19.10.025.
Sakjane wis bola Bali entuk pelajaran saka berbagai kasus , Yo kui  (bab ) kerja  tukang gali sumur lan gali watu tambang ana terowongan , ancamane muk siji , ' gas beracun mematikan.

Ananging pelajaran terkait gas beracun , sering kali diabaikan , sing ngongkon kerja ORA memperhatikan lan sing kerja Yo ORA memperhatikan.

Kudune ..! pekerja ana lingkungan berbahaya koyo ngono kui kudu  duwe alat deteksi gas , ora asal mlebu sumur lan mlebu terowongan , sebab situasi udara ana Jero sumur lan terowongan , dipastikan kadar udara  saben dina beda beda.

Koyo sing terjadi ana desa Jeruk Kecamatan Bandar Pacitan , penyebabe kurang luwih Yo ngono kui , asal mlebu terowongan tambang , tanpa pengecekan udara terlebih dahulu , akhire 2  pekerja  ( Misradi ) lan Sugeng Triono pekerja  tambang watu ungkal mati Ning Trowongan.

Sing ora masuk akal kronologi kedadeane , wis ngerti  alm Misradi  wis nglempruk ORA bergerak ana lorong tambang sejauh 70 meter  , pekerja liyane ( Sikas Karo Agus) uga wis ngrasakne sesek dada , untung isih kuat metu Trowongan lan  Slamet .

Kok Iso isone ,  Sugeng Triono sing awale Eneng njobo Trowongan , Kok ujug ujug   langsung mlebu blusuk menyang Trowongan,  jare arep nulung Misradi tanpa peralatan sing memadai .

Akhire Isa ditebak , Sugeng Trionopun melu mati  terjebak gas beracun ana Jero terowongan watu ungkal sing kedalamane sekitar 70 meter .

Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro  entuk laporan musibah 2 pekerja tambang mati terjebak ana Jero tambang ,  segera mrintahake Polsek Bandar untuk evakuasi korban korban sing diduga hirup gas beracun sing umum muncul ana Jero tambang.

Evakuasi berjalan lancar , Jenazah alm Misradi lan Sugeng Triono Isa digeret menyang  njobo terowongan , lan digawa menyang Puskesmas Bandar kanggo memastikan penyebab penyebab kematian .

Cuma Kapolres pesen marang warga masyarakat , yen AREP nulung wong mati merga terjebak ana Jero terowongan /Jero sumur kudu duwe alat sing memadai , lan Ojo lali koordinasi Karo berbagai pihak...sebab nangani gas beracun iku kudu duwe alat alat khusus , tegas Kapolres ..( tik)




Jumat, 17 Oktober 2025

KEJURKAM PACITAN RAMAI..

KEJURKAM PACITAN RAMAI..


Pacitan Post.17.10.025.
Kejuaraan antar Kampung ( Tarkam) ke 3 ana Pacitan  Dina Iki ( 17/08) dibuka marang Wakil Bupati Pacitan Gagarin Sumrambah.

Sekitar 1000 undangan tumplek bleg ana Gelanggang Olah Raga Pacitan , mulai saka atlit antar sekolah , pejabat lan undangan liyo.

Miturut Turmudi Kepala Dinas Pariwisata Pacitan  , gelaran Kejurkam tahun 2025  mempertandingkan 4 Cabor antar Sekolah se Pacitan , antarane Volly Ball , Senam Pantai , Lari lan Fun Run.

Sementara Wakil Bupati Pacitan Gagarin Sumrambah , pesen marang Atlit atlit sing bakal tanding  ana Kejurkam , kudu duwe semangat tanding sing kuat , Ojo merga enek kata kata Kejurkam / Tarkam  terus ORA semangat , justru event Iki kudu digawe pelecut kanggo ningkatke Prestasi menyang jenjang sing luwih duwur , tegas Wabub.

Sedang pihak Tuan Rumah  Kemenpora , sing diwakili  Bidang Analis  Kebijakan Ahli Madya  Een  Ermawati ngaku rumangsa bangga , Kejuaraan Antar Kampung sing digelar ana Pacitan selalu penuh penonton lan selalu ramai.

Engko tak laporne pak Menpora Erick Tohir , yen Kejuaraan antar Kampung ana Pacitan selalu sukses lan dipenuhi penonton , ungkap Een.

Sekedar tambahan informasi , Kejuaraan Antar Kampung seluruh Indonesia digelar 48 kabupaten / Kota termasuk Pacitan sing digelar mulai tanggal 17-19 Oktober 2025...( Tik)







Kamis, 16 Oktober 2025

Maling Beras Mentoro awan kingko didamaikan merga mlebu Tipiring

Maling Beras Mentoro awan kingko didamaikan merga mlebu Tipiring


Pacitan Post . 18.10.025.
Maling beras sak kampluk ana dusun Duduhan Desa Mentoro wis kecekel , rencana awan Iki Kapolsek Kota Pacitan Andrea Hekso bakal mempertemukan Susi pemilik Beras lan tersangka,sing Saiki ijik ditahan ana Polsek Kota Pacitan.

Menurut  Kapolsek Andrea , jalan damai kudu ditempuh merga Rega beras sing dicolong dibawah 2,5 juta , sesuai aturan  mlebu katagori tipiring.
Saat Akad Perdamaian , Pihak Desa bakal dadi saksi , ditambah Babinsa Desa Mentoro.

Mengenai metode , Pencuri besar kudu mbalekne menyang pemilik beras , ditambah hukuman sosial , misale'  si Maling diwajibke seminggu  resik resik Masjid Utawa lingkungan Kantor Desa lan liyo liyane' 
AKBP Ayub Diponegoro dalam satu kesempatan.

Sementara Kapolres Pacitan.AKBP Ayub Diponegoro , menghimbau masyarakat saat Terduga Pencuri diberikan sangsi sosial agar diperlakukan baik , karena pada sadarnya dia mencuri karena kebutuhan ekonomi yang mendesak..

Hukuman Sosial ora mung diterapke Maling Beras ana Mentoro , tapi uga maling Rokok sing wingi uga kecekel...

Kejaba saka iku ,Kapolres mantan penyidik KPK Iki uga menghimbau marang Kabeh warga , yen ndeleh barang barang berharga , diusahakne primpen saka incaran maling, Yo pokok'e Ojo cemolong lah , jare Kapolres ..( Tik)

Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done