PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 20 Oktober 2025

Lagi trend  :  pakan wedus  dibarter  kebutuhan pokok...!

Lagi trend : pakan wedus dibarter kebutuhan pokok...!


Pacitan Post .21.01 .025.
Ditengah ekonomi sulit , Himpunan Peternak Domba Kambing Indonesia Pacitan  , gawe terobosan  ngenekne' skema pembayaran  ijol pakan.

Menurut Ketua HPKDI Pacitan Anang Setyaji ST , skema pembayaran ijol pakan dibarter Karo kebutuhan pokok sehari hari , terinspirasi kondisi ekonomi sulit ana Indonesia ,  ananging kehidupan masyarakat tetep mlaku sekalipun misale' ORA duwe duit.

Kanggo sementara Carane ' ..!
Warga masyarakat ngumpulke godong tela / batang hijau lan  disetor ke pengepul   (1 kg) diregani 500 rupiah , lantas saka pengepul dituku HPKDI 700 rupiah.

Sakteruse'  HPKDI memproses godong tela lan batang hijau dadi pakan kewan sing higienis , anti penyakit lan dikemas srana kantong plastik anti UV sing diregani 1500 rupiah per kantong plastik UV.

Sing dadi salut masyarakat Pacitan , Ternyata yen penyetor daun singkong  pingin dibarter Karo kebutuhan sehari hari ,dilayani marang HPKDI Pacitan.


Anggota DPRD Pacitan Rudi Hartoyo mengapresiasi , langkah HPKDI gawe terobosan srana  (skema ijol pakan)  sing dibarter Karo bahan keperluan pokok sehari hari.

Diharapkan skema pembiayaan model ijol pakan ora mung Ning sektor peternakan , ananging merambah menyang sektor liyane , koyo to lombok Isa dituker Karo beras , Kayu bakar Isa dituker Karo Gula lan komoditi liyane, ungkap Rudy..

Sekedar informasi , model  barter kebutuhan pokok lazim dienekne wong Urip jaman ndisik , kayu bakar dijolke gula , hasil  polowijo dibarter beras lan liyo liyone.
Yen mlaku apik skema model ,, ijol Pakan ,, bakal ditiru Warga Pacitan...Kabeh tergantung conto sing wis mlaku..

Rega Plastik UV 6000 rupiah(.tik)









Sabtu, 18 Oktober 2025

Terowongan Beracun : Jawane AREP nulung kancane, malah katut mati pisan .

Terowongan Beracun : Jawane AREP nulung kancane, malah katut mati pisan .


Pacitan Post.19.10.025.
Sakjane wis bola Bali entuk pelajaran saka berbagai kasus , Yo kui  (bab ) kerja  tukang gali sumur lan gali watu tambang ana terowongan , ancamane muk siji , ' gas beracun mematikan.

Ananging pelajaran terkait gas beracun , sering kali diabaikan , sing ngongkon kerja ORA memperhatikan lan sing kerja Yo ORA memperhatikan.

Kudune ..! pekerja ana lingkungan berbahaya koyo ngono kui kudu  duwe alat deteksi gas , ora asal mlebu sumur lan mlebu terowongan , sebab situasi udara ana Jero sumur lan terowongan , dipastikan kadar udara  saben dina beda beda.

Koyo sing terjadi ana desa Jeruk Kecamatan Bandar Pacitan , penyebabe kurang luwih Yo ngono kui , asal mlebu terowongan tambang , tanpa pengecekan udara terlebih dahulu , akhire 2  pekerja  ( Misradi ) lan Sugeng Triono pekerja  tambang watu ungkal mati Ning Trowongan.

Sing ora masuk akal kronologi kedadeane , wis ngerti  alm Misradi  wis nglempruk ORA bergerak ana lorong tambang sejauh 70 meter  , pekerja liyane ( Sikas Karo Agus) uga wis ngrasakne sesek dada , untung isih kuat metu Trowongan lan  Slamet .

Kok Iso isone ,  Sugeng Triono sing awale Eneng njobo Trowongan , Kok ujug ujug   langsung mlebu blusuk menyang Trowongan,  jare arep nulung Misradi tanpa peralatan sing memadai .

Akhire Isa ditebak , Sugeng Trionopun melu mati  terjebak gas beracun ana Jero terowongan watu ungkal sing kedalamane sekitar 70 meter .

Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro  entuk laporan musibah 2 pekerja tambang mati terjebak ana Jero tambang ,  segera mrintahake Polsek Bandar untuk evakuasi korban korban sing diduga hirup gas beracun sing umum muncul ana Jero tambang.

Evakuasi berjalan lancar , Jenazah alm Misradi lan Sugeng Triono Isa digeret menyang  njobo terowongan , lan digawa menyang Puskesmas Bandar kanggo memastikan penyebab penyebab kematian .

Cuma Kapolres pesen marang warga masyarakat , yen AREP nulung wong mati merga terjebak ana Jero terowongan /Jero sumur kudu duwe alat sing memadai , lan Ojo lali koordinasi Karo berbagai pihak...sebab nangani gas beracun iku kudu duwe alat alat khusus , tegas Kapolres ..( tik)




Jumat, 17 Oktober 2025

KEJURKAM PACITAN RAMAI..

KEJURKAM PACITAN RAMAI..


Pacitan Post.17.10.025.
Kejuaraan antar Kampung ( Tarkam) ke 3 ana Pacitan  Dina Iki ( 17/08) dibuka marang Wakil Bupati Pacitan Gagarin Sumrambah.

Sekitar 1000 undangan tumplek bleg ana Gelanggang Olah Raga Pacitan , mulai saka atlit antar sekolah , pejabat lan undangan liyo.

Miturut Turmudi Kepala Dinas Pariwisata Pacitan  , gelaran Kejurkam tahun 2025  mempertandingkan 4 Cabor antar Sekolah se Pacitan , antarane Volly Ball , Senam Pantai , Lari lan Fun Run.

Sementara Wakil Bupati Pacitan Gagarin Sumrambah , pesen marang Atlit atlit sing bakal tanding  ana Kejurkam , kudu duwe semangat tanding sing kuat , Ojo merga enek kata kata Kejurkam / Tarkam  terus ORA semangat , justru event Iki kudu digawe pelecut kanggo ningkatke Prestasi menyang jenjang sing luwih duwur , tegas Wabub.

Sedang pihak Tuan Rumah  Kemenpora , sing diwakili  Bidang Analis  Kebijakan Ahli Madya  Een  Ermawati ngaku rumangsa bangga , Kejuaraan Antar Kampung sing digelar ana Pacitan selalu penuh penonton lan selalu ramai.

Engko tak laporne pak Menpora Erick Tohir , yen Kejuaraan antar Kampung ana Pacitan selalu sukses lan dipenuhi penonton , ungkap Een.

Sekedar tambahan informasi , Kejuaraan Antar Kampung seluruh Indonesia digelar 48 kabupaten / Kota termasuk Pacitan sing digelar mulai tanggal 17-19 Oktober 2025...( Tik)







Kamis, 16 Oktober 2025

Maling Beras Mentoro awan kingko didamaikan merga mlebu Tipiring

Maling Beras Mentoro awan kingko didamaikan merga mlebu Tipiring


Pacitan Post . 18.10.025.
Maling beras sak kampluk ana dusun Duduhan Desa Mentoro wis kecekel , rencana awan Iki Kapolsek Kota Pacitan Andrea Hekso bakal mempertemukan Susi pemilik Beras lan tersangka,sing Saiki ijik ditahan ana Polsek Kota Pacitan.

Menurut  Kapolsek Andrea , jalan damai kudu ditempuh merga Rega beras sing dicolong dibawah 2,5 juta , sesuai aturan  mlebu katagori tipiring.
Saat Akad Perdamaian , Pihak Desa bakal dadi saksi , ditambah Babinsa Desa Mentoro.

Mengenai metode , Pencuri besar kudu mbalekne menyang pemilik beras , ditambah hukuman sosial , misale'  si Maling diwajibke seminggu  resik resik Masjid Utawa lingkungan Kantor Desa lan liyo liyane' 
AKBP Ayub Diponegoro dalam satu kesempatan.

Sementara Kapolres Pacitan.AKBP Ayub Diponegoro , menghimbau masyarakat saat Terduga Pencuri diberikan sangsi sosial agar diperlakukan baik , karena pada sadarnya dia mencuri karena kebutuhan ekonomi yang mendesak..

Hukuman Sosial ora mung diterapke Maling Beras ana Mentoro , tapi uga maling Rokok sing wingi uga kecekel...

Kejaba saka iku ,Kapolres mantan penyidik KPK Iki uga menghimbau marang Kabeh warga , yen ndeleh barang barang berharga , diusahakne primpen saka incaran maling, Yo pokok'e Ojo cemolong lah , jare Kapolres ..( Tik)

Rabu, 15 Oktober 2025

Guru Nelangsa : Walmur sering Arogan , status sekolahan  ( fungsine' ) koyo koyo muk sekedar  penitipan anak.

Guru Nelangsa : Walmur sering Arogan , status sekolahan ( fungsine' ) koyo koyo muk sekedar penitipan anak.

Kasek ngaplok murid merga rokok Ning sekolahan berujung di non job kan.

Pacitan Post .16.10.025.
Dadi guru jaman saiki Ojo ngarep arep dihormati , malah yen pingin slamet  lan aman saka arogansi  murid lan  wali murid , luwih becik mbina murid  semanpune wae.

Ora usah getak  , ora usah njiwit , ora  usah ngelokne' , ora usah nagih kewajiban uang pangkal lan liyo liyane'.

Sebab bocah sekolah jaman Saiki , nakale' linuwih ukur , dibentak sitik nesu ,brontak bahkan mogok sekolah.

Sing parah meneh , anake dielekne guru , wong tuwa murid mencak mencak ,bahkan gawe laporan polisi , koyo Ning Banten sing lagi viral , padahal jelas jelas siswa sengaja rokok ana lingkungan sekolah.

Kondisi sekolah jaman saiki  sama sekali ORA duwe Rega , merga arogansi sebagian wong tuwa murid sing setitik setitik memprovokasi lain main lapor polisi.

Kondisi sekolah sing sering kenek musibah , merga arogansi sebagian wali murid , ndadekne prihatin ,terutama para penggede Republik Indonesia , koyo to sing disuarakne Wakil Ketua DPR RI saka PKB Cucun Ahmad Syamsurijal.

Wakil Ketua DPR RI Cucun Ahmad Syamsurijal prihatin Sekolah jaman Saiki ora enek regane merga arogansi  sebagian wali murid /Walmur.

Cucun bahkan menggambarkan , seumpama enek siswa dididik rada keras merga nglakoni kesalahan fatal lan ora pantes , lan wali murid ngancam ngancam lapor polisi , trus sekolahan arep  dadi opo , harga dirine guru Ning Endi ? Yonan , jare Cucun Prihatin.

Bahkan Saking prihatin kondisi guru lan sekolahan sing sering banget diviralke marang arogansi murid lan Wali Murid ( Walmur) , beberapa tokoh Pendidikan Indonesia sampai omong , yen koyo mengkene terus , seolah olah Sekolahan muk koyo penitipan anak.

Guru arep  negur kesalahan murid dadi Wedi , guru AREP menehi hukuman disiplin sekolah sing dijamin undang undangpun uga Wedi , trus murid murid sesuk AREP dadi opo..? 

Wis mas Ojo ngrembuk hubungan guru lan murid , kondisi guru Saiki serba salah ,seolah guru wis ORA enek regane , Murid arep nonton film Blue , AREP klepas klepis rokok Ning sekolah , AREP gelut antar murid , Saiki guru mlaku muk sak titahe , ketimbang opo opo salah. , jare guru BK ( NS)  Ratna Juwita ...( Tik)




SOAL CEK 3 M PELAJARAN  KANGGO CEWEK CEWEK MATRE....

SOAL CEK 3 M PELAJARAN KANGGO CEWEK CEWEK MATRE....


Pacitan Post . 15.10.025.
Mbangun Trisna enek rong katagori , Siji Trisna merga sikap lan rupane , Loro  Trisna merga jabatan lan Banda donyane' .

Koyo kasus Mbah Tarman (74) sing membo membo dadi wong sugih , diduga cewek desa Jeruk Kecamatan Bandar sing umure lagi 24 tahun , ujug ujug semrintil ketika Mbah Tarman arep ngepek bojo (srana )   menehi mahar 3 Milyar.

Duit telung milyar mungguhe wong Pacitan ora setitik , srana duit telung milyar kebayang bakal Urip penak , Arep tuku mobil jenis Kijang Inova Isa  , arep bangun omah gedong Isa , AREP tuku barang brandet Isa  , wis pokok'e kebayang Urip Sarwa menak.

Sing uwis uwis , biasane pemilihan Pacar Lanang  , wong tuwek mesti Melu Melu bahkan dominan , pekerjaane opo , wong tuwane sopo lan sugihe sepiro.

Seumpama wong Lanang ketok  Drajat lan sugih tenanan , dominasi wong tuwa wedok sangat menentukan , wis  gek ayo kuwi wae , uripmu bakal menak  nduk..!  ora usah menga mengo , yen Karo kae uripmu susah ...bla...bla..

Mungkin yen didelok saka kasus Mbah Tarman sing diduga ngapusi mahar 3 Milyar , ora luwih critane koyo mengkana , terlalu matre , terlalu berharap pingin sugih lan Urip Mulya .

Perkara Mbah Tarman lan Shela , gadis asli Pacitan asal desa Jeruk Kecamatan  Bandar sing sempet viral ,  lan Saiki dadi urusan penegak  Hukum , Hikmahe' gede banget kanggo tatanan pasangan sing arep  omah omah.

Pilihan pasangan uripmu sing bener bener duwe tekad  nyenengke awakmu  srana bingkai cinta sejati , lan Ojo sekali kali milih tanding bab pesugihan pasangan , sebab Kabeh urung mesti , merga kahanan Urip  Sutradarane Gusti Allah,  mula perlu nyedak lan andap asor.

Ditulis Sutikno Pemimpin Redaksi Pacitan Post , sebagai edukasi  warga Pacitan atas pemilihan pasangan hidup , harta bukan segala galanga , Tapi aklhak lah yang paling utama...















Nekad : Awan awan maling beras , terekam cctv

Nekad : Awan awan maling beras , terekam cctv

Maling Sitok Iki tergolong nekad , awan awan maling beras ,untung terekam CCTV.

Pacitan Post , 15.10.025.
Susi pedagang cilik , ana papan Duduhan Desa Mentoro , awan awan petrek petrek beras sak kampluk  ilang.

Menurut Susi , beras dipesen saka pedagang beras  , merga ket isuk Susi sak keluarga kondangan  menyang sedulur Menadi , beras  pesenan kon ndeleh ngarep toko.

Bareng mulih Susi kaget ,  yen berase kiriman saka pedagang ora enek , Susi njajal tekok menyang pedagang sing ngeteri beras , dijawab yen berase muk dicenukne' ana ( emper ) ngarep toko.

Susi pedagang  cilik Mentoro kelangan beras  sak kampluk.

Akhire Ari ( bojone Susi) ngecek CCTV sing dipasang ngarep warung , lan ternyata ketok genah sing njupuk wong nganggo klambi Ireng topi Ireng  , umur sekitar 35 tahun.

Berbekal rekaman CCTV , Ari langsung Lapor Polisi terkait beras sing ilang , lan Polisi Pacitan pun langsung  bergerak cepet menyang Lokasi sing dipimpin  Aiptu Anton Hersatmoko sak konco.

Menurut Anton , Iki lagi laporan awal , srana berbekal rekaman CCTV lan wawancara sing duwe toko , Polisi Pacitan bakal menyelidiki kedadean , Maling Beras ana dusun Duduhan Desa Mentoro Pacitan.

Cuma Aiptu Anton pesen marang masyarakat , yen ndeleh barang sing primpen , Ojo cemolong lah pokok'e , jare Anton berharap...

Sekedar tambahan informasi , soal beras sering dideleh ana ngarep lawang pancen kebiasaan wis suwi , terutama bar ngeslepne , kebiasaan beras dicenukne' ana ngarep lawang , sesuk Ojo ngono Yo .....( Gustik)

Polisi Polsek Pacitan langsung TKP pencurian beras 




Sabtu, 11 Oktober 2025

Ben Ojo Keblelon , Mahar omah , mobil , motor ,sawah  penghulu kudu Nakoni Ojo Ojo omah sengketa , mobil cicilan dll

Ben Ojo Keblelon , Mahar omah , mobil , motor ,sawah penghulu kudu Nakoni Ojo Ojo omah sengketa , mobil cicilan dll

Temanten Viral gara gara  mahar cek 3 M.

Pacitan , 12.10.025.
Pirang pirang dina Iki ,  jagad Pacitan di hebohke'  pernikahan wong Lanang Tuwek ( 74) Karo gadis belia ( 24) srana mahar fantastis Cek senilai 3 Milyar.

Kocapo.... ! ..gara gara mahar fantastis 3 Milyar ,   pemberitaan pernikahan ( aki ) Sutarman lan ( dara)  Shela Arika dadi gempar lan kondang sak jagad donyo , meh Kabeh Media sak Indonesia Kabeh memberitakne'

Ananging ujug ujug selang sedina , pemberitaan sing awale Positif seketika  berubah dadi pemberitaan negatif , gara garane'  enek oknum menuduh manten Lanang ( Sutarman) mbleloni yen cek 3 Milyar cek kosong.

Ora mung kui  , Aki Sutarman diberitakne kabur diduga  kedok'e mulai terbongkar , sing heboh  ora mung sekedar kabur ,  Sutarman uga dituduh mlayu gawa sepeda motor wong tuwane Shela. 

Akibat berita viral secara Nasional , terpaksa Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro mudun langsung cek lokasi ana Desa Jeruk Kecamatan Bandar Kabupaten Pacitan.

Bareng Kapolres mudun De'we' , Ternyata sebagian  berita enek sing  ora bener alias hoax,  menurut Kapolres Mbah Tarman ora mlayu, tapi bulan madu menyang kampung halamane Yo kui ana Kabupaten Wonogiri Jawa Tengah.

Terkait soal cek senilai fantastis 3 M sing urung cair , Kapolres nunggu berbagai pihak sing rumangsa dirugikan , Isa pihak temanten wedok lam justru Isa saka temanten Lanang , Isa wae pak Sutarman entuk cek saka wong Liya, tegas Kapolres.

KH Baharuddin  Kepala Depag Pacitan.

Sementara saka Pihak Departemen Agama , sing Bawahi Penghulu Nikah , Melu gerah terkait temanten asal Desa Jeruk Bandar sing viral  secara Nasional sing dipicu nilai mahar 3 Milyar arupa cek.

KH Baharuddin sekaku Kepala Departemen Agama Pacitan , bakal ngumpulke Kabeh penghulu sak Pacitan  merancang solusi seumpama enek temanten sing nilai mahare arupa cek , Rumah , Kendaraan lan fasilitas liyane sing fantastis.

ISO wae  mahar arupa cek ora enek isine , Isa wae mahar omah tapi sengketa / Dudu omahe Dewe , Isa wae mahar arupa kendaraan statuse' rental , kredit lan liyo liyane' , mula  penghulu nikah kudu ngati ati , seb Mahar klebu rukun nikah, kudu clien , jelas Kakandepag Pacitan sing kari 5 sasi njabat sebagai Kepala Depag.

Sekedar tambahan informasi , temanten Viral saka Desa Jeruk Kecamatan Bandar Pacitan , yen mulus ORA ngapusi , dipastikan  klebu mahar sing paling fantastis sak Pacitan jika dinilai dari Besaran Mahar Temanten.

Sejatine Temanten asal Desa Jeruk Pacitan , ora muk masalah Besaran Mahar , ananging umur Temanten Lanang cukup adoh , Mbah Tarman umur 75 tahun ,sedang Shela Arika lagi umur 24 tahun...( Tiks)




Kamis, 09 Oktober 2025

Aneh ! jebul akeh nelayan Pacitan sing ora Isa nglangi blas..!

Aneh ! jebul akeh nelayan Pacitan sing ora Isa nglangi blas..!


Pacitan Post. 09.10.025.
Aneh tapi nyata , lingkungan kerja saben dina Ning banyu / segara , ternyata nelayan Pacitan akeh sing ora Isa nglangi babar blas.

Bahkan rata rata , kecelakaan  nelayan ana laut sing meninggal , diduga disebabne nelayan ora Isa nglangi , umpama toh Isa muk nglangi ukur ukur.

Pernah Tim SAR LSM Bhineka Bangsa Pacitan ,  ngenekne' Diklat Penanganan kecelakaan laut ana kolam renang Tirto Wening Mentoro  sing dipimpin Tim Polres Pacitan , tim Pelatih kaget nelayan asal Sudimoro  (nglangine ) muk Isa ukur ukur sing durasi nglangine muk sekitar 5 menit.

Jebul Wandi ngaku, yen rata rata nelayan Pacitan ( wa bil ) khusus nelayan Pegunungan ,  meh kabeh ora Isa nglangi sing standart , umpama toh Isa ( nglangi)  muk   nglangi ..ebek.. ebek ..sing  durasine' muk 5 menit , luwih saka kui klelep.

Kecelakaan laut Ana Pantai Wawaran Sido Mulya Kebonagung Pacitan.

Mengingat nglangi / renang iku modal dasar keahlian Nelayan ,  ana apik'e yen Kabeh nelayan Pacitan kudu Isa nglangi , nggo jaga jaga yen terjadi kecelakaan laut.

Kanggo nyikapi hal Iki , Pemerintah Kabupaten Pacitan kudu hadir , minimal BPBD , Polres Pacitan , Polairud lan sakpiturute' menehi kursus marang Kabeh nelayan Pacitan sing ora Isa nglangi.

Wis akeh korban sing kleleb ana laut amarga ora Isa nglangi , mungkin kecelakaan ana Pantai Wawaran Kebonagung salah satu sebabe' , si Korban Basuki Rahmat ( 28) ora Isa nglangi , sedang korban sijine  Abu Mahfud ( 55 )  merga Isa nglangi Isa selamat .

Kudune' secara teknis , korban Basuki Rahmat sing umure ijik enom banget ( 28) dibanding Abu Mahmud sing umure ( 55)  yen pancen Isa renang  korban Basuki Rahmat  kudune melu Slamet , tapi pancen umur lan Pati Gusti Allah sing kuasa...( Tik)












Rabu, 08 Oktober 2025

Atusan Relawan SPPG gembrudug menyang Polres Pacitan...

Atusan Relawan SPPG gembrudug menyang Polres Pacitan...

Para pendaftar Relawan SPPG dapur Pacitan mbludak ..

Pacitan Post 09.10.025.
Masiha entuk kritik wong okeh , amarga okeh siswa sing keracunan , program Makan Bersama Gratis sing dicetuske' Presiden Prabowo Subianto nalika kampanye , ternyata gawa dampak positif  luar biasa menyang masyarakat.

Utamane' bab penyerapan tenaga kerja lan pertumbuhan ekonomi usaha kecil / menengah, puluhan bahkan ratusan ribu tenaga kerja terserap sebagai relawan Satuan Pelayanan Pemenuhan Gizi /SPPG.

Bahkan sekelas daerah tingkat dua koyo Pacitan , pendaftar  sebagai Relawan SPPG Iki dina nganti mbludag , Gedung Bhayangkara Pacitan  tumpleg bleg dipenuhi pendaftar mulai  saka esuk .

Menurut Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro ,  pendaftar Relawan SPPG ana Pacitan dipusatne ana gedung Bhayangkara Polres Pacitan , Alhamdulillah  rekrutmen aman lan lancar.

Kapolres Ayub  uga omong , rumangsa trenyuh marang pendaftar Relawan SPPG , gelem antri saka esuk srana tertib lan sabar  , ibu ibu sing ijik enom ketok antusias daftar sebagai relawan SPPG ana Pacitan, muga muga akeh sing ketampa , jare Kapolres sumringah 

Sekedar tambahan informasi , program Nasional Makan  Bergizi Gratis sing dicetuske' Prabowo Subianto , pancen ora berjalan mulus , akeh lahir  kontroversi , mulai saka syistim pembayaran lan mutu menu panganan sing kadang gawe siswa keracunan.

Ananging kui Kabeh muk cobaan cilik , mayoritas menu panganan siswa lancar , bener OPO sing diomongke Presiden Prabowo , kita tetep lanjut Ojo Wedi gangguan sing jumlahe muk  seper seribu dibanding sing apik...
( Gustik)





Selasa, 07 Oktober 2025

GEMPUR ROKOK ILEGAL JANGAN CUMA SLOGAN...

GEMPUR ROKOK ILEGAL JANGAN CUMA SLOGAN...



Pacitan Post . 08.10.025.
Maraknya  slogan gempur rokok ilegal di Pacitan , tuai kritik sebagian anggota Dewan Pacitan yang menganggap slogan slogan ,, gempur rokok ilegal ,, baru sebatas slogan kosong.

Anggapan ini disampaikan oleh Rudy Hartoyo yang menganggap bahwa Slogan gempur rokok ilegal tidak diimbangi fakta lapangan yang jelas dan rutin.

Menurut legislator asal Partai Hanura Pacitan itu , kerja kepolisian dan instansi lain di Pacitan kurang rutin dan hasil nyata, harusnya seluruh kegiatan gempur rokok ilegal menghasilkan barang bukti yang signitifkan yang bisa dilihat masyarakat banyak lewat penyitaan.

Hal serupa juga disampaikan oleh Wiwit Bagong yang kini duduk di komisi 1.DPRD Pacitan, sekalipun Wiwit duduk di komisi 1 yang bukan bidangnya turut bicara masalah rokok ilegal.

Menurut tokoh asli desa Arjowinangun ini  mengatakan , bahwa bukti bukti penyitaan harus dipublis secara luas kepada masyarakat.

Selama ini masih menurut Wiwit , pihak berwajib belum pernah memusnahkan barang bukti secara signitifkan,selama ini cuma sedikit sekali barang bukti yg dimusnahkan,terang Rudi.

Sekedar tambahan informasi , bahwa pelarangan penjualan rokok ilegal dimanapun di tanah air , merupakan program penting pemerintah untuk melindungi pengusaha rokok ,warga dan petani tembakau yang berhubungan langsung dengan produksi rokok...( Tik)







Rehabilitasi paru akibat kebanyakan merokok bisa diambilkan dari dana cukai....

Rehabilitasi paru akibat kebanyakan merokok bisa diambilkan dari dana cukai....


Pacitan Post.025.
Salah satu akibat dari merokok adalah menyebabkan kanker , biasanya mengarah ke kanker paru manusia.

Dan jika itu terjadi , pasien yang terjangkit paru yang secara medis diakibatkan kebanyakan merokok dan dirawat dirumah sakit , maka sesuai prosedur bisa didanai dari Hasil Cukai yang dikembalikan ke Masyarakat.

Menurut pihak pengelola rumah sakit Darsono Pacitan yakni dr Djohan Putranto , mengatakan bahwa pasien yang terjangkit dan menyebabkan kanker , bisa dibiayai dari dana cukai yang dikembalikan ke masyarakat.

Hanya saja Dinas terkait yang mengurusi bukan pihak Rumah Sakit , tetapi bisa dari Instansi lain , misalnya Dinas Sosial Kabupaten ,Provinsi atau Dinsos Pusat.

Skema pembiayaan bagi penderita paru akibat dari pecandu rokok yang bisa  ditangani pemerintah melalui dana cukai , kebanyakan belum diketahui masyarakat.

Hal demikian akibat minimnya edukasi tentang tentang kegunaan dana cukai yang dikelola oleh pemerintah ,baik daerah maupun Propinsi.

Petani tembakau .

Itu sebabnya , LSM Bhineka Bangsa Pacitan menghimbau kepada pihak pemerintah kabupaten Pacitan banyak memberikan edukasi kepada pihak desa ,tutur Marjuki.

Marjuki yakin banyak masyarakat pengidap paru tidak mengetahui bahwa pasien bisa dibiayai dengan skema demikian.






Pernyataan Menkeu Purbaya tentang Cukai bikin petani tembakau senang.

Pernyataan Menkeu Purbaya tentang Cukai bikin petani tembakau senang.

Menkeu Purbaya janji tidak naikan pajak cukai.

Pacitan Post. 4.10.025.
Menteri Keuangan Republik Indonesia Purbaya Sadewa , bikin gebrakan tidak akan menaikkan pajak cukai rokok .

Pernyataan Purbaya tersebut, sekalipun levelnya nasional , nampaknya membuat petani tembakau di Pacitan optimis dan ada harapan untuk giat menanam kembali tembakau yang sempat berhenti.

Hal demikian disampaikan oleh tembakau Pacitan Sutikto yang selama ini mempunyai hektaran lahan tembakau di desa Mentoro Pacitan Jawa Timur.

Menurutnya dengan tidak ada kenaikan pajak  cukai  , mendorong pabrik pabrik rokok legal menambah produksinya , tentu jika pabrik menambah produksinya , maka diharapkan pembelian tembakau meningkat,ujar Sutikto.

Pernyataan Purbaya , nampaknya juga membuat pengusaha rokok di Pacitan juga sumringah , minimal penjualan rokok semakin baik , tegas Widarto.

Pengusaha Rokok  asal Barehan Sidoharjo Pacitan itu bahkan merasa optimis produksinya tambah lancar , dari yang semula 300 bal menjadi 500 bal.

Sekedar tambahan informasi , akhir akhir ini produksi rokok menurun di akibatkan penjualan rokok yang menurun drastis , bahkan perusahaan besar dari kediripun sempat diberitakan kolap .

Salah satu kolabnya pabrik legendaris tersebut yaitu beredarnya secara masif rokok rokok tanpa cukai yang lebih murah.

Yang tragis rokok rokok ilegal tersebut , konon dikemas secara rapi tidak kalah dengan rokok yang dijual secara umum...( Tik)



Kepolisian Pacitan berhasil tekan peredaran rokok ilegal.

Kepolisian Pacitan berhasil tekan peredaran rokok ilegal.

Pacitan Post.03.10.025.
Kepolisian Resort Pacitan bersama Satpol PP Pacitan , telah berhasil menekan peredaran rokok ilegal di Pacitan , yang beberapa waktu lalu sempat ramai diperjual belikan.

Menurut Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro Ashar , razia rutin lintas Instansi memberantas rokok ilegal salah satu sebab berkurangnya peredaran rokok ilegal dipacitan.

Lebih jauh Kapolres mengatakan , peran masyarakat Pacitan diminta terus memberikan informasi kepada Kepolisian jika mengetahui adanya rokok ilegal beredar di Pacitan, saya minta warga aktif melaporkan ke kami,  tegas Kapolres Ayub.

Contoh rokok ilegal yang beredar di Pacitan.

Sementara itu Pemerintah Kabupaten Pacitan mengapresiasi l, angkah tegas Kapolres dan jajaran lain yang rutin menggelar operasi peredaran rokok ilegal di Pacitan.

Hal ini dikatakan oleh Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , saya berterima kasih kepada pihak Kepolisian Pacitan dan semua pihak yang turut membantu gempur rokok ilegal dipacitan ,yang nyata nyata merugikan banyak orang tegas Bupati..( tik)



Senin, 06 Oktober 2025

Minggu, 05 Oktober 2025

Rata rata penjual Rokok Eceran tidak mengenali Rokok Ilegal.

Rata rata penjual Rokok Eceran tidak mengenali Rokok Ilegal.


Pacitan Post. 06.10.025.
Rata rata penjual Rokok di Pacitan  yang sebagian ilegal , ternyata tidak tahu kalau rokok yang dijual adalah rokok ilegal.

Salah satu penjual rokok Suprihatin  mengatakan, rokok rokok yang ditawarkan loper bareng rokok legal , jadi tidak tahu saya , wong bungkusnya juga bagus.

Lebih jauh Suprih yang punya kios di Jl Grindulu Pacitan , meminta aparat desa atau pembeli yang tahu  ciri ciri rokok ilegal memberi tahu saya , minimal biAr saya tidak kulakan rokok ilegal,ungkap Suprih.


Sementara itu , salah satu petani tembakau di Pacitan Sutikto mengaku merasa jengkel atas beredarnya rokok ilegal , karena bisa menurunkan hasil tembakau yang ditanamnya.

Tembakau saya puluhan tahun saya jual ke Pabrik langsung yang punya merk terkenal, jika peredaran rokok ilegal tidak bisa disetop ,tentu pabrik tempat saya jual pasti mengurangi produksinya ,ungkapnya.

Sekedar tambahan informasi , peredaran rokok ilegal memang sulit dibasmi , mengingat peredaran rokok ilegal dilakukan secara diam diam,melalui toko toko kecil di Pedesaan..( tiks)





Senin, 29 September 2025

Iwak Kelong ternyata diduga  mengandung Mercuri , gawe panik penjual Iwak Kelong Pacitan,Dinkes bakal koordinasi..

Iwak Kelong ternyata diduga mengandung Mercuri , gawe panik penjual Iwak Kelong Pacitan,Dinkes bakal koordinasi..

Salah satu penyebab keracunan Siswa di MBG merga mangan iwak Kelong /hiu  sing ternyata mengandung Mercuri.

Pacitan Post 30.09.025..
Kanggone wong Pacitan , iwak Kelong / Hiu merupakan  jenis iwak sing dadi favorit warga Pacitan lan sekitare selama Iki.

Ananging akhir akhir Iki , jenis iwak Kelong Utawa Hiu diberitakne  geden geden sebagai penyebab Siswa keracunan masal , sing diduga ternyata  iwak Kelong  mengandung Mercuri sing berbahaya kanggo menungsa.

Ndlalah  siswa sing keracunan , Yo kui siswa sing bar mangan menu dapur MBG saka Jawa Barat , konon saat diuji lab hasile Menu iwak Kelong / Hiu mengandung Mercuri / suatu zat kimia sing berbahaya.

Merga berita keracunan siswa luar kota keracunan massal  , konon  diakibatne bar mangan lawuh iwak Kelong , ternyata gawe was was warga Pacitan sing wis kadung   kareman / seneng mangan iwak Kelong , bahkan iwak Kelong dadi lawuh Favorit kanggone wong.
 Pacitan.

Joko Warseno penggemar iwak Kelong Pacitan,  nganggep berita siswa keracunanan iwak kelong tendensius , perlu penelitian sing Valid , opo neh wong Pacitan urung enek sing keracunan merga mangan iwak Kelong , ngapusi kui jare Joko sewot.

Sementara Kepala Dinas Kesehatan Pacitan dr Daru Mustaka Aji menghimbau Kabeh warga Pacitan utamane penggemar ikan Hiu/ Kelong ora usah panik , merga urung enek penelitian sing bener bener mengarah yen iwak Kelong Pacitan mengandung Mercuri.

Jare Ndaru , iwak segara sing daerah lingkungane bersih , ora enek pabrik ,ora enek pembuangan limbah radio aktif lan bahan kimia liyane  , iwak laute  aman saka pencemaran Mercuri lan unsur kimia liyane , biasane iwak segara sing mengandung Mercuri disebabke daerah sekitare akeh pabrik pan pembuangan limbah berbahaya ,  Pacitan kan ora enek pabrik jare Ndaru meyakinkan.

Ananging masiha pihak dinkes wis menehi garansi iwak segara Pacitan aman , ananging sebagian penjual Iwak Segara panik lan nglangut , bayangake' yen berita  njaban kutha kui menjalar teka Pacitan, OPO meneh wisatawan sing kerep tuku iwak Kelong , sing akeh wisatawan luar kota, tegas Wiwit sing bojone saben dina buruh dodol iwak Kelong ana Pantai Teluk Pacitan.

Sekedar tambahan Informasi , Ratusan siswa ana  sejumlah sekolahan ana Jawa Barat mengalami keracunan massal setelah menyantap menu MBG , diduga diakibatne menu sing nganggo lawuh iwak Kelong ....( aldino  )





Kemenag Pacitan relakan asetnya ditempati Kementrian Haji.

Kemenag Pacitan relakan asetnya ditempati Kementrian Haji.


Pacitan Post .28.09.025.
Kantor kemenag Pacitan , gelem ora gelem menehne'  tanah kidul Kantor Kemenag Pacitan( difungsikan ) kanggo Kantor Kementrian Haji & Umrah  Kabupaten Pacitan.

Menurut Kepala Kantor Kementrian Agama Pacitan H.Baharudin , sejatine status  tanah kidul Kantor Kemenag milik Kemenag , tapi gedunge' dibangun dudu saka anggaran sing diusulke  Kemenag.

Solusine kanggo sementara , Gedung Kementrian Haji & Umrah statuse  disewakan. menyang  kantor Kementrian Haji & Umrah Kabupaten Pacitan , soal rega sewane' wis enek sing ngetung  ,tegas  'H.Baharudin .

H.Baharudin Kepala Kementrian Agama Pacitan.

Ditakoni personalia sing bakal dipindah menyang Kementrian Haji & Umrah , Pria asal Blitar Iki memastikan bakal enek sing kudu pindah , minimal enek wong lima (5) sing biasa ngurusi Pelaksanaan Haji & Umrah , imbuh Baharudin.

Sekedar tambahan informasi , Pemerintahan Presiden Prabowo Subianto , terpaksa memecah antara Kementrian Agama lan Kementrian Haji & Umrah, alesane Prabowo wektu kui , sering terjadi  kesemrawutan lan kecurangan pelaksanaan Ibadah Haji .

Bahkan mantan Menteri Agama era Jokowi menteri (   Yaqud )  Iki Dina disoal KPK diduga korupsi meh 1 Trilyun , mula Presiden Prabowo memisah kementrian Haji & Umrah  didukung Kabeh warga Indonesia sing berharap pelaksanaan Haji & Umrah semakin rapi adoh saka Praktek Korupsi....( Gustik)










Sabtu, 27 September 2025

Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done