PACITANPOST
News Update
Loading...

Minggu, 31 Agustus 2025

IMBAS  PERNYATAAN PRABOWO DEWAN PACITAN  SIAP SIAP TUNJANGAN DIPRETELI .

IMBAS PERNYATAAN PRABOWO DEWAN PACITAN SIAP SIAP TUNJANGAN DIPRETELI .


Pacitan 31.08.025.
Nasib pancen sak paran paran , ora rumangsa njarak Warga , Dewan Pacitan terancam kenek imbas saka protes masyarakat sak Indonesia sing nganti Dina Iki urung bar , bahkan Soyo mencekam.

Merga kondisi  semakin ora kondusif , Prabowo Subianto ngumpulke Ketua Partai kanggo golek solusi situasi sing makin ora terkendali.

Coretan tidak senonoh mewarnai Demo Pacitan.

Salah satu intruksi lan kebijakan Prabowo, Yo kui meniadakan segala bentuk tunjangan Dewan sing memberatkan keuangan Negara lan meninjau ulang program kunker ke luar negeri.

Kebijakan pencabutan  Utawa peniadaan segala bentuk tunjangan anggota  DPR RI dipastikan bakal merembet menyang DPRD Provinsi lan DPRD Kabupaten / Kota.

Nanggepi intruksi Presiden terkait pembatalan /:pencabutan tunjangan anggota  Dewan ,direspon Rudy Hartoyo , Rudy sing terkenal sebutan Rudy Ompong mengaku siap lan mendukung intruksi Presiden Prabowo.

La trus  arep ngopo jal , wong kui intruksi Presiden , kejaba saka iku kondisi  Negara Yo wis  ORA kondusif , gelem ora gelem AREP tunjangan dikepras Piro awak muk manut wae, jare Rudi memelas.

Kader Hanura asal desa Nanggungan iku uga menghimbau Karo konco konco Dewan  Pacitan , kanggo sementara ORA sah nganggo mobil mewah yen Nyang Kantor Dewan , masiha mobil mobil kui Ale tuku Dewe Dewe ,  ora saka duit korupsi.

Himbauan Rudi Hartoyo terkait gaya hidup Dewan Pacitan sing sering gawe mobil mewah , kadang  nganti berjejer jejer koyo Show Room Mobil  , didukung  Pacitan Courruption Watch ( PCW) , koyo sing diomongke Ahmat Dhimyati , Dewan Pacitan kudu Melu rasa empati Karo rakyat cilik sing nganti seprene sepeda ontel wae rakyat ijik enek sing ora Isa turu , terang Dim....( Gustik)








Jumat, 29 Agustus 2025

Tersangka BLAKDENG anak kadung & Cah SMP Ketangkep...

Tersangka BLAKDENG anak kadung & Cah SMP Ketangkep...


Pacitan Post .39.08.025.
Moral bejat  seorang bapak asal Kebonagung Pacitan ,  sing tega  memperkosa anak kandung  dina rabu wingi ( 27/08) akhire ditangkep Polisi Polres Pacitan  ana daerah Surabaya .

sakdurunge ditangkep Polisi ana Surabaya tersangka Marijan ( nama samaran) sempat mloya mlayu ana daerah Jakarta lan Tangerang.

Menurut Dwi  Wakapolres Pacitan , Polisi sempat mengendus  tersangka Marijan ana Tangerang, tapi tersangka  keburu mlayu numpak bis  Nyang Surabaya , lan akhire medun saka bis langsung ditangkep tim Gabungan Polres Pacitan lan Surabaya.

Dua tersangka BLAKDENG anak dibawah umur.

Awal critane Bapak Bejat dicokok polisi , Korban Bunga 14 ( nama samaran) sejak umur balita wis ditinggal pisah  wong tuwane merga cerai , si Bunga diramut mbahe ,  gandeng bunga soyo gede Soyo montok , si Marijan ( Bapak Kandung)  sotonge' mulai tar ter , sing akhire ora Kuwat ,si Bunga  di blackdeng / disetubuhi nganti  ping pirang pirang .
Ironise ' saben mulih mrantau ana Jakarta Marijan bola Bali njaluk jatah.

Merga ora kuat Karo kelakuan bapak kandunge , Bunga manek manekne' crito Karo dulur dulure , sing akhire warga lan dulur dulure nglaporke Marijan menyang Polisi Polsek Kebonagung.
 
Kejadian serupa , menimpa bocah wedok umur 14 tahun sing sekolah  Ning SMP  Nawangan , gara gara  curhatan cinta ana medsos , Melati 14 ( nama samaran)  dirayu rayu  bocah Lanang sing akhire kepencut.
Akhire merga saling kepencut , Si Melati di Blekdeng ( disetubuhi)  ping Pindo , mungking wis kadung apese Wito ( nama samaran) korban sing Melati meteng / Hamil.

Konangane' saat melati olah raga , pinggang melati lara nganti semaput  nganti diperiksa UKS sekolah SMP Nawangan.

Mungkin guru wedok curiga,  bareng dielus elus  wetenge kok ketok jendil , merasa curiga Guru maeng nglaporke menyang pihak keluarga.

Pihak keluarga memastikan Si Melati Hamil  sak bubare diperiksa rumah sakit ana daerah Wonogiri Jawa Tengah,singkat cerita Simelati Saiki wis nglairke.

Sesuai aturan  kedua tersangka , bakal dikenekne pasal asusila lan Perlindungan anak dibawah umur,sing ancemane 12 tahun penjara..( Gustik)





Selasa, 26 Agustus 2025

Dede : Pokir entek di dol , Gaji ora nampa , utang numpuk , Ning kantor klentrak klentruk..ngantuk..!

Dede : Pokir entek di dol , Gaji ora nampa , utang numpuk , Ning kantor klentrak klentruk..ngantuk..!

Aktor Dede Yusuf Macan Effendy hadiri  acara Bawaslu Pacitan di Teleng Ria.

Pacitan Post.27.08.025.
Dede Yusuf secara terbuka ngakoni , pasca pemilu 2024 kondisi  keuangan anggota Dewan  sungguh  memprihatinkan , ora mung ana Pacitan , tapi merata seluruh Indonesia.

Pokir di Doli Kabeh , SK digadekne Bank , Rapat Rapat luar kota ditiadakan , penjaman perorangan mlaku terus , akibate' tutup lobang gali lobang ora Isa dihindari.

Putra Aktris Top  Rahayu Effendi , sing Saiki njabat Wakil Ketua Komisi 2 DPR RI Iki omong blak blakan , merga Dede sing dadi Dewan 3 periode iku Yo nglakoni  ( mahalnya) biaya dadi anggota Dewan.

Ananging tokoh sing uga pernah jabat sebagai Wakil Gubernur Jawa Barat iku , , berupaya,, keras  lewat Komisi 2 DPR RI  membahas skema Pilihan Legeslatif sing  ora terlalu membebani Caleg.

Contone jare Dede Yusuf ! Kedepan Skema penentuan bisa tidaknya menjadi anggota  Dewan ,  diatur win win solution,  suara partai dihitung dan suara personal uga dihitung , banyak yang mana..!

Seandainya okeh suara Partai ,  dimungkinkan sing terpilih sebagai anggota Dewan Yo kui nomor  urut sing ditunjuk Partai .

Sekedar tambahan informasi , Formulasi pemilihan anggota Dewan sing diterapne Saiki Yo kui okeh okehan perolehan biting , ternyata gawa dampak luar biasa , minimal anggota Dewan  sing terpilih ( Rino Wengi ) ora Isa turu...( Gustik)

















BAWASLU PACITAN AWAN AWAN  DITEKANI MACAN...!

BAWASLU PACITAN AWAN AWAN DITEKANI MACAN...!

Artis Dede Yusuf  dan Reporter TV RI Jatim Heru Wicaksono

Pacitan Post. 27.08.025.
Badan Pengawasan Pemilu (Bawaslu) Pacitan  ,maeng esuk ( 27/08)   ngenekne acara bertajuk ,, Penguatan Kelembagaan ,,  sing dienekne ana Hotel Parai Pantai Teleng Ria Pacitan.

Sekitar 72 undangan saka berbagai elemen masyarakat Pacitan  pada ngrungokne Nara sumber sing dipandu wartawan senior Purwo Sasongko.

Intine' Kabeh Nara sumber omong , Piye carane pemilu tahun 2029/31 luwih berkualitas , money Politik ISO  dikurangi / ditekan serendah mungkin.

Yusuf Macan Effendy  dan Purwo Sasongko

Sekitar jam 10.30 Ujug ujug enek Macan teka , Ning Ojo salah ! sing dikarepne macan  Yo kui Artis Film Dede Yusyuf sing duwe jeneng  dawa DR Dede Yusuf Macan Effendi.

Dede Yusuf sing Saiki jabat Wakil Ketua Komisi 2 DPR RI , omong yen Bawaslu di Indonesia ibarat Macan tapi ompong , yen enek pengaduan terkait pemilu ,eksekusine lembaga liyo yo kui Polisi ,kejaksaan lan Pengadilan.

Kedepan imbuh si Macan , sesuai regulasi sing direvisi MK  , Bawaslu duwe peluang eksekusi  setiap pelanggaran pemilu , mula kedepan personalia Bawaslu  perlu ditingkatkan , kudu enek ahli hukum pidana , hukum tata negara lan sakpiturute , imbuh mantan wakil Gubernur Jawa Barat .

Sekedar tambahan informasi , Aktor putra mendiang Artis Rahayu Effendy Nyang Pacitan kejaba acara Bawaslu uga enek acara Bimtek Partai Demokrat ana Musium SBY sing diikuti ribuan Peserta internal Demokrat se  Jawa Bali..( Tiks)

  



Minggu, 24 Agustus 2025

WONG PACITAN GUMUN.. RONNY GELEM NYEKEL GOLKAR

WONG PACITAN GUMUN.. RONNY GELEM NYEKEL GOLKAR


Pacitan Post .25.08.025.
Gonjang ganjing Partai Golkar Pacitan , Iki dina mulai dirasakne kader lan Simpatisan Partai Golkar Pacitan , sing nota bene seminggu maneh bakal ngenekne' Musda .

Mula bukane Gonjang ganjing Partai Golkar Pacitan  berawal saka Isu ( dugaan ) DPD I  Golkar Jawa Timur menunjuk( membranding) Lancur Susanto sebagai Calon Tunggal ketua DPD II Pacitan periode 2025-2030.

Menurut tokoh lan simpatisan Partai Golkar Pacitan. Ir.Budi Wirawan ,  sejatine milih ketua DPD  dimodel calon tunggal iku apik , ngurangi resiko benturan  antar kader lan simpatisan.

Ananging masiha diformat calon tunggal , brandingnya kudu Demokratis , Kabeh mekanisme kudu dilalui , dirembuk srana apik lan sesuai tatanan AD/ ART lan Garis kebijakan Partai, ora gek digawe meneng meneng , tegas Budi Sartek sing pernah memimpin Partai Golkar Pacitan beberapa periode.

Ditakoni bab Tokoh Kuat Ronny Wahyono  sing didorong mlebu Partai Golkar , Budi Sartek mendukung mlebune Ronny menyang Partai Golkar , sebab umpomo Ronny Sida tenan ibarate Ronny mlebu menyang omahe lawas , merga ndisik Pak Sujono uga kader Golkar saka sayap  REI  sing dipimpin Ridwan Hisyam.

Wah yen Pak Ronny Wahyono Isa mlebu Partai Golkar insya Allah Golkar Pacitan bakal bangkit lan melejit , sebab Ronny kaya pengalaman lan pernah dadi Anggota Dewan lan  bahkan  pernah menjabat sebagai Ketua Dewan 2 periode , cuma Sayange ' yen didapuk dadi Ketua Golkar bakal nemui jalan terjal , tapi Kabeh tergantung  internal Partai  Golkar dewe ,yen memang dibutuhne Kabeh Isa dirembug, jare Budi  Ambi guya guyu..

Sementara Ronny Wahyono  mantan Kader terbaik Partai Demokrat Pacitan ditakoni media , panggah jawab siap dicalonkan sebagai ketua DPD Partai Golkar , Ronny uga janji siap gawa Gerbong Partai Golkar Pacitan kembali berjaya ,, setelah sempat turun terus menerus  perolehan suara Legeslatif.

Sedang Imam Haryono ,   Tokoh  karismatik  Partai Golkar Pacitan sing  pernah dadi anggota DPRD Ii lan DPRD I Propinsi Jawa Timur  4 periode (  berharap ) kabeh kader lan pengurus  Partai  Golkar mulai saka Pengurus DPP , DPD I Jawa Timur lan DPD II Pacitan ( terbuka) mengenai kondisi Partai Golkar Pacitan saiki sing secara jelas turun terus menerus perolehan suara Pemilu Legeslatif.

Sebagai tokoh sing pernah dadi alumni Kader Partai Golkar Pacitan , rumangsa duwe tanggung jawab moral tentang kondisi Partai Golkar Pacitan sing miturut  Imam Haryono memprihatinkan , miskin kader lan miskin Calon Pemimpin.

Akeh kader lawas Partai Golkar sing menghubungi Imam Haryono , sing intine  kon Melu cawe cawe terkait krisis kepemimpinan Partai Golkar Pacitan , Imam Haryono muk jawab singkat , jupuk'en pak Ronny Wahyono yen pingin  Golkar Pacitan maju lan berkembang maneh koyo sing ndisik disik,ungkap nya.

Sekedar  Tambahan Informasi kurang luwih seminggu maneh , DPD Partai Golkar Pacitan bakal menggelar Musda , diduga merga Calon Ketua ( Lancur Susanto) wis dikondisikan Calon Tunggal srana Aklamasi , sebagian kader Golkar mulai brontak  lan ora setuju Lancur sebagai calon tunggal , alasane Lancur bagian masalalu sing gawe Golkar medun drastis..( Gustik)









Stand Stand UMKM Desa Mentoro ngelingke'  Pitulasan tahun 70 - An  Regeng...

Stand Stand UMKM Desa Mentoro ngelingke' Pitulasan tahun 70 - An Regeng...

Stand Stand Antar Dusun Desa Mentoro ngelingke' Pitulasan Jaman Semana...!

Pacitan Post 25.08.025.
Saben saben agustusan Bangsa Indonesia rutin ngenekne  berbagai acara sing gawe senenge warga , umume' acara acara sing enek karo filosofi perjuangan.

Berbagai lomba tradisional sing ora pernah ditinggal  lan selalu dienekne'  koyo to , balap karung , tarik tambang , lomba nyokot krupuk lan Bal Balan jago kapok selalu ditampilkan, pendek kata ..! Agustusan tanpa balap karung lan penek! an Pucang  seolah  agustusan terasa hambar.
Ora ketinggalan bocah cilik cilik bahkan balita Melu lomba sing dienekne panitia lan  seneng merga diwenehi Hadiah.

Ananging sejatine' Acara sing paling berkesan saben saben agustusan Yo kui Pasar malem  antar desa sing digelar ana alun alun , kejaba sebagai ajang pamer produksi lan hasil bumi  suatu desa , acara pasar malem uga dienggo cuci mata bocah enom enom.

Sayang pasar malem antar desa,  Saiki wis punah alias ora Nate enek , tela tahun sing gedene sak kempol kempol , kerajinan ibu ibu arupa irus ,sapu lidi lan keset jaman Saiki wis ilang.

Tari reog sing digelar ana lapangan desa Mentoro Pacitan.

Bersyukur pagelaran reog / dadak merak nganti seprene isih diuri uri , bahkan cenderung rutin digelar ana berbagai kegiatan acara berskala Nasional.

Pancen kala kala Pameran Stand  sing biasane diisi kerajinan tangan lan jajanan Tradisional isih enek,  sekalipun muk tingkat pedukuhan , koyo sing dienekne desa Mentoro .

Sekalipun Stand Stand  UMKM muk sederhana , tapi minimal wis Isa ngobati rasa kangen pasar malem tahun 70 an ,sing dienekne ana alun alun Pacitan.

Hari Kemerdekaan Republik Indonesia kaping 80 , ana seantero negeri tidak terkecuali Pacitan WIS teka pungkasan , jalan santai , lomba joget , panjat pinang , Tarik tambang lan dangdutan wis Cuntel ....( Gustik)





















Kamis, 21 Agustus 2025

Pengembangan Obyek Wisata opo kudu dibranding , Mitos , Mistik lan Syirik..?

Pengembangan Obyek Wisata opo kudu dibranding , Mitos , Mistik lan Syirik..?


Pacitan Post. 22.08.025.
Sekedar tekok ..! 
Branding  Pacitan 70 Mile Sea Paradise ,  sing salah siji tujuane' ngembangke' / mengekplor  obyek wisata Pantai Selatan Pacitan , sethitik enek pitakonan warga bab  ,,carane' dodol / masarke' obyek Wisata ..

Misale' : 
1.
Pantai Nanggala.
Pantai Nanggala dimitoske' , Dari Senjata Prabu Maladewa dadi tempat pertahanan tersembunyi..bla...bla...
2.
Pantai Banyu Tibo.
Legenda Kokrosono & Grojogan Sewu , Air terjun yang dipercaya airnya bisa menyembuhkan penyakit..

3.
Pantai Siwil.
Diambil dari kata  (dijawil) Jin Penunggu yang pantang mengambil ikan terdampar yang tidak biasa .

Conto conto Obyek Wisata Pantai sing dibranding (Mitos ) pancen biasa , koyo to Nyi Ratu Kidul , Nyi Blorong , mitos Klambi ijo lan akeh metos liyane ,sing nganti Dina Iki isih dipercoyo lan  bahkan diuri uri .

Ananging kanggo sebagian warga sing Imane anti kesyirikan Lan anti mistis , mitos mitos Obyek wisata iku mau muk sekedar lelucon sing ora lucu .

Koyo sing diomongke Tarjono , Rejeki Nelayan , Obyek wisata regeng / ramai pengunjung , kui Kabeh sejatine'  tinetese' / pemberian saka Gusti Allah , sing ora enek hubungane Karo mitos mitos kesyirikan , tegas Tarjono asal Wonogiri sing kebetulan rekreasi menyang Mesjid Apung , sekalian ndelok Acara Ekspedisi Merah Putih ana Pancer Door.

 
Pendapat pak Tarjono , mewakili sebagian wong sing ora setuju anane mitos mitos ana setiap obyek Pantai sing Saiki diupayakan di Eksplor.

Sedang pendapat liyo sing Pro Mestis , pancen ora Isa disalahne , merga saking suwene Urip ana tanah Jawa sing Full ragam budaya lan mitos mitos .

Cuma sing perlu ditinjau ulang ! , Yo kui marang pelaku Wisata  Utawa pejabat sing duwe wewenang bab Perkembangan Budaya lan Wisata ana Kabupaten Pacitan , Sejauh manakah keuntungan dari pada  Branding /mitos mitos tersebut untuk laju perkembangan obyek wisata..?
Penulis  dilokasi Door Stop Media Pancer Door Pacitan.

Suatu keindahan obyek wisata dicipta dan dianugerahkan dari Tuhan yang Maha Esa yaitu Allah SWT untuk manusia  dan itu Pasti.

S@iki sing dadi Pertanyaan, obyek wisata Pacitan  ditekani Wisatawan tujuane ndelok keindahan Pantai opo merga anane mitos mitos ? 
 Jare Paetun  !
kok urung krungu enek wisatawan menyang  laut Pacitan AREP  ndelok petilasane Ni Blorong Utawa Nyai Ratu Kidul..
Jare paetun !
Terus  Opo gunane gawe'  mitos mitos sing ujung ujunge' muk dislentik Gusti Kang Akarya Jagad ....
Isih jare Paetun ..!  Iso wae obyek wisata ana Pacitan  bubruk ora okeh pengunjunge ' merga kakean mistik...

Sekedar Tambahan Informasi , Papan sisih kidul Mlebu Panggung Utama  acara Ekspedisi Merah Putih,  dipampang 70 obyek Wisata Pantai Pacitah sing siap di Eksplor , Kegunaane sejatine kanggo ( Door Stop Wartawan ) ..
Ditulis oleh Sutikno Pelaku Wisata Pacitan / desainer Pembangunan Obyek Wisata Goa Gong dan Desainer Renovasi Taman Belakang Halking Pendopo Kanjeng Jimat Pacitan,sebagai bagian pertanyaan potret pengembangan Wisata Pacitan.


















Istimewa : Sing diceluk AHY ..Mas .! muk Gagarin...jatah tenan GG..!

Istimewa : Sing diceluk AHY ..Mas .! muk Gagarin...jatah tenan GG..!

SBY. EBY lan GG Jalan berdampingan menuju titik  Pantai Pancer Door Pacitan.

Pacitan Post. 21.08.025.
Acara Ekspedisi Merah putih Dina Iki maeng wis bar , tim sing saka arah pancer wetan ketok dampyak dampyak dipimpin SBY didampingi Gagarin , Ibas lan Kapolres Ayub Diponegoro.

Tim Ekspedisi Merah Putih  sing saka kulon , arah Pancer Kulon ( Tamperan ) dipimpin AHY , didampingi  Bupati Indrata Nur Bayu Aji  , Dandim 0801 lan rombongan liyane' .

Tim sing saka Etan didramakan ketemu Tim Ekspedisi Merah Putih  sing saka kulon ,  lantas ketemu ana titik tengah Pantai Pancer Door , saperlu nancepke Bendera Merah Putih sebagai penanda acara Ekspedisi Merah Putih dalam rangka Pacitan 70 Mile Sea Paradise dalam rangka HUT RI ke 80 telah selesai.

Dasar mantan Alumni Akmil Magelang AHY tak sedikitpun merasa lelah .

Acara dilanjut menuju Panggung Besar disekitar lapangan Parkir Pancer Door sebelah etan ,  sing acarane  Yo kui acara ,, Seremonial Penutupan  Tim Ekspedisi Merah Putih sing dimulai saka tanggal 19.08.025.

Kocapo..!
Saat AHY didapuk Sambutan , AHY menyebut Kabeh tamu undangan srana sebutan pangkat lan jeneng Asli , ananging istimewane'   enek siji Tamu undangan sing disebut  (Mas ) yo kui Wakil Bupati ,,  Mas Gagarin ,,.

Sepintas Yen dirungokne , sapaan AHY menyang Gagarin dianggep biasa , ananging didelok saka bobot ucapan lan gestur AHY seolah olah Gagarin  kader Istimewa.

Gagarin duduk sejajar dengan SBY.AHY. EBY lan Gagarin .

Gagarin sing kebetulan mlaku menyang Panggung bareng Wartawan Media Iki berseloroh , ora Popo mas aku diberitakne bab Politik , sing penting Ojo sing elek elek , jare Gagarin Ambi guya guyu.

Sekedar tambahan informasi , maksud tujuan Pemerintah Kabupaten Pacitan (  ngenekne' ) Acara Tim Ekspedisi Merah Putih menyusuri Kabeh Pantai Pacitan sepanjang 70 Mil , saperlu kanggo  dudohne' marang dunia luar , yen Pantai Pacitan sing cacahe 70 Kabeh apik lan siap dieksplor ...

Koyo sing diomongke AHY , generasi muda Pacitan kudu penuh semangat ngadepi tantangan jaman  , Pacitan duwe modal Pantai sing apik apik sing cacahe akeh , Pemkab kudu tanggap Ojo ditokne' wae' ( Didiamkan) saja..pinta AHY..( tik)

AHY Jadi rebutan anak anak sekolah  di Pantai Pancer Door.





















Selasa, 19 Agustus 2025

AHY Teka jam Loro mlaku saka Dadapan menyang Pancer Door.

AHY Teka jam Loro mlaku saka Dadapan menyang Pancer Door.

Rapat Panitia Pacitan 70 Mile Sea Paradise.

Pacitan Post.20.08.025.
Acara HUT RI 80 ana Pacitan meh paripurna , ananging  ijik nyisakne acara acara sing menarik kanggo masyarakat Pacitan , koyo to parade prahu , Festival Reog lan Ekspedisi Merah Putih .

Sing menarik Ekspedisi Merah Putih , sesuk awan sekitar jam loro  (kamis ) 21/08/025 , tim Ekspedisi bakal ditambah aktor ganteng AHY sing uga Menko Infrastruktur .

Menurut Kabid Informatika Dinas Kominfo Bagus Nur Cahyadi , direncanakne AHY bakal mlaku saka duwur Tamperan lewat Dermaga langsung medun lewat pantai Teleng Ria menuju Pancer Door.

Tim Ekspedisi Merah Putih udan GEJIBRAH tetep semangat ..

Ananging tambah Bagus , seumpama kali   tempuran Kulon banyune banter lan jeru ,  rute AHY  lan rombongan bakal dipindah lewat Dam Tamperan sebelah lor langsung menuju pesisir pantai Teluk Pacitan lan  finis ana Pancer Door.

Sementara Kadinas Kominfo Pacitan Dodik Sumarsono berharap , acara AHY  mlaku bareng  tim Ekspedisi Merah Putih muga muga  berjalan lancar , jagad ora udan ,tegas Dodik disela rapat tim Ekspedisi Merah Putih ana Ruang Liputan Kominfo.

Sekedar tambahan informasi , Tim Ekspedisi bengi iki sing budal saka arah Sudimoro,  bakal nginep Eneng Pantai Bakung Karang Nangka Kebonagung.

Sementara tim Ekspedisi sing budal saka arah Donorojo , bakal nginep ana daerah  Pantai Nanggal Desa Poko Kecamatan Pringkuku...( Tik)












Minggu, 17 Agustus 2025

Atlit Pacitan diguyur Bonus, Pelatih ada yang dapat 100 juta, Atlit dapat 60 juta.

Atlit Pacitan diguyur Bonus, Pelatih ada yang dapat 100 juta, Atlit dapat 60 juta.

Turmudi Kadis Disbudpar Pacitan hadiri pemberian Bonus Atlit.

Pacitan Post.17.08.025.
Resepsi Kenegaraan HUT RI ke 80 ana Kabupaten Pacitan dienekne ' srana sederhana , ananging masiha  dienekne sederhana tapi terhitung sukses lan lancar.

Pelaksanaan upacara hikmat , Kabeh peserta upacara ,  paskibraka , lan tamu undangan Kabeh sehat alias ora enek sing semaput koyo tahun tahun sakdurunge.


Acara dilanjut bengi srana agenda Resepsi HUT RI ana Pendopo Kanjeng Jimat Pacitan ,  koyo resepsi resepsi sakdurunge , sing diundang Paskibraka, Forkompinda , lan Kadinas sak Pacitan.

Ternyata tanpa diduga , acara resepsi sing dinilai ( sangat sangat ) sederhana iku mau , dibarengi Karo acara penyerahan Bonus Atlit lan pelatih Porprov Jatim 2025.

Lan ternyata justru  Acara Pembagian Bonus Atlit sing  seolah olah  muk koyo ditumpangke ,  ditengah acara  Resepsi HUT RI ke 80  Iki maeng , justru sing malah menarik lan gayeng dibanding acara Resepsi HUT RI ke 80.

Menyang media  Turmudi (Kadinas Kebudayaan lan Pariwisata Pacitan )  iku  omong , jumlah duit kanggo bonus Atlit  lan pelatih Porprov Jatim tahun 2025  jumlahe Rp. 720.000.000.
Saka jumlah 720 juta dibagi marang Kabeh atlit lan Pelatih sesuai Prestasi  entuk'e Medali.

Misale pelatih Angkat Besi Samsuri sing entuk 8 emas ,1 medali Perak lan 2 perunggu ,  bonus sing ditampa Samsuri 99.500.000.sedang anake Samsuri sing borong entuk 3 medali emas , bonuse  entuk 60 juta..

Terkait isu Duit Bonus Atlit sebagian bakal disetor menyang kas organisasi ( Cabor) dengan tegas Turmudi omong  , TIDAK BOLEH , Tulung yen enek kondanono aku, tegas Turmudi...( Tiks)
























Kamis, 14 Agustus 2025

PCW Berharap anggaran cukai tepat sasaran Rakyat menikmati...dukung operasi  sikat rokok Ilegal..

PCW Berharap anggaran cukai tepat sasaran Rakyat menikmati...dukung operasi sikat rokok Ilegal..


Pacitan Post .15.08.025.
LSM Pacitan Courruption Watch ( PCW) mengapresiasi Pemerintah Pacitan yang gencar membasmi Rokok Ilegal yang akhir akhir ini marak di Pacitan.

Menurut Pimpinan PCW Daerah Pacitan Ahmat  Dhimyati , Produksi Rokok ilegal di Pacitan sudah meresahkan , karena para penjual tidak teliti mengenali rokok itu legal apa tidak legal.

Bahkan menurut Dhimyati , Penjual Rokok Ilegal tidak tahu kalau rokok resmi telah memberikan sebagian pajaknya untuk masyarakat melalui berbagai skema atau Program.

Rokok ilegal hasil operasi Tim Gempur Rokok Ilegal Pacitan.

Salah satu program yang dirasakan masyarskat adalah pembagian uang secara tunai / langsung yang dilaksanakan Dinas Sosial melalui program BLT.

Menurut Siti   salah satu warga penerima rutin BLT , baru tahu kalau BLT yang ia terima sebagian dari anggaran cukai , Kulo nembe ngertos sak Niki yen yotro BLT sebagian  saking cukai  rokok .

Masyarakat juga baru paham penggunaan anggaran dari sumber Cukai , tidak saja BLT Tapi ternyata juga untuk pembangunan Gedung Rumah Sakit, Kulo mireng mireng gedung griyo sakit 6 Milyar nggih saking Cukai , jare Siti Lugu...

Oleh karena begitu pentingnya uang hasil Cukai , maka PCW Pacitan meminta kepada Bupati Pacitan agar berhati hati dalam penggunaan anggaran cukai yang ditempatkan di dinas dinas atau lembaga lain.

Kami akan selalu mengawasi Pemkab Pacitan dalam soal penggunaan dana Cukai , Dana dana tersebut harus kembali ke Masyarakat lewat berbagai program yang dijalankan Pemkab Pacitan , sejauh ini sih masih on the track ujar Ahmat Dhimyati..(tik)








Penjual Rokok Rata Rata tidak paham antara Rokok Legal dan Ilegal.

Penjual Rokok Rata Rata tidak paham antara Rokok Legal dan Ilegal.

Penertiban Rokok ilegal oleh aparat hukum sedikit membuat ketakutan penjual ,mereka tidak paham mana rokok yg legal dan tidak legal.

Pacitan Post .6 .08.025.
Anggota DPRD Pacitan merasa prihatin ,masih adanya rokok bodong di Pacitan , rokok rokok tersebut memang sepintas sama bagusnya dengan rokok ilegal , bedanya rokok ilegal tidak ada pita cukainya , sedang rokok legal ditempel kertas cukai disamping bungkusnya 

Pemberantasan ( Gempur ) rokok ilegal  yang masif dilakukan petugas atau aparat hukum di Pacitan , disokong Penuh  beberapa tokoh yang berkecimpung di DPRD Pacitan sebagai Wakil Rakyat , secara teknis hub komisi 3  ,  terang Bagindas ketika ditemui dikantornya kemarin.

Sekalipun tentang Cukai bukan urusan komisi 1 , namun beberapa anggota komisi 1 sangat mendukung  Rokok ilegal digempur secara masif.

 Ketua Komisi 3 Dewan Perwakilan Rakyat Daerah Pacitan Anung Dwi Ristanto , berpesan dengan sungguh sungguh kepada rekan rekan Petugas dan Media  , brantaslah rokok ilegal sesuai adat yang baik dan santun , jangan sampai penjual Rokok ketakutan berlebihan,tegas Anung.

Anung Dwi Ristanto Ketua komisi 3 DPRD Pacitan .

Lebih jauh Anung mengatakan, bahwa pajak cukai yang masuk ke Pemkab Pacitan untuk kepentingan rakyat harus dikelola baik , harus transparan dan tersalurkan tepat sasaran.

Sekedar tambahan informasi , pajak cukai yang dikembalikan kepada masyarakat , peruntukannya di masing masing OPD , ada BLT yang disalurkan dinas Sosial , ada yang untuk pembangunan fasilitas dan sarana kesehatan dan sebagainya..( tiks)









Toko Kecil Pedesaan Ketakutan Diberitahu Akan dibui jika jual rokok ilegal.

Toko Kecil Pedesaan Ketakutan Diberitahu Akan dibui jika jual rokok ilegal.


Pacitan Post.025.
Gerakan gempur rokok ilegal yang banyak dilakukan aparat hukum ,satpol PP dan masyarakat Pacitan ,nampaknya sedikit membuat penjual rokok ( disudut sudut kampung Pacitan ) menjadi sedikit ketakutan.

Seperti kata Bu Marmi , saya ini orang desa ,buta hurup tidak tahu rokok mana yang palsu dan resmi , sebab kemasan nya sama sama Bagus , saya kaget ketika beberapa petugas dan Wartawan datang ke warungnya, ada yang bilang ,ibu kalau terus terusan jual rokok yang semacam ini , bisa dipenjara  kata Bu Marmi sedikit memelas.

Oleh karena kondisi penjual rokok di sudut sudut kampung Pacitan , rata rata orang yang kurang  berpendidikan, maka beberapa anggota DPRD Pacitan meminta kepada petugas Penertiban rokok ilegal , agar berhati hati bicara kepada para pelaku usaha kecil , jangan sampai sidak sidak dadakan seperti itu , berpengaruh pada mental penjual yg kurang berpendidikan, ujar Wiwit Bagong ketua Komisi I DPRD Pacitan. 

Kami semua mendukung rokok ilegal dibrantas , karena sangat merugikan Negara dan masyarakat , namun harus dilakukan dengan cara cara edukasi yang baik ,tambah Pujo Setyo Hadi yang juga kolega Rahman Wijayanto di Dewan.


Sementara Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji merasa puas atas capaian petugas yang secara gencar melakukan penertiban bagi penjual rokok ilegal.

Penjual  kebanyakan tidak tahu  dan tidak bisa mengenali mana rokok legal dan rokok ilegal , karena bungkusnya sama sama Bagus , Bupati meminta kepada Petugas untuk mengedukasi ciri ciri rokok legal dan ilegal kepada masyarakat ,termasuk kepada para pemasok atau Supplier yang rata rata datang dari luar kota , kayaknya kalau lokal tidak ada deh , tegas Bupati yakin..( tik)

Gempur rokok bodong...gempur  rokok ilegal.















PAJAK CUKAI 6 M UNTUK BANGUN FASILITAS GEDUNG RSD DARSONO PACITAN , DORONG GEMPUR ROKOK ILEGAL...

PAJAK CUKAI 6 M UNTUK BANGUN FASILITAS GEDUNG RSD DARSONO PACITAN , DORONG GEMPUR ROKOK ILEGAL...

Pacitan Post.14.08.025.
Kebanyakan masyarakat tidak tahu dan tidak memperhatikan , bahwa pajak yang dihasilkan dari cukai rokok , sebagian dinikmati masyarakat kembali  melalui berbagai program.

Seperti yang disampaikan salah satu Pejabat RSD Darsono Pacitan dr Djohan Putranto   , Rumah Sakit Darsono Pacitan membangun sebuah Gedung Perawatan senilai 6 M , dimana  salah satu sumber anggaranya dari Pajak /Cukai Rokok .

Karena begitu manfaatnya Pajak Cukai Rokok bagi sebuah Rumah Sakit , maka Management Rumah Sakit Darsono Pacitan ikut geram terhadap pelaku bisnis Rokok yang tidak mau membayar cukai rokok / rokok ilegal.

Ciri ciri Rokok Tanpa Cukai / ilegal yang marak diedarkan di berbagai daerah.

Bahkan Direktur Rumah Sakit Darsono Pacitan dr Iman Darmawan menilai tindakan pengusaha Rokok Ilegal berdampak buruk bagi kesehatan rakyat ,  rokok ilegal pelan tapi pasti telah meracuni Masyarakat  tanpa membuat perimbangan imbal balik bagi kesehatan masyarakat.

Seperti yang disampaikan dr Djohan , bahwa  Dr Iman juga setuju  dan mendukung gerakan gempur rokok ilegal oleh Pemerintah Pacitan bersama aparat hukum yang lain.

Sekedar tambahan informasi , bahwa  sebagian pajak cukai ,sesuai ketentuan wajib dikembalikan kepada masyarakat untuk berbagai kegiatan yang diatur Negara , misalnya untuk membangun fasilitas kesehatan , rehabilitasi sosial akibat dampak  merokok dan kegiatan lain yang timbul akibat merokok...( Gustik)








Rabu, 13 Agustus 2025

KOMISI 3 DPRD  DUKUNG POLISI SIKAT PENGEDAR ROKOK ILEGAL.

KOMISI 3 DPRD DUKUNG POLISI SIKAT PENGEDAR ROKOK ILEGAL.

Anung Dwi Ristanto Ketua Komisi 3 DPRD Pacitan .

Pacitan Post. 12.08.025.
Komisi 3 DPRD Pacitan ikut geram dengan maraknya rokok ilegal yang bermunculan di toko toko kecil di Pacitan.

Anung Dwi Ristanto Ketua komisi 3 DPRD Pacitan yang tugas fungsinya juga mencakup industri dan  Cukai,  sangat mendukung upaya pemerintah daerah Pacitan untuk membasmi peredaran rokok ilegal.

Anung beralasan , peredaran rokok ilegal yang hampir semua diproduksi dari luar kota Pacitan , perlu pengawasan khusus , utamanya para supliyer yang operasinya ada dipedesaan pedesaan  Pacitan.



Komisi 3 DPRD Pacitan , dalam waktu dekat akan memanggil pihak Eksekutif utamanya Dinas Satuan Pamong Praja  ( Satpol PP) terkait langkah persuasifnya terkait Rokok ilegal

Tidak itu saja , komisi 3 juga akan mengadakan RDP dengan pihak pemangku Keamanan dan Ketertiban yang ada di Pacitan yakni Kepolisian Resort Pacitan ,sejauh mana tindakan yang dilakukan selama ini, imbuh Anung .
Contoh Rokok Ilegal yang berhasil disita oleh Satpol PP Pacitan.

Sekedar tambahan informasi ,  bahwa Rokok ilegal tidak saja merugikan keuangan daerah hasil dari Cukai , tetapi juga merugikan pembanunan Pacitan yang bersumber dari dana cukai ...( Tik)









Selasa, 12 Agustus 2025

Peringatan Kanggo Presiden ! yen milih Menteri Agama  Imane sing Apik..bola Bali korupsi isin isini Umat Islam Wae..Parah..!

Peringatan Kanggo Presiden ! yen milih Menteri Agama Imane sing Apik..bola Bali korupsi isin isini Umat Islam Wae..Parah..!


Pacitan Post 13.08.025.
Kudune' seorang Menteri Agama , Soal iman kudune' nomer siji ,  alias paling taat marang Gusti Allah , amarga jabatane  Isa diarani sebagai pemangku keimanan umat Islam  Indonesia.

Pendek kata , Perilaku menteri agama , kudu luwih apik saka, tokoh , menteri  Utawa para Pemimpin liyane , amarga embel embele' Menteri Agama adalah  Pemimpin  lan pengatur Spiritual sebuah  Negara.


Sayange' !  Presiden Republik Indonesia ,  saben saben milih Menteri Agama sing  akeh akeh ,  morale'  koyo ( mbel gedes ) , alias moral bangsat sing gawene Korupsi duite umat.

Duit Pengadaan Al Qur'an ditilep , duit pengelolaan Haji diembat lan terakhir duit Kouta Haji disikat ,info terakhir  dugaan kerugian negara akibat penyelewengan Kouta Haji meh  ( 1 ) Trilyun.

Sebagai wong Islam , ndelok morale' menteri Agama sing duwe perilaku korupsi lan nilep duite umat , seolah pingin protes marang Presiden  Republik Indonesia sing nunjuk menteri agama asal asalan , terkesan muk sekedar  bagi kue menyang kelompok tertentu.

Akibate' ! Merga penunjukan sing ora selektif , Jabatan Menteri Agama sing mestine ( Suci)  malah terbalik isin isini  , terjaring KPK , diadili lan dipenjara .

Mantan Menteri Agama  Yaqud Qolil Qoumas sing Saiki ( statuse)  lagi dicegah keluar Negeri wae '  rasa atine wong Islam Indonesia  wis koyo koyo o o..hancur lebur  , bayangake' Kiai Yaqut  bakal dipenjara , koyo Menteri Agama sak durunge sing kenek kasus pada ,Yo kui mbadog duite Umat.

Iki Kabeh pancen salahe  Presiden Republik Indonesia  , milih Menteri agama muk sekedar bagi bagi kue menyang kelompok tertentu,  tanpa seleksi moral lan keimanan sing ketat.

Presiden  Indonesia kudu belajar , kasus kasus Menteri agama korupsi / dipenjara  , kedepan kudu di Stop ,  Ojo nganti kedadean maneh , Muslim Indonesia malu berat.

Presiden Republik Indonesia kudu paham , Kiai Utawa  Tokoh sing sorbane temempel ana gulu terus menerus , urung mesti kui wong apik lan Imane kuat . 
Tokoh / Kiai / Ustad sing gelare Profesor sekalipun , uga urung mesti wong kui Imane kuat lan amanah..

Penulis usul  lan nyaranake' , (Khusus )  penunjukan jabatan menteri Agama , Ojo sekali kali ditunjuk muk sekedar menehi Jatah marang  kelompok tertentu , tapi dipilih berdasarkan Track record sing dinilai tim Presiden secara khusus,..wis pak !  ..usulku muk ngono kui  wae' ..pak Presiden...mbok gatekne' opo  ora terserah.... ...tak tinggal Sik Yo pak  aku arep ngarit ...selak udan........**
Ditulis oleh Sutikno  Direktur Pacitan Post dan  Ketua Pacitan Courruption Watch  sebagai bentuk prihatin  atas beberapa mantan  Menteri Agama Republik Indonesia yang bermasalah secara hukum ..sungguh sebuah kecelakaan moral bagi  si penjaga moral...














Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done